Tembung Éntar yaiku tembung kang nduweni  teges ora kaya makna saluguné (kata kiasan).Utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahe baé sinebut uga ing basa Indonesia tembang silihan (kiasan). Utawa tembung sing duwe teges ora sabenere/ ora salugune/ arti kiasan.

Tuladhané:

A
01. abang kupingé = nêsu bangêt
02. (ng)abangké kuping = gawé nêsu
03. abang abang lambé = ora têmênan, mung lêlamisan
04. abang rainê = nandhang isin (wirang)
05. adol ayu = ngêndêlake ayuné
06. adol bagús = ngêndêlaké bagusé
07. adol gawé = ngatonake pênggawéyané
08. adol kringêt = nyambut gawé
09. adol kwanèn = ngêndêlake kwanèné
10. adol krungon = golèk golèk warta/kabar
11. adol séndhé = adol barang mênyang gadhèn
12. adol umbag/umuk = akèh omongé, ning ora ana nyatané
13. adus getíh = tatuné nêmên bangêt
14. adus kringêt = nyambut gawé, abot bangêt
15. adus luh = nêmên anggoné nangís
16. akèh sandhungané = akèh alangané
17. ålå jênêngé = kurang dipêrcåyå
18. ålå kandhutané = ålå wataké
19. ålå tembungé = têmbungé kasar/saru
20. alus tembungé = kêpénak dirungokaké
21. åmbå jangkahé = bisa ikhtiyar mrana-mrana
22. apus kråmå = dibujuki/diapusi cara alus
23. asor budiné = bêbudèné ålå
24. asor yudané = kalah
25. ati dhóndhóng = atiné ålå
26. atiné ånå wuluné = atine ålå/dêngki

B
01. (m)balang liríng = nglirik mripat
02. bau suku = abdi/batur
03. bau têngên = wong kang dipercåyå
04. bêning atine = sumèh
05. (m)buang sangkal = ngilangi/mbuang apês
06. (m)bukak wadi = ngandhakaké wêwadiné
07. (m)buang tilas = nutupi tumindaké sing ålå

C
01. cagak lèk = camilan supaya bêtah mêlèk
02. cagak urip = kanggo nyukupi kêbutuhan uripé
03. cancut taliwåndå = tandang gawé
04. cangkêm gatêl = sênêng ngrasani/nggunêm
05. cêdhak umuré = gêlis mati
06. cêpak jodhone = gêlis olèh jodho
07. cêpak rêjêkiné = gampang olèh rêjêki
08. cilik atiné = kuwatir/wêdi/jirih
09. cupêt atiné = gampang nêsu
10. cupêt budiné = ora bisa nggayúh kautaman
11. cupêt jangkahé = ora biså golèk sarånå
12. cupêt nalaré = ora biså mikirake wêrna-wêrnå
13. cupêt pangandêlé = ora percåyå

D
01. dadi gawé = ngrépotaké
02. dåwå-dåwå ujå = perkårå kang ora uwís uwís
03. dåwå tangane = sênêng nyólóng jupúk
04. (n)dhêdhêr kautaman = nandur kêbêcikan
05. dhuwúr atiné = gumêdhé;sombong
06. dhuwúr pangkaté = dadi wóng pangkat/panguwasané

E
01. êmpuk rêmbugé = gunêmé énak dirungokaké
02. êntèk atiné = kêwêdèn/kuwatir bangêt
03. ènthèng sanggané = ora rêkåså
04. ènthèng tangané = cengkiling/mara tangan

  1. enthengan tangan = dhemen/seneng tetulung;seneng tandang gawe

G
01. (ng)gadho ati = gawé susah ati
02. gantung kêpuh = sandhangané ora tau ganti
03. (ng)gantung untu = sêlak kêpingin mangan
04. gêdhé atinée = tatag; ora kuwatir;bombong
05. gêdhé êndasé = sómbóng (kêmlungkung)
06. gêdhé ómónge = umúk ora ånå nyatané
07. gêdhée tékadé = ora gampang pasrah
08. (ng)gêdhèkaké pulúk = ora ånå prihatiné
09. (ng)gêgêm tangan = kêsèd nyambut gawé; meneng wae ora tumandang apa-apa
10. gilig rêmbugé = rêmbugane pasti/mêsti
11. gilig tekadé = tékadé ora bakal mundúr
12. (ng)gilud kawrúh = golèk ilmu kanthi mêmpêng
13. golèk slamêt = ati-ati supaya, ora cilåkå
14. golèk uríp = nyambut gawé nggo nyukupi butuhé

I
01. idu gêni = omongan tansah kêlakon;omongane mandi
02. ilat mati = ora bisa ngrasakaké
03. ilang klilipé = ilang mungsuhé

J
01. jåkålårå = rikålå nóm-é rêkåså
02. jêmbar dhadhané = sugíh pangapurå; sabar bangêt
03. jêmbar kawruhé = akèh ngilmuné
04. jêmbar kuburé = mlêbu swarga
05. jêmbar polatané = sumringah
06. jêmbar sêgarané = sugih pangapura; sabar
07. jêro kawruhé = akèh ngilmuné; pintêr

 

K
01. kådålu warså = kasèp; wis kliwat
02. kandel kulité = digdåyå; sêkti
03. kandel kupingé = ora nggugu pitutúr;ndableg
04. kaku atiné = tansah ora sarujuk/sulåyå
05. kasar têmbungé = têmbung saru
06. katon dhadhané = wani adu arêp
07. kêgugah atiné = sadar/élíng
08 kêlèpètan ålå = katut ålå
09. kêmbang lambé = tansah digunêm kêbêcikané
10. kakèhan tangan = kakèhan sing nyandhak; akeh sing tandang gawe
11. kêmbang uríp = lêlakone wong urip wêrna-wêrna
12. kêna tinênga-tênga = kêna disambati
13. kêncêng karêpé = kêkarêpane kudu kêturutan
14. kêncêng tékadé = tékadé ora bakal mundúr
15. kulak wartå = golèk kabar/wartå
16. kuwat drajat = cocok dadi pêmimpin/panguwåså
17. kuwat isín = mblêbês ora isinan
18. kuwat mangan = mangané akèh

L
01. lambé tipís = criwis/akèh omongé
02. landhêp dhêngkul = kêthul bangêt
03. landhêp pikirané = pintêr bangêt; gampang ngêrti
04. lårå ati = sêrík atiné
05. lårå ayu = lårå cacar
06. lårå owah = édan; gêndhêng
07. larang pangan = pacêklík
08. lóbók atiné = sabar
09. luhúr budiné = kêlakuane bêcík/apík
10. luhúr drajaté = dadi wong pangkat/panguwåså
11. lurús lakune = jujúr
12. lumah tangan = ora gêlêm cawé-cawé
13. lunyu ilaté = gunêmé méncla-ménclé

 

M
01. manís èsêmé = èsêm ngrêsêpakaké ati
02. manís rêmbugé = guneme nyênêngaké ati

03. mangan ati = susah
04. mårå tangan = sênêng gawé lårå/milårå
05. måså bodhoå = pasrah
06. måtå dhuwitan = srakah marang dhuwít
07. måtå loro = mangro tingal
08. matèni pangané = gawé ilang panguripané
09. matêng kawruhé = mumpuni; kawruhé wis tutúg
10. matêng rêmbugé = gunêmé wís disarujuki
11. mati sandhang pangané = ilang dalané golèk panguripané
12. mati rågå = prihatin; tåpå, tirakat
13. mêdhót dalan = ora ditêrusaké
14. métani luputé = nggolèki salahé
15. mêrês kringêt = nyambut gawé mêmpêng
16. mêrês pikír = têmênan anggone mikiraké
17. mogèl ilaté = mangan sing sarwa énak
18. mógól sinauné = ora tutúg sêkolahé
19. murang tåtå = kurang ajar, ora duwé dugå

 N
01. nandhang sungkåwå = lagi susah
02. nandur kêbêcikan = gawé kêbêcikan
03. ngadu wulêding kulít = adu kêkuwatan
04. ngangsu kawrúh = golèk ngèlmu/mêguru/sekolah
05. ngatonaké siyungé = nuduhake kêkuwatané/ kuwanèné
06. ngatonake dhadhané = umúk, sumbar
07. ngêkêp dhêngkul = nganggur ora nyambut gawé
08. ngêndhalèni håwå napsu = nyêgah kêkarêpan ålå
09. ngêpuh kringêt = nyambut gawé mêmpêng
09. ngêmut driji = ora oleh åpå-åpå
10. nyolok måtå = kêtårå banget

O
01. olèh ati = disênêngi
02. olèh gawé = kalêksanan
03. olèh wirang = kisinan
04. olèh lårå = kalaran
05. ora duwé ati = kuwatir bangêt, wêedi
06. ora mêlèk = ora ngêrti
07. ora ngundhuh = ora oleh åpå-åpå 

P
01. padhang dalan = mlêbu swargå
02. padhang håwå = lair ing donyå
03. padhang langité = sênêng
04. padhang pikiré/atine = lêga sênêng
05. padhang ulaté = sumèh
06. pait gêtiré uríp = warnå-warnå lêlakoné wong uríp
07. paít lêlakoné = uríp rêkåså
08. panas atiné = nêsu bangêt
09. pêcah pamóré = wís ngancík diwåså
10. pêcah pikír = wiwít biså golèk srånå
11. pêdhês rêmbugé = gunêmé gawé sêrík
12. pêrih atiné = susah bangêt
13. pêtêng atiné/pikiré = susah
14. pinggêt atiné = sêrik
15. pulíh gêtihe = pak-puk, ora kalah ora mênang
16. puput yuswå = mati, sédå

R
01. rai gêdhèg = ora duwé isín
02. (ng)rênggå pråjå = njågå negårå
03. (ng)renggå salirå = dandan/macak
04. runtúh atiné = tuwúh wêlasé
05. rupak atiné = cugêtan/ora gampang ngapurå
06. rupak jagadé = judhêg; ora bisa mrånå-mrånå

S
01. sabuk gêlang = sawahé akèh bangêt
02. sêpi kawruh = bodho/ora duwé ilmu
03. sêpi pamríh = ora duwe pamríh
04. sêrêt rêjêkiné = ora gampang golèk rêjêki
05. sêsak dhadhané = mangkêl/anyêl
06. sumpêg atiné = susah/sêdih

T
01. tadhah kålåmångså = dipangan
02. tadhah udan = lirangan gêdhang síng dhuwúr dhéwé
03. tatu atiné = sêrík bangêt
04. tanpa tilas = êntèk blas
05. tipís lambéné = criwis, sênêng nggunêm wóng liyå
06. thukúl pikiré = nduwé akal
07. thukúl turuné = nduwé anak

U
01. udan tangis = akèh síng pådhå nangisi
02. ulat pêtêng = katon nêsu
03. ulat manís = sumèh
04. utang lårå = tau nggawé laran wóng liyå
05. utang nyåwå = tau nggawe patine wóng liyå
06. utang pati = tau nggawe patiné wóng liyå
07. utang wirang = tau nggawe wirangé wóng liyå 

W
01. walang ati = sumêlang/kuwatír
02. wani mati = nékad/kêndêl bangêt
03. wani silit wêdi rai = ora wani têrang-têrangan
04. wêtêng kadit = drêmba/ora tampikan
05. wêtêeng karèt = panganané akèh
06. wêdi gêtíh = jiríh/ora wani
07. wêdi kangèlan = lumuh/kêsèd

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *