Ukara Camboran (kalimat majemuk) yaiku ukara sing dumadi saka rong ukara lamba utawa luwih kang digandeng dadi siji. Lumrahe migunakake tembung pangiket kayata: lan, nanging, mulane, utawa tandha koma ( , ).
Dene wujude kaya ing ngisor iki :
1. Ukara Camboran Sadrajad (Kalimat Majemuk Setara)
Ukara camboran sejajar yaiku ukara camboran kang dumadi saka rong ukara lamba utawa luwih. Tembung panggandeng kang di anggo kayata: lan, nanging, dene, lsp.
Tuladha:
- Santi rambute dawa denerina rambute brintik.
- Ibu lanbapak tindak dhateng daleme simbah.
- Pak Guru sampun rawuh nangingsakmenika saweg rapat.
2. Ukara Camboran Sungsun (Kalimat Majemuk Bertingkat)
Ukara camboran susun yaiku ukara camboran kang dumadi saka rong ukara utawa luwih, nanging ukara sing siji dadi katrangan ukara liyane. Ukara kapisan minangka ukara baku (kalimat inti), dene ukara kapindho minangka ukara pang (anak kalimat). Tembung panggandheng kang di engggo kayata: amrih, supaya, amarga, awit, jalaran, mula, mulane, lsp.
Tuladha:
- Aku sregep sinau amrih bisa kasembadan gegayuhanku.
- Aku kudu sregep sinau supaya aku entuk biji apik.
- Dina iki Darno ora mlebu sekolah amarga sikile kesleo.
- Aku tansah mbangun miturut marang wong tuwaku awit wong tuwaku wakile Gusti.
- Dina Senin wingi aku ora mlebu sekolah jalaranaku melu upacara ing kecamatan.
- Darno kesed sinau mula ora munggah kelas
3. Ukara camboran raketan (kalimat majemuk rapatan)
Ukara camboran raketan yaiku ukara kang salah sijining kalungguhaning tembung dikandhakake sapisan utawa ora dibaleni.
Ukara camboran raketan wujude ana 4, yaiku:
- Ukara camboran raketan jejer Yaiku ukara camboran kang jejere dikandhakake sepisan
Tuladha :
- Sukirna sawise sarapan banjur pamitan bapak lan ibune nuli mangkat sekolah
- Prabowo wetenge lara, ora mlebu sekolah
2. Ukara camboran raketan wasesa Yaiku ukara camboran kang wasesane dikandhakake sepisan
Tuladha :
- Bapak nitih sepur, mitrane bis.
- Mbakyu Ayuk nyapu latar, aku ngomah, adhiku pawon.
3. Ukara camboran raketan lesan Yaiku ukara camboran kang lesane dikandhakake sepisan
Tuladha :
- Ibu mundhut iwak lele, aku sing mbetheti, dene adhiku sing nggoreng.
- Bapak sing nulis layang, aku sing ngamplopi, mbakyuku sing ngalamati lan masang prangkone.
4. Ukara camboran raketan katrangan Yaiku ukara camboran kang katrangane dikandhakake sepisan
Tuladha :
- Ibu mundhut sandhal ing toko Matahari, aku tuku sepatu, dene adhiku “mandi bola”
- Wingi esuk Sundari mlaku-mlaku menyang alun-alun, Rosita mlayu-mlayu ing Kridhasana.
4. Ukara camboran sungsun (Kalimat Majemuk Bertingkat)
Ukara camboran sungsun yaiku ukara camboran kang salah siji kalungguhaning tembunge diganti utawa dirowakake kang banjur sinebut gatra
Ukara camboran sungsun wujude ana 4, yaiku :
1). Ukara camboran sungsun gatra jejer
Yaiku ukara camboran kang jejere dirowakake
Tuladha:
– Murid kang dadi juara kelas nampa hadiah (Ngasriati nampa hadiah)
– Sing sapa nerak pranataaning sekolah diukum (Pratono diukum)
– Kangmase Bapak kang daleme Magelang rawuh (Pakdhe rawuh)
– Adhine Bapak kang dadi guru rawuh (Paklik rawuh)
2). Ukara camboran sungsun gatra wasesa
Yaiku ukara camboran kang wasesane dirowakake
Tuladha :
– Mbah Sarman kae pakaryane padinan dol tinuku raja kaya. (Mbah Sarman kae blantik)
– Langite peteng ndhedhet prantandha arep udan (langite mendhung)
3). Ukara camboran sungsun gatra lesan
Yaiku ukara camboran kang lesane dirowakake
Tuladha:
– Purwoto lagi angon kewan kang dadi pangupa jiwane. (Purwoto lagi angon bebek)
– Pak Gunawan ndandani kendharakan rodha loro nganggo mesin kanggo lelungan (Pak Gunawan ndandani sepedha motor)
4). Ukara camboran sungsun gatra katrangan
Yaiku ukara camboran kang katrangane dirowakake
Tuladha:
– Sapine digawa Beja menyang papan kanggo dol tinuku sapi
(Sapine digawa Beja menyang pasar pon)
– Nalika aku arep budhal sekolah adhiku lara weteng
(mau esuk adhiku lara weteng)