Petruk pingget atine nyawang negara Ngamarta saya suwe ora dadi apik nanging malah saya rusak.
Pingget atine tegese dudu atine pingget nanging lara ati utawa ora seneng. Tembung kang tegese ora salugune ngene iki diarani tembung entar.
Gladhen
Tembung entar ing ukara iki tegesna !
- Bareng oleh pangalem saka panggedhene , Tono gedhe atine. Gedhe atine tegese ………………………………………………………………………………………………
- Mikirake anake sing angel ditata, Pak Karto mangan ati. Mangan ati tegese ………………………………………………………………………………………………
- Sawise oleh katrangan saka Pak Lurah bab mumpangate pendhidhikan Pak Suto padhang atine banjur gelem nyekolahake anake. Padhang atine tegese …………………………………………………………………………………………
- Amarga diunen-uneni bulike, Ani banjur pingget atine mula nganti saiki ora gelem dolan ing daleme bulike. Pingget atine tegese ………………… ………………………………………………………………………………………………
- Pak Krama entek atine bareng dikandhani yen putrane kacilakan. Entek atine tegese ………………………………………………………………………………………….
- Sari kae lobok atine mula angel nesune. Lobok atine tegese …………………..…………………………………………………………………………..
- Mbak Ririn kae bening atine ora tau duwe ulat peteng. Bening atine tegese ………………………………………………………………………………………………….
- Putrane Pak Marno ditugasake ing Aceh, mula Pak Marno cilik atine amarga akeh prajurit TNI kang dadi korban. Cilik atine tegese ………………………………………….
- Tuti kae cupet atine Perkara sepele wae dadi uring-uringan. Cupet atine tegese ………………………………………………………………………………………………
- Bocah sing dhuwur atine ora disenengi kancane. Dhuwur atine tegese …….…………….. ……………………………………………………………………………………