KERATA BASA
Kerata Basa uga diarani jarwa dhosok. kerata tegese udhar utawi ngudari. Kerata Basa tegese tetembungan sing diudhari utawa dipirit,nanging mathuk karo kekarepane. utawa Kerata Basa yaiku negesi tembung manut pepiridane wandane.
Tuladha : Pak Triman lan garwane, Bu Triman lagi ngrembug bab putrane pambarep
Tembung “garwa” yen dikerata dadi “sigaraning nyawa”,
tebu dikerata antebing kalbu,
tepas dikerata titip napas.
Daftar Tembung Kerata Basa :
1. Anak : karep apa-apa kudu ana lan enak.
2. Bapak : bab apa-apa pepak.
3. Batur : embat-embating tutur
4. Bocah : mangan kaya kebo, gaweyane ora kecacah.
5. Brekat : dideleh mak breg terus diangkat.
6. Cangkem : yen ora dicancang ora mingkem.
7. Cangkir : kanggo nyancang pikir.
8. Cengkir : kencenge pikir.
9. Denawa : ngeden hawa ngumbar hawa nepsu.
10. Dhesember : gedhe-gedhene sumber.
11. Dhalang : ngudhal piwulang.
12. Dongeng : dipaido ora mengeng.
13. Garwa : sigaraning nyawa.
14. Gedhang : saged padhang, digeged bar madhang.
15. Gelas : yen tugel ora bisa dilas.
16. Gerang : segere wis arang-arang.
17. Guru : kena digugu lan ditiru.
18. Gusti : bagusing ati.
19. Januari : huja sehari-hari.
20. Kaji : tekade siji.
21. Kathok : diangkat sitok-sitok.
22. Kodhok : teka-teka ndhodhok.
23. Kotang : sikute diutang.
24. Krikil : keri ing sikil.
25. Kuping : kaku njepiping.
26. Kupluk : kaku nyempluk
27. Kurma : nggedhekake rasa sukur lan narima.
28. Kursi : yen diungkuri banjur isi
29. Lemper : dialem ya memper
30. Ludruk : gulune gela-gelo, sikile gedruk-gedruk.
31. Maling : njipuk amale wong sing ora eling.
32. Mantu : dieman-eman meksa metu
33. Maratuwa : mara-mara ketemu tuwa.
34. Nopember : ana sumber.
35. Oktober : untub-untube sumber.
36. Pebruari : yen mepe mburu ari.
37. Piring : yen wis sepi miring.
38. Prawan : yen pepara (lelungan) kudu wayah awan.
39. Saru : kasar lan keliru.
40. Sajadah : sejane ngibadah.
41. Sega : yen wis ngangseg lega.
42. Sejarah : sejan ngarah (yen dina riyaya/idul fitri)
43. Sekuter : sambi sedheku mlayu banter.
44. Sepuh : sabdane ampuh.
45. Sepur : asepe mendhuwur.
46. Simah : isine omah.
47. Sinom : isih enom.
48. Sirah : isine rah.
49. Siti : isine bulu bekti.
50. Sopir : yen ngaso mampir (ing warung).
51. Sruwal : saru yen nganti uwal.
52. Sulap : yen kesusu bakal ketilap.
53. Tandur : nata karo mundur.
54. Tapa : tatane kaya wong papa.
55. Tarub : ditata supaya katon murup.
56. Tayub : ditata supaya katon guyup.
57. Tebu : antebe kalbu.
58. Tepas : titip napas.
59. Tuwa : untune wis rowa, ngenteni metune nyawa.
60. Wanita : wani ditata, wani mranata.
61. Wedang : ngawe kadang.
62. Wedhus : suwe ora tau adus.
63. Weteng : ruwet tur peteng.