KERAJINAN KAYU BLORA
Kabupaten Blora wis kawentar ing papan ngendi wae menawa dhaerah iki gudhange gudhange kayu jati. Pranyata bener sebab tlatah iki ing sadhengah panggonan ana wit jatine, jati alas apadene jti sing ana ing kebonan. Mula ora aneh yen ing Blora wewangunan apa wae migunakake bahan baku saka kayu jati, wiwit omah, perabotan omah, nganti barang-barang hiasan liyane.
Kanthi anane kerajinan kayu mangkene iki pranyata bisa kanggo nambah wulu pamentu pendhudhuk. Sasuwene iki kearajinan kayu ing Blora akeh-akehe diayahi dening wong-wong tuwa. Saeba apike menawa manawa sing ngayahi uga wong-wong enom, bocah cilik, lanang wadon kang nduwe keprigelan ing babagan ngolah kayu saengga dadi saya ngrembaka.
Sasuwene iki kerajinan kayu saka Blora dipasarake ing kutha-kutha sakiwa tengene saengga durung bisa ngundhakake Pendapatan Asli Daerah ( PAD ). Mula saka iku perlu bimbingan saka pemerintah supaya mutune luwih apik lan variasine werna-werna sarta bisa ngambah pasaran nasional apadene internasional. Semono uga perajin yen perlu uga ditambah modhale supaya perusahaane saya gedhe kang tundhone bisa dadi barang-barang ekspor.
Luwih prayoga yen para perajin gelem merlokake styudi banding menyang dhaerah liya kaya ta : Jepara, Kudus, Solo, utawa Bali. Kerajinan kayu saka Jepara wis dadi bahan ekspor, mula wargane akeh kang pakaryane sadina-dina ngolah kayu, tuwa enom, gedhe cilik. Mula dhaerahe bisa ngundhuh keuntungan sing gedhe nambah asile dhaerah saengga dadi dhaerah maju. Semono uga Solo senajan adoh alas lan kayu nanging akeh perusahaan kayu, mebel malah kepara sinebut sentral industri mebel kang bisa nyedhot tenaga kerja kang akehe nomer loro sangisore industri tekstil.
Ing Blora sentra industri kerajinan tangan ana ing Jepon lan Jiken. Wiwit saka industri rumah tangga nganti perusahaan gedhe. Malah ing dhaerah Jepon sisih wetan dibangun papan kanggo dodolan maneka warna kerajinan tangan saka Blora.
Wangsulana pitakon ing ngisor iki !
- Ngapaa Blora sinebut gudhange kayu jati ?
- Kanggo apa wae kayu jati ing Blora ?
- Kerajinan kayu Blora durung dikenal ing mancanegara apa sebabe ?
- Para pengrajin kudu oleh bimbingan lan tambahan modhal saka sapa ?
- Dhaerah Jepara lan Solo luwih maju kerajinan tangane, kepriye larah-larahe ?