Tembung “pepindhan” asale saka tembung “pindha” karangkep purwane lan oleh panambang an.

Pindha ateges  kaya, lir, kadya, pendah.

Sing diarani pepindhan yaiku unen-unen kang ngemu surasa pepadhan, irib-iriban, emper-emperan.

Tuladha :

  1. Grana rungih pindha kencana pinatar, Tegese irung kang cilik bangir meleng-meleng kaya emas(kencana) kang dielus.
  1. Tandange kaya jangkrik mambu kili. Tegese polah tingkahe usreg kaya jangkrik yen dikileni supaya galak.

Ukara-ukara ing ngisor iki ganepana supaya dadi pepindhan !

  1. Kulite kuning pindha ………………………………………………………
  2. Bocah sakloron iku rupane pindha ……………………………………….
  3. Para prajurit ing palagan tandange gegirisi kaya ………………………
  4. Buta sagunung anakan iku swarane kaya ………………………………
  5. Wong iku amarga saking bingunge polahe kaya………………………..
  6. Bocah wadon iku sing becik ruruhe kaya ……………………………….
  7. Wong jejodhohan iku biasaa kaya………………………………………..
  8. Wong iku anggone sesumbar kaya ………………………………………
  9. Warna putih kumpul padha putih  kaya ………………………………….
  10. Kenya ireng manis iku anggone joged kaya ……………………………

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!