Iklan yaiku Paring pangertosan dhateng masyarakat umum, kanthi ancas utawi tujuan nawakaken barang utawi produk. Saged gambar utawi boten.
Iklan saged kagiyaraken lumantar media elektronik, kadosta : radio, televisi, internet, lsp.
Iklan ugi saged ugi kagiyaraken lumantar media cetak, kadosta : kalawarti, ariwarti, lsp.
Panulisan iklan ingkang sae inggih punika kedah :
– Jelas, cekak aos.
– Nuwuhaken greget, lan nyengsemaken.
– Dipunkantheni gambar supados narik ati.
– Boten damel rugi produk sanes/pihak sanes
Tuladha Iklan :
Wangsulana pitakon ing ngisor iki !
- Apa kang diiklanake ?
- Apa isine sing diiklanake iklan sing nomer 2 ?
- Ing ngendi warunge lan kapan bukake ?
- Kepriye carane supaya wong kepencut marang panganan kang diiklanake?
- Apa pethingane (istimewane) bakso kang diiklanake ?