Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Ratu Bel Geduel Beh”

Assalamualaikum Wr.Wb

Selamat bertemu kembali  dengan saya di Blog Dwija Gumilar “Nguri-uri Basa Jawa”.

Anak-anakku,siswa-siswi dan para pecinta Bahasa Jawa, pada kesempatan kali ini kita akan bersama-sama membahas Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Ratu Bel Geduel Beh”.

RATU BEL GEDUEL BEH

Nalika lagi wae lulus kelas VI aku lan kanca-kancaku nonton acara perpisahan ana ing SMP cedhak sekolahanku. Tekan SMP acarane lagi wae wiwit, tari gambyong wis tekan tengah-tengahan mula ora suwe tari gambyong mau rampung. Aku lan kanca-kancaku kepingin banget nonton pentas wayang wong nanging isih kudu sabar dhisik amarga isih ana acara-acara sing kudu diliwati. Acara siji mbaka siji diliwati nanging aku ora pati ngerti jalaran aku seneng nyawang bocah-bocah sing  arep pentas wayang wong kang lagi siap-siap arep pentas. Ana sing bocahe gendhut didadekake Semar, sing kuru didadekake Gareng lan sing liya-liyane aku ora paham.

 Atiku seneng nalika pambyawara nggiyarake yen pentas wayang wong arep kawiwitan kanthi lakon Ratu Bel Geduel Beh. Pambyawara banjur nepungake paraga wayang wong mau siji-siji, aku ora kelingan jenenge siji-siji nanging aku kelingan sing dadi Semar bocahe lemu lan gawe ger-geran nalika lagi wae metu. Lan sing ora kalah lucune nalika bocah sing dadi anake petruk metu, para tamu undhangan ngguyu kepingkel-pingkel.

Aku ora  ngerti babar pisan sapa ta Ratu Bel Geduel Beh iku. Aku nggatekna  tenanan kepriye ceritane. Sing metu pisanan jebul petruk. Petruk pingget atine nyawang Negara Ngamarta saya suwe ora dadi apik nanging malah saya rusak. Para kawula nandhang sengsara. Petruk kepengin banget labuh Negara Ngamarta supaya enggal-enggal dadi apik. Petruk banjur nenepi ana alas. Sajroning nenepi dirawuhi Bathara Narada, banjur paring srana arupa pusaka lan busana ratu supaya petruk ngowahi Negara Ngamarta dadi apik.

Petruk banjur nganggo busana paringane Bathara Narada mau lan ganti jeneng Ratu Bel Geduel Beh. Lha aku lagi paham yen Ratu Bel Geduel Beh iku sejatine Ptreuk sing lagi dadi nyamar laku. Ratu Bel Geduel Beh banjur ngrebut Negara Ngamarta. Werkudara, Janaka, Nangkula lan Sadewa sing sekti mandraguna ora bisa ngalahake Ratu Bel Geduel Beh amarga pinaringan pusaka sekti saka Bathara Narada. Mula Bel Geduel Beh dadi ratu ing Ngamarta. Dasar pancen sejatine Petruk kok dadi ratu mula bebasan “kere munggah bale”, banjur ngaji mumpung, sapa sira sapa ingsun, njaluk apa-apa lan kabeh kudu diladeni lan apa-apa kudu dituruti.

Lha Dewi Ambarawati bingung atine amarga nggoleki Petruk sing ora bali-bali. Dheweke takon marang Gareng lan Bagong nanging Gareng lan Bagong uga ora weruh menyang endi lungane Petruk. Nalika isih padha bingung jebul Semar teka banjur ditakokna menyang endi lungane Petruk. Semar banjur migunakake aji-aji penerawangan, Semar pirsa dununge Petruk, nanging ora dicethakake.

Gareng lan Bagong diprentah Semar supaya nglarapake Dewi Ambarwati lan anak-anake menyang negara Ngamarta. Gareng diparingi pusaka kanggo srana baline Petruk. Tekan Ngamarta Gareng,Bagong,Dewi Ambarwati lan anak-anake klakon ketemu Ratu Bel Geduel Beh iku sejatine Petruk, nanging Petruk ora gelem ngaku. Ratu Bel Geduel Beh ditamani pusaka paringane Semar sanalika malih dadi Petruk.

Semar rawuh ora tega marang anak-anake:” lae lae,mbregegeg ugeg-ugeg sadulita hemel-hemel. Thole,gareng lan kowe Bagong aku ora negakake kowe,atiku melang-melang bebasan ninggal bay ana sapinggiring blumbang,mula kowe daktututi tekan kene.” Ngerti Semar teka Werkudara banjur protes, “Semar!,Petruk,anakmu,pancen kurang ajar!. Banjur diarih-arih  Puntadewa, “wis, Dhi sing uwis ya uwis. Semar rumangsa luput banjur nyuwun pangapura kanggo petruk, “Ndara Punta, kula nyuwun aksama dene anak kula pun petruk kumawantun nglengser kalenggahan paduka. Puntadewa kang kagungan watak sabar banjur ngendika, “Kakang Semar, Petruk sampun ingsun paringi aksama, lajeng wonten kahanan kados mekaten menika saenipun kados pundi, Kakang Semar?” Semar banjur paring wejangan kaya mangkene : “Saenipun tiyang menika kedah mangertos jejibahanipun piyambak-piyambak, sampun ngantos kemeren kaliyan liyan. Menawi jatahipun Bagong inggih Mbagonga ingkang sae, yen jatahipun Petruk inggih Metruka ingkang sae, sampun kemeren kepingin dadi ratu malah mbubrahake kahanan. Menawi sedaya sampun nindakaken jejibahanipun piyambak-piyambak kanthi sae insya Allah Negari Sukerta Negara Ngamarta enggal badhe ical lan dados negari ingkang gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja.

Sawise Semar paring wejangan pentas wayang wong dipungkasi. Aku lan kanca-kancaku mulih, sajroning batinku yen mbesuk ditampa sekolah ing kene arep melu dadi wayange wong.

Untuk download materi, klik gambar di bawah ini :

UNDUH DISINI [BUDIARIANTO.WEB.ID]
UNDUH DISINI [BUDIARIANTO.WEB.ID]

Demikian tadi sedikit pembahasan tentang Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Ratu Bel Geduel Beh”, semoga bermanfaat bagi kita semua dan semoga bahasa jawa tetap lestari sepanjang masa. aamiin….

Anda Juga Bisa Membaca Materi Lainya :

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Araning Panggonan Lan Anak Kewan”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Balada Kleting Kuning”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Basa Karma Alus”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Bocah Sukerta”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Cangkriman”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Dina Lan Pasaran”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Rangkep, Sasmitaning Tembang Macapat, Araning Papan Dll”

Materi Pelajaran Kelas VII Semester Gasal

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Mbenerake Panulisan Kang Luput”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Ratu Bel Geduel Beh”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Sasmita Tembang Macapat”

Soal Ulangan Harian Kelas 7

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Entar”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Rangkep”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Saroja”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Yogaswara”

18 thoughts on “Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Ratu Bel Geduel Beh””

Tinggalkan Balasan ke 5 Ways to Relieve Migraine Headaches Naturally! | Alternative Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!