Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Cangkriman”

Assalamualaikum Wr.Wb

Selamat bertemu kembali  dengan saya di Blog Dwija Gumilar “Nguri-uri Basa Jawa”.

Anak-anakku,siswa-siswi dan para pecinta Bahasa Jawa, pada kesempatan kali ini kita akan bersama-sama membahas Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Cangkriman”.

Cangkriman

Cangkriman iku unen-unen kang kudu dibatang kekarepane. Cangkriman iku kaperang dadi papat :

  1. Cangkriman kang awujud wancahan 

Tuladha : 

a. Pakboletus = tipak kebo lelene satus.

b. Burnaskopen = bubur panas kokopen.

c. manuk biru = pamane punuk bibine kuru

d. tuwok ranan = utune krowok larane ora karuwan

e. tuwan sinyo = untune kedawan gusine menyonyo

f. segara beldhes = segane pera sambele pedhes.

  1. Cangkriman kang awujud pepindhan

Tuladha  

a.  Pitik walik saba dhadhah =   nanas

b.  Sega sakepel dirubung semut =   salak.

c.   emboke dielsu-elus anake diidak-idak = andha

  1. Cangkriman kang ngemu surasa blenderan

Tuladha :

  1. Wong adol krambil dikepruki ( sing dikepruki dudu wonge nanging krambile).
  2. Wong mincing ning kali ora oleh polisi ( Wong mincing ning kali oleh  iwak )
  3. Lawa lima kalong telu dadi pira? Dadi wolu
  4. Ana tulisan arab macane saka ngendi? Saka alas
  5. Pak kaji lagi sholat,ana asu ndilat sikile batal ora sholate? Ora sebab ndilat sikile dhewe.
  6. Ana kuthuk dilebokake kandhang sing rapet,dipakani saben dina. Bareng setahun kuthuk iku ilang neng endi ) dadi pitik
  7. Dijupuki malah mundhak gedhe = jugangan
  8. Tibane ngisor digoleki dhuwur = gentheng trocoh.
  9. Dicokot bongkote sing kalong pucuke = rokok
  10. Bosok malah enak = tape.
  1. Cangkriman kang sinawung ing tembang

Tuladha :

Bapak pocung rupne saengga gunung,

Tan ana kang tresna,

Kabeh uwong padha gething,

Yen kanggonan dilus-elus tinangisan.  (Udun)

Batangen cangkrimanku

Gembung gilig ganggo tali dhadhung

Rada aneh jalaran mukanya kalih

Yen mrentah kudu den turut 

Nora manut dadi awon ( kendhang )

Ing ngisor iki golekana batangane lan klebu cangkriman apa ?

  1. Karwapete  = cikar dawa tipete ( wancahan )
  2. Suta iku wis anguk-anguk kubur = wis arep mati ( blenderan )
  3. Lesbadhonge = tales amba godhonge ( wancahan)
  4. Embokne wuda anake tapihan = bung/pring ( pepindhan)
  5. Surles penen, suring muten = susur teles pepenen,susur garing muten (wancahan)
  6. Wong wudunen iku sugih pari = paringisan ( blenderan)
  7. Wong adol  tempe dibunteli = sing dibunteli tempene dudu wonge ( blenderan)
  8. Yen abang mlaku yen ijo mandheg = obat nyamuk ( blenderan)

Untuk download materi, klik gambar di bawah ini :

UNDUH DISINI [BUDIARIANTO.WEB.ID]
UNDUH DISINI [BUDIARIANTO.WEB.ID]

Demikian tadi sedikit pembahasan tentang Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Cangkriman”, semoga bermanfaat bagi kita semua dan semoga bahasa jawa tetap lestari sepanjang masa. aamiin….

Anda Juga Bisa Membaca Materi Lainya :

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Araning Panggonan Lan Anak Kewan”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Balada Kleting Kuning”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Basa Karma Alus”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Bocah Sukerta”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Cangkriman”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Dina Lan Pasaran”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Rangkep, Sasmitaning Tembang Macapat, Araning Papan Dll”

Materi Pelajaran Kelas VII Semester Gasal

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Mbenerake Panulisan Kang Luput”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Ratu Bel Geduel Beh”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Sasmita Tembang Macapat”

Soal Ulangan Harian Kelas 7

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Entar”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Rangkep”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Saroja”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Yogaswara”

21 thoughts on “Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Cangkriman””

Tinggalkan Balasan ke Alternative Medicine - What Happens During Acupuncture Treatment | Alternative Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!