Tembang Macapat iku ana 11 yaiku :
- Maskumambang
- Mijil
- Sinom
- Kinanthi
- Asmarandana
- Gambuh
- Dandhanggula
- Durma
- Pangkur
- Megatruh
- Pocung
Tembang macapat iku duweni paugeran utawi pathokan :
- Guru gatra yaiku cacahing larik utawi baris saben sapada.
- Guru wilangan yaiku cacahing wanda ( kecap utawi suku kata ) saben sagatra.
- Guru lagu utawi dhong dhing yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra.
Tembang Gambuh iku kalebu salah sijine tembang macapat. Wondene paugeran utawi pathokan tembang gambuh yaiku :
- Guru gatra : ana 5 larik/baris
- Guru wilangan : 7,10,12,8,8
- Guru lagu : u,u,i,u,o
- Watake tembang gambuh yaiku sumanak,sumadulur,rumaket,kulina,wanuh wani.
SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH
Anggitanipun Kanjeng Sri Susuhunan Pakubuwana IV.
( Pada 01 )
Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kelantur
tanpa tutur katula-tula katali
kadaluwarsa katutuh
kapatuh pan dadi awon.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Tindak-tanduk kang ora gelem ngrungokake pituture wong liya, tindak tanduk kang ora becik kaemot ing sekar gambuh iki, tindak tanduk ala kang ora ana rampunge lan ora ana kendhaline bakal ala asile lan ngrugekake manugsa dhewe.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Semuanya dimuat dalam Sekar Gambuh. Tembang ini memuat perilaku yang tidak teratur dan menjadi perbincangan orang banyak. Jika tidak mau mendenganr nasihat orang lain,semakin lama semakin tidak terkendali, hal ini akan berakibat buruk.
Tegese tembung :
- sekar : tembang
- catur : papat/omong
- cinatur : diomongke
- polah : tumindak,perilaku
- kelantur : nggladrah,ora teratur,kebacut
- tanpa tutur : ora nganggo diomongi
- katula-tula katali : tansah nandhang cilaka
- kadaluwarsa : kebacut
- katutuh : didakwa,kapaido
- kapatuh :kaanggep,katletuh
- pan : rak,jer, nanging,mung
( Pada 02 )
Aja nganti kebanjur
barang polah ingkang nora jujur
yen kebanjur kojur sayekti tan becik
becik ngupayaa iku
pitutur ingkang sayektos.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Aja nganti manungsa iku kulina nglakoni samubarang kang ora jujur, yen wis kasep/kebanjur bakal gawe cilaka. Mesthi wae iku ora becik. Mangka saka iku pra manungsa supaya mbudidaya ajaran/paugeran kang sejati.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Jangan sampai terlanjur terbiasa dengan tingkah polah yang tidak jujur, jika sudah terlanjur akan mencelakakan diri sendiri, hal itu tidak baik. Olaeh karena itu berusahalah mencerna ilmu yang sejati.
Tegese tembung :
- Nora : ora
- Kojur : nemahi cilaka
- Sayekti : sanyata,temenan
- Ngupaya : golek,ngreka
- Sayektos : sayekti,bener
( Pada 03 )
Pitutur bener iku
sayektine kang iku tiniru
nadyan metu saking wong sudra papeki
lamun becik wurukipun
iku pantes sira anggo.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Ajaran/piwulang kang bener iku wajib dianut/ditiru, senajan ajaran iku asale saka wong pidak pideran( kaum rendah,miskin,pangkate cilik), nanging yen ajaran utawa piwulang iku mau becik,patut ditiru.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Ajaran yang benar itu patut diikuti, meskipun berasal dari orang yang rendah derajatnya, namun jika baik ajarannya, maka ajaran tersebut pantas diterimanya.
Tegese tembung :
- Pitutur : nasehat
- Apantes : ora pantes
- Sudra : papa, asor, nistha, ora duwe
- Papeki : sembrana,kurang ngati-ati, sengsara
- Lamun : Manawa
- Wuruk : mulang, ngajari
Wangsulana pitakon ing ngisor iki :
- Apa tegese tembung-tembung ing ngisor iki :
- Sekar
- catur
- sayektos
- Pitutur
- wuruk
- Serat Wulangreh iku anggitane sapa?
- Tembang macapat gambuh iku ana pirang gatra?
- Tulisen guru wilangan lan guru lagune tembang gambuh!
- Kepriye watake tembang gambuh?