Kang diarani petungan yaiku bab kang ngrembug bab-bab sing ana gegayutane karo anane dina, pasaran, sasi, mangsa lan taun  Jawa.

  1. Arane dina ( Pancawara lan Saptawara)

Pancawara = dina pasaran kang cacahe lima

Saptawara  = dina kang cacah pitu.

   Arane dina kang pancawara ( dina pasaran lima ) .

  1. Pahing = jenar = neptune angka 9.
  2. Pon      = palguna = neptune angka 7 .               
  3. Wage = cemengan = neptune angka 4 .           
  4. kliwon = kasih  = neptune angka 8 .       
  5. Legi      = manis  = neptune angka 5.

Arane dina kang saptawara ( dina kapitu ).

  1. Senin ( senen) = soma = neptune angka 4.   
  2. Selasa = Anggara = neptune angka 3.          
  3. Rabo = Buda            = neptune angka 7.    
  4. Kamis = Respati = neptune angka 8.     
  5. Jum’at ( jemuah ) = Sukra = neptune angka 6.            
  6. Sabtu ( setu) = Tumpak = neptune angka 9.
  7. Minggu (Ahad) = Dite = neptune angka 5.

Katrangan :

  1. Dina Selasa kliwon = anggara kasih = neptune ana 11
  2. Dina setu paing = tumpak jenar = neptune ana 18
  3. Dina jemuah legi = sukra manis = neptune ana 11
  4. Dina jemuah wage = sukra cemengan = neptune ana 10
  5. Lan sapanunggalane.
  1. Arane Sasi Jawa
  1. Sura 
  2. Sapar 
  3. Mulud 
  4. Bakda Mulud
  5. Jumadi Lawal
  6. Jumadi Lakir
  7. Rejeb
  8. Ruwah
  9. Pasa
  10. Sawal
  11. Sela ( Dulkaiah )
  12. Besar
  1. Arane taun ing sawindu ( sawindu iku ana 8 taun) yaiku :
  1. Taun Alip                          
  2. Taun Ehe 
  3. Taun Jimawal 
  4. Taun Je
  5. Taun Dal
  6. Taun Be
  7. Taun Wawu
  8. Taun Jimakir
  1. Arane Windu, ana 4 :
  1. Windu Sangara
  2. Windu Sancaya
  3. Windu Adi
  4. Windu Kunthara
  1. Tahun Saka ( Caka )

Tahun saka wiwitane taun Masehi 78. Dadi seprene wis ana 1976 dijupuk 78 ana 1898. Saben setaune ana 365 dina .

     Jenenge sasi ing taun Saka :

  1. Mina
  2. Nesa
  3. Ursabha
  4. Mithuna
  5. Karka
  6. Singha
  7. Kaniya
  8. Tula
  9. Vrecika
  10. Dhana
  11. Makara
  12. Kumba
  1. Mangsa :

     Cacahe mangsa iku ana 12. Nanging saben mangsa cacahe dina ora                 padha.

     Jenenge mangsa lan watesane :

  1. Kasa : 22/23 Juni – 2 Agustus = 41 dina
  2. Karo : 2/3/Agustus – 25 Agustus = 23 dina
  3. Ketiga : 26 Agustus – 18 September  = 24 dina
  4. Kapat : 19 September – 13 Oktober  = 25 dina
  5. Klima : 14 Oktober – 9 Nopember  = 27 dina
  6. Kanem : 10 Nopember – 22 Desember = 43 dina
  7. Kapitu : 23 Desember – 3 Pebruari = 43 dina
  8. Kawolu : 3 / 4Pebruari – 1 Maret = 26/27 dina
  9. Kasanga : 2 Maret – 26 Maret = 25 dina
  10. Kasepuluh : 27 Maret – 19 April = 24 dina
  11. Desta : 20 April – 12 Mei = 23 dina
  12. Sadha : 13 Mei – 22 Juni = 41 dina

          Gunggung ana = 365 / 366 dina

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!