Assalamualaikum Wr.Wb
Selamat bertemu kembali dengan saya di Blog Dwija Gumilar “Nguri-uri Basa Jawa”.
Anak-anakku,siswa-siswi dan para pecinta Bahasa Jawa, pada kesempatan kali ini kita akan bersama-sama membahas materi tentang Arane Pagawean.
Arane pagawean atau nama pekerjaan adalah istiah dalam Bahasa jawa untuk menyebut sebuah profesi atau pekerjaan. Aran utawa jeneng memiliki arti nama dan pagawean memilik arti pekerjaan. Jadi jika digabung adalah nama pekerjaan.
Arane pagawean atau jenenge pagawean dalam bahasa jawa mempunyai istilah tersendiri. Seperti halnya dalam Bahasa Indonesia . Istilah nama pekerjaan ini bisa dijadikan tanda atau pengetahuan jenis pekerjaan apa yang di tekuni.
Arane pagawean utawa jinise pagawean dalam basa jawa lan keterangane.
- Algojo: tukang midana pati/ngukum kisas
- Babu: réwangé balé somah
- Bajag: wong sing gawéyané mbégal ing segara
- Bakul: wong sing gawéyané dodolan
- Batur: wong sing gawéyané ngrwong sing gawéyané wangi wong
- Begal: wong sing gawéyané ngrebut barangv wong
- Bendung: wong sing gawéyané mbendung banyu
- Blandhong: tukang negor kayu
- Blantik: bakul kéwan rajakaya
- Buruh: wong sing nyambut gawé kasar
- Cantrik: abdiné pandhita ngiras dadi muridé
- Carik: juru tulis ing kalurahan
- Dhalang: wong sing gawéyané nglakokaké lan crita wayang
- Dhokter:Tukang nambani wong lara
- Emban: tukang momong bocah
- Empu: tukang gawé keris
- Gamel: tukang ngopeni jaran
- Gandhek: utusan ratu kang pakaryane nglantarake dhawuh-dhawuh dalem/nawala
- Gemblak:Tukang gawé barang-barang saka kuningan
- Gerji: tukang dondom klambi
- Germa: tukang buru kéwan ing alas
- Guru: wong sing gawéné mulang
- Jagal: tukang mbeleh rajakaya
- Jlagra: tukang natah watu
- Juragan: sudagar, lurahé pakaryan
- Juru basa: tukang negesi basa manca
- Juru dang: tukang dang
- Juru kunci: tukang ngrumat pasareyan utawa kramat
- Juru tambang: tukang prau utawa gethek ing kali
- Juru silem: wong sing gawéyané nyilem
- Juru sungging: wong sing pinter nyungging (nggambar)
- Juru terbang: wong sing gawéyané nglakokaké montor mabur
- Juru tulis: wong sing gawéyané nulis
- Kemasan:tukang gawé dandanan saka emas
- Koki: tukang olah-olah
- kondhektur:tukang nariki lan mriksa karcis
- Kundhi: tukang gawé grabah
- Kusir: tukang nglakokaké dhokar utawa kréta
- Kyai: wong sing pinter agama Islam
- Madhaharan: juru olah-olah
- Malang:pulisi désa
- Mandhor:tukang ngawasi buruh
- Masinis:tukang nglakokaké sepur
- Merbot: punggawa masjid/tukang nabuh bedhug
- Molang: bakul rajakaya
- Montir: tukang ndandani mesin
- Mranggi: tukang gawé wrangka
- Niyaga, wiyaga: tukang nabuh gamelan
- Pakathik: tukang nuntun jaran
- Pacalang: prajurit sing gawéyané ngulataké lakuné musuh
- Palara-lara: para nyai cilik
- Palayangan: tukang ngeterké layang
- Pandhé: tukang gawé barang-barang saka wesi
- Panegar: tukang ngajari jaran
- Panjak:tukang ngladèni pandhé utawa niyaga
- Pangobèng: wong buruh mbathik
- Para: bakul mas inten
- Parekan: para nyai sing ketengen
- Pasindhèn: wong sing nyindhèni gamelan
- Pawongan: batur wadon
- Prajurit: wong sing gawéyané béla negara
- Pramugari: tukang ngladèni penumpang pesawat
- Pujangga: ahli sastra, tukang ngarang
- Sarawèdi: tukang adol utawa nggosok barléyan inten
- Sayang: tukang gawé barang saka tembaga
- Sekater: tukang naksir rega ing gadhèn
- Sinoman: nom-noman tukang laden
- Sontoloyo : tukang angon bebek
- Srati: tukang ngrumat gajah
- Sedagar: wong dagang gedhé
- Supir: tukang nglakokaké montor
- Tuwa buru: abdiné germa
- Undhagi: tukang kayu
Demikian tadi sedikit pembahasan tentang materi tentang arane pagawean atau nama pekerjaan, semoga bermanfaat bagi kita semua dan semoga bahasa jawa tetap lestari sepanjang masa. aamiin….