Bareng ngerti yen bojone mbobot Jaka Tarub senenge ora karu-karuan. Perlu dimangerteni widadari mbobot ora kaya manungsa lumrah, yen widadari mbobot sakedhep netra padha karo sewulan. Mulane nalika senama anggone mbobot Dewi Nawangwulan wus ganep sangang sasi punjul sepuluh dina, lan dumugi titi wanci jabang bayi lahir. Jabang bayi lahir wadon banjur diparingi tetenger Dewi Nawangsih.Nalika Nawangsih wis umur rong sasi, Nawangwulan lagi ribut adang. Nawangsih diemong Jaka Tarub dumadaan Nawangsih nangis kekejer. Jaka Tarub mbudidaya ngeneng-ngeneng nanging panggah ora bisa meneng. Nawangsih banjur dielokake ibune.
Iki lho bu anake nangis wae ora bisa dieneng-eneng. Jaka Tarub ngelungake anake marang ibune.
Kene pakne, cup-cup.. menenga cah ayu, wis-wis meneng!
Nawangsih banjur meneng klakep. Nawangwulan pamitan karo Jaka Tarub yen arep menyang kali umbah-umbah karo ngedusi anake.
Pakne, aku dak umbah-umbah karo ngedusi anake menyang kali, nanging weilngku pakne, kowe aja pisan-pisan mbukak kekep dangdangan ana pawon.
Nawangwulan ngendhong anake karo nyangking kumbahan menyang kali. Jaka tarub ing omah dhewe thukul pitakonan saroning atine, genea pari ing lumbung wis pirang-pirang sasi didang kok ora ana kalonge. Jaka Tarub saya kepengin ngerti kepriye carane adang nalika Nawangwulan meling marang dheweke supaya aja pisan-pisan mbukak kekep dangdangan ana pawon. Kedereng saka anggone kepengin ngerti mau
Jaka Tarub menyang pawon kanthi alon-alon mbukak kekep saeba kagete nalika nyawang ing njero kukusan ana pari mung sauli. Jaka Tarub saya gumun piye carane pari sauli kok bisa dadi sega akeh. Kanthi nggembol pitakonan kang kaya mangkono mau kekep ditutupake maneh.
Nawangwulan bali saka kali banjur menyang pawon arep ngentas segane. Kekep dibukak Nawangwulan kaget pari sauli tetep ora bisa malih dadi sega mangka biasane pari sauli bisa dadi sega sakukusan kebak.
Pakne, sampeyan wis ora nggugu karo piwelingku, mesthi kekep iki mau sampeyan bukak. Mula saiki aku gawekna lesung lan alu kanggo nutu pari supaya dadi beras.
Tanpa kakehan rembugan Jaka Tarub nuruti panjaluke Nawangwulan. Gancanging cerita lesung lan alu wis dadi banjur kanggo nutu pari supaya dadi beras. Pari ing lumbung ditutu saya suwe saya kurang nganti entek. Bareng tumpukaan pari ing lumbung entek Nawangwulan nemu klambi ing tilase tumpukan pari. Bareng diiling-ilingi jebul klambine dhewe kang ilang nalika lagi adus ana ing tlaga. Nawangwulan banjur ngerti yen sing nyolong klambine mbiyen kae Jaka Tarub.
Kakang Jaka Tarub jebul licik banget caramu arep ngrabi widadari, kanthi nyolong klambiku. Saiki klambiku wis ketemu aku arep bali menyang kayangan kumpul karo para widadari.
Adhuh.. yayi apuranen aku yayi, aku wong lanang apa bisa momong Nawangsih, mangka dheweke isih cilik. Yayi kowe tega karo aku nanging aja tega karo anakmu.Yayi aku aja tinggal….!
Ora bisa kakang, wus ginaris dening gusti Kang Maha Kuwasa sampeyan kudu pisah karo aku.
Nawangwulan banjur mabur, dicandhak-candhak dening Jaka Tarub nanging ora bisa kecandhak.
Dhuh yayi mengko yen anakmu nagis banjur piye anggonku ngeneng-eneng, wis gawanen wae anakmu menyang kayangan.
Ora bisa kakang, pancen wis dadi pepesthenku aku kudu pisah lawang anakku. Pakne anake rumatana sing apik. Gawea panggug ing ngarep omah, yen pinuju anake nangis wae ora gelem meneng dhokok ing ndhuwur panggung kutukana merang ketan ireng ing kono aku bakal tumurun.
Jaka Tarub banjur gawe panggung ing ngarep omah, samangsa Nawangsih rewel didhokok ing ndhuwur panggung banjur bisa meneng jalaran dieneng-eneng ibune kang rupane awujud widadari. Jaka Tarub lan Nawangsih klakon bisa urip tentrem. Nawangsih dadi bocah kang ganep tata kramane, mbangun turut marang wong tuwa.
Wangsulana Pitakon ing ngisor iki !
- Arana kabeh paraga ing crita Jaka Tarub ! ……………………………………………………………………………………………………………..
- Critakna kepriye Nawangwulan kok bisa dadi bojone Jaka Tarub ! …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
- Paraga sing kok senengi sapa ? Apa alesanmu ? ……………………………………………….……………………………………………………………
- Paraga sing ora kok senengi sapa ? Apa alesanmu ? ……………………………………………………………………………………………………………
- Piwulang becik apa kang bisa kapethik saka crita iki ? …………………………………………………………………………………………………………………………………………………….…………………………………………………………………………….