Bocah Sukerta yaiku bocah kang manut kapercayan, bisane slamet lan urip kudu diruwat, lan ditanggapake wayang lakon Murwakala. Bocah Sukerta iku lamun wis diruwat wis ora klebu memangsane Bathara Kala, satemah bisa urip lestari.
Bocah utawa anak sing klebu Sukerta :
- Bocah ontang-anting : Bocah lanang siji tanpa tunggal.
- Bocah unting-unting : Bocah wadon siji tanpa tunggal.
- Bocah uger-uger lawang : Bocah lanang loro kakang adhi.
- Bocah kembang sepasang : Bocah wadon loro kakang adhi.
- Bocah cukit dulit : Bocah wadon telu kakang adhi.
- Bocah gotong mayit : Bocah lanang telu kakang adhi.
- Bocah saka panggung : Bocah lanang papat kakang adhi.
- Bocah sarimpi : Bocah wadon papat kakang adhi.
- Bocah pandhawa : Bocah lanang lima kakang adhi.
- Bocah panca gati : Bocah wadon lima kakang adhi.
- Bocah kedhana-kedhini : Bocah loro lanang wadon kakang adhi.
- Bocah sendhang kapit pancuran : Bocah telu lanang,wadon,lanang, kakang adhi.
- Bocah pancuran kapit sendhang : Bocah telu lanange ana tengah,kakang adhi.
- Bocah kembar : Bocah kang lair bareng.
- Bocah gondhang kasih : Bocah kembar ireng lan bule/pakulitane beda.
- Bocah dhampit : Bocah kembar lanang wadon.
- Bocah karendha : Bocah kembar nunggal bungkus.
- Bocah bungkus : Bocah lair sabungkuse.
- Bocah tawang gantungan : Bocah kembar laire ganti dina.
- Bocah ipil-ipil : Bocah lima, siji wadon papat lanang.
- Bocah pondangan : Bocah lima, siji lanang papat wadon.
- Bocah margana : Bocah lair, ing tengah dalan.
- Bocah jempina : Bocah lair, durng ganep sasine.
- Bocah gilir kacang : Bocah lair urut lanang lan wadon.
- Bocah julung caplok : Bocah lair bareng surup surya.
- Bocah julung kembang : Bocah lair bareng pletheking surya.
- Bocah julung sungsang : Bocah lair beneri tengah awan.
- Bocah sumala : Bocah cacat wiwit lair.
- Bocah wahana : Bocah lair bareng ana keramean.
- Bocah wuyungan : Bocah lair bareng bareng perang.