KEPENGIN DADI DHOKTER
Bayu : Nembe menapa, Eyang Darma?
Eyang Darma : Lagi ngresiki kurungan manuk kutut.
Bayu : Peksi kutut saking pundi menika?
Eyang Darma : Saka anakku mbarep, Darma Usada.
Bayu : Pakdhe Usada samenika ngasta damel ing pundi?
Eyang Darma : Dadi dhokter ing rumah sakit Purwakerta.
Bayu : Rumiyin Pakdhe sekolahipun ing pundi?
Eyang Darma : Lulus SMA Negeri 1 kuliah ing kedokteran Semarang. sawise lulus terus magang lan dadi dhokter ditugasake ing rumah sakit Purwakerta nganti saiki.
Bayu : Kula menapa saged dados dhokter kados Pakdhe Usada, Eyang?
Eyang Darma : Insya Allah, bisa, anggere sekolahmu sregep sinau lan Kejaba sregep lan pinter, pakdhemu ora neka-neka. yen didhawuhi guru lan wong tuwa mituhu, manut.
Bayu : Ragadipun rak kathah, Eyang?
Eyang Darma : Iya bener, nanging merga Pakdhemu sregep lan pinter kerep oleh beasiswa. Malah oleh biasiswa kanggo dhokter spesialis penyakit dalam barang.
Bayu : O, makaten ta. Pakdhe Usada hebat nggih, Yang?
Eyang Darma : Iya, pancen pinunjul, Pakdhemu iku gawe mongkoge keluarga. Amarga kerep oleh biasiswa. Eyang rumangsa entheng nguliahke Pakdhemu.
Bayu : Wiwit samenika kula janji badhe sekolah ingkang sregep lan pinter supados benjangipun saged dados dhokter kados Pakdhe Usada.
Eyang Darma : Ya, muga-muga gegayuhanmu diijabahi dening Gusti Allah.
Bayu : Amin. Maturnuwun donga pangestunipun, Eyang.
Wangsulana pitakon ing ngisor iki !
- Eyang Darma iku sapa?
- Apa klangenane (kasenengane) Eyang Darma?
- Pakdhe Usada nalika sekolah/kuliah kerep oleh be Apa sebabe?
- Kepriye wateke Pakdhe Usada?
- Kepriye janjine Bayu marang Eyang Darma?