DODOLAN ING PASAR

Lik Tini       : “Lo, kowe … yen ra kleru Cipto ta ?”

Sucipto       : Nggih, Lik. Kula kancanipun Parjo, yoga sampeyan. Sampeyan saben dinten teng peken, nggih?

Lik Tini      : Iya. Witikna priye pancen golek pangane nang pasar kok. Dodolan ing pasar!

Sucipto       : Sampeyan nek sadeyan teng peken pundi mawon, Lik?

Lik Tini      : Wah … ya ora mesthi, pasarane akeh.

Sucipto       : Lo, kok saged ngaten niku pripun?

Lik Tini      : Iya, amarga pasaran ing Kunduran ora padha dinane karo ing Todhanan utawa ing Ngawen. Dadi, wis ajeg dina pasarane saben pasar iku. Cekake, aku  wis duwe  jadwale.

Sucipto       : Wah … sampeyan niki lucu, kados lare sekolah mawon gadhah jadwal.

Lik Tini      : Tegese ngene lo, yen pasaran Legi karo Pon aku lunga menyang pasar Banjarejo, Paing lan Wage ing pasar Japah, Kliwon ing pasar Ngawen lan sateruse.

Sucipto       : Menawi ngaten sampeyan asring kekesahan, prasasat saben dinten. Napa boten sayah?

Lik Tini      : Jan-jane ya kesel nanging bot-bote golek pangupa jiwa kanggo nyukupi kebutuhane urip lan nyekolahake anak.

Sucipto       : Sampeyan yoganipun rak namung kalih Parjo lan Sutiah. Cobi sampeyan manah, sedherek kula niku kathah, napa tiyang sepuh boten awrat sanget. Napa malih yen sedaya nedha arta kangge sangu, tumbas pirantos sekolah lan sanes-sanesipun.

Wangsulana Pitakon Ing ngisor iki !

  1. . Sucipto iku sapa ?

  2. Basa kang digunakake Sucipto marang Lik Tini basa krama lugu. Apa sebabe ?

  3. Ngapa Sucipto ngarani yen Lik Tini iku lucu ?

  4. Kapan dina pasaran ing pasar Banjarejo, Japah, lan ngawen?

  5. Lik Tini golek pangupa jiwa ing pasar kanggo apa ?

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!