1.      Tegese Tembung
a.       Tembung yaiku kumpulane wanda-wanda kang nduwei teges kang ganep. ( ana ing basa Indonesia : kata )
Tuladha : cukur,nggambar,nulis,pamulangan,kekembangan,gong,reng lan sapanunggalane.
b.      Wanda yaiku kumpulane aksara sing mujudake swara sakecap ( ing basa Indonesia : suku kata )
Tuladha : cu,kur,gam,bar,nu,lis lan sapanunggalane.
c.       Aksara utawa huruf iku ana loro yaiku :
1)      Aksara swara ( vokal ) : a,i,u,e,o
2)      Aksara sigeg utawa mati ( konsonan ) : b,c,d,f,g,h,j,k,l lan sapanunggalane utawa aksara saliyane aksara swara.
d.      Ukara yaiku kumpulane tmbung-tembung kanthi paugeran lan nduweni teges ganep. ( ana ing basa Indonesia : kalimat )
Tuladha :
1)      Margiyanti nandur kembang.
2)      Bapak maos koran.
3)      Simbah ngunjuk kopi.
4)      Ambar nata buku

2.       Tembung Lingga lan Andhahan.
a.       Tembung lingga yaiku tembung-tembung kang durung owah saka asale ( ing basa Indonesia : Kata dasar/kata asal ).
Tuladha : cukur, tulis,gambar,iji,tandur,tuku,sapu,paku lan sapanunggalane.
b.      Tembung andhahan yaiku sakbehing tembung sing wis owah saka asale, amarga oleh ater-ater,seselan,lan panambang. ( ana ing basa Indonesia : kata jadian ).
1)      Ater-ater yaiku wuwuhan utawa imbuhan sing mapan ana ing sangarepe tembung.  
( ana ing basa Indonesia : awalan )
Tuladha tembung andhahan sing oleh ater-ater :
a) Mangan : am + pangan
b) Macul : am + pacul
c) Nulis : an + tulis
d) Digambar : di + gambar
e) Dakpangan : dak + pangan
2)      Seselan yaiku wuwuhan utawa imbuhan sing mapan ana ing satengahe tembung.
( ana ing basa Indonesia : sisipan )
Tuladha tembung andhahan sing oleh seselan :
a)  Tinulis : tulis + (-in)
b) Sinawang : sawang + ( -in)
c) Kuminter : pinter + ( -um)
d) Grandhul : gandhu ( -er )
3)      Panambang yaiku wuwuhan utawa imbuhan sing mapan ana ing samburine tembung. ( ana ing basa Indonesia : akhiran )
Tuladaha tembung andhahan sing oleh panambang :
a)  Tulisana : tulis + -ana
b) Pakani : pakan + -i
c) Tembangake : tembang + -ake
d) Tutupen : tutup + -en

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!