A. TEMBUNG TANDUK

     Tembung Tanduk yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater hanuswara (an,am,ang,any).

     Tuladha :

        a. an + tulis : nulis

            an + tulis + i : nulisi

       b. am + pacul : macul

           am + pacul + i : maculi

       c. ang + gambar : nggambar

           ang +gambar + ake : nggambarake

       d. any + sebar : nyebar

           any + sebar + ake : nyebarake

  Warna-warnane tembung tanduk :

    1. Tembung tanduk kriya wantah yaiku tembung sing ora nduweni panambang.

        Tuladha :nyilih, mundur, ngatur,nyukur, lsp

    2. Tembung tanduk I-kriya yaiku tembung tanduk sing oleh panambang i.

        Tuladha : nulisi,nggambari,nyukuri, nyilihi,nyontoni,makani, lsp

    3. Tembung tanduk ke-kriya yaiku tembung tanduk sing oleh panambang ke utawa ake.

        Tuladha : mbalekake, nyilihake, nulisake, nyekolahake,ngumbahake, lsp

B. TEMBUNG TANGGAP

     Tembung tanggap yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater tripurusa (dak,ko,di) utawa oleh seselan –in.

      Tuladha :

       a. dak + tulis : dak tulis

       b. di + tulis + I : ditulisi

       c. ko + tulis + ake : kotulisake

       d. tulis + -in : tinulis

   Warna-warnane tembung tanggap :

   1. Tanggap tripurusa.
      Tanggap tripurusa tegese tembung lingga sing oleh-oleh ater-ater tripurusa (dak,ko,di).
      Tanggap tripurusa bisa kaperang dadi 3 yaiku :

        a. Tanggap tripurusa dak (tanggap utawa purusa).

            Tuladha : daktulis, dakgambari, dakkabari, lsp

        b. Tanggap tripurusa ko (tanggap madyama purusa)

            Tuladha : kotulis, kogambar, kokabarake, lsp

        c. Tanggap tripurusa di (tanggap pratama purusa)

            Tuladha : ditulis, digambarai, dikabari, lsp

    2. Tanggap na.

        Tanggap na yaiku tembung lingga sing oleh seslan –in.

        Tuladha : tinulis, sinawang, sinendhal, lsp

     3. Tanggap tarung.

         Tanggap tarung yaiku tembung dwilingga sing oleh –in.

         Tuladha : sawang-sinawang, tendhang-tinendhang, sebar-sinebar, lsp

     4. Tanggap ka.

        Tanggap ka yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater ka.

        Tuladha : katulis, kawisudha, kajunjung, kathuthuk, lsp

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!