Ana ing kawruh Basa Jawa, nggawa barang iku ana sing bisa nganggo tangan,sirah, bangkekan, pundhak, kelek lan liya-liyane. Nanging ing basa jawa nggawa barang nganggo tangan,sirah lan sapanunggalane iku duwe jeneng dhewe-dhewe.
Ing ngisor iki jenenge solahe utawa patrape wong nggawa yaiku :
Ing ngisor iki jenenge solahe utawa patrape wong nggawa yaiku :
- Nggendhong : nggawa barang ana ing ngarep weteng, ing bangkekan/iringan, ing mburi /geger.
- Mikul : nggawa barang ana ing pundhak nganggo pikulan.
- Manggul : nggawa barang ana ing pundhak utawa mburi pundhak ora nganggo pikulan.
- Nyunggi : nggawa barang ana ing dhuwur sirah.
- Ngempit : nggawa barang ana ing kelek.
- Nyangking : nggawa barang ana ing tangan kiwa/tengen.
- Nyengkiwing : nggawa barang nganggo tangan sing dicekel sithik.
- Ngindhit : nggawa barang ana bangkekan oranganggo gendhongan.
- Mondhong : nggawa barang ana ngarep dhadha.
- Mbopong : nggawa wong ana ngarep dhadha.
- Nggotong : nggawa barang sing nggawa luwih saka siji.
- Nyangga : nggawa barang sing tumpangake ana ing tangan.
- Nyangklek : nggawa bocah dilinggihake ana ing bangkekan banjur dirangkul.
- Nundheng : nggawa wong, sing nggawa wong loro adhep-adhepan, tangane padha cekelan, lan sing digawa lungguh ana sandhuwure tangan.
- Nggembol : nggawa apa-apa dilebokake ana ing jarit.
Ngartekno bhs Jawa
wahyunimayaa@gmail.com
dalangan960@gmail.com
Assalamualaikum warahmatullahi w.b terimakasih materinya
Pitakon iki bisa digunakake kanggo kepengin sinau