Kang diarani petungan yaiku bab kang ngrembug dina, pasaran, sasi, mangsa lan taun  Jawa.

1. Arane dina ( Pancawara lan Saptawara)

   Pancawara = dina pasaran kang cacahe lima
   Saptawara  = dina kang cacah pitu.

   Arane dina kang pancawara :

  1.    Pahing:  jenar, 
  2.    Pon : palguna, 
  3.    Wage : cemengan, 
  4.    Kliwon : kasih
  5.    Legi : manis

   Arane dina kang saptawara :

  1.    Senin :  Soma
  2.    Selasa : Anggara
  3.    Rabu : Buda
  4.    Kamis : Respati
  5.    Jum’at : Sukra
  6.    Sabtu : Tumpak
  7.    Minggu (Ahad) : Dite

2. Arane Sasi Jawa

  1.    Sura
  2.    Sapar
  3.    Mulud
  4.    Bakda mulud
  5.    Jumadi lawal
  6.    Jumadi lakir
  7.    Rejeb 
  8.    Ruwah
  9.    Pasa
  10.    Sawal 
  11.    Sela ( dulkaidah )
  12.    Besar

3. Arane taun ing sawindu. ( sawindu iku ana 8 taun)

  1.    Taun Alip
  2.    Taun Ehe
  3.    Taun Jimawal
  4.    Taun Je
  5.    Taun Dal
  6.    Taun Be
  7.    Taun Wawu
  8.    Taun Jimakir

4. Arane Windu, ana 4

  1.    Sangara
  2.    Sancaya
  3.    Adi
  4.    kunthara
Wangsulana pitakon ing ngisor iki !
  1. Coba sebutna arane dina ing seminggu? 
  2. Coba sebutna arane dina lan pasaran ing saben selapan? Cacahe ana 35 dina lan pasaran !
  3. Sebutna arane windu ! 
  4. Yen umurmu saiki 14 taun , wis ana pirang windu?
  5. Sebutna arane sasi Jawa!

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!