Ukara tanduk yaiku ukara kang wasesane oleh ater-ater anuswara utawa kriya lingga.
Dene tandha-tandhane :
- Jejere nindakake pegawean.
- Lesane dikenani pegawean.
- Wasesane oleh ater-ater anuswara ( an, am, any, ang ) utawa kriya lingga .
Tuladhane :
- Bapak maos koran.
- Ibu nyerat nawala.
- Eyang Kakung ngunjuk Jampi
- Mariyo nabrak kucing.
- Pak Sutarman mirengaken pawartos bahasa Jawi.
Ukara tanggap yaiku ukara kang wasesane oleh ater-ater tripurusa ( dak, kok, di ) utawa seselan -in- .
Dene tandha-tandhane yaiku :
- Jejere dikenani pegawean.
- Lesane nindakake pegawean.
- Wasesane oleh ater-ater dak, kok, di lan seselan -in- utawa oleh ater-ater ka mligi kanggo tanggap ka.
Tuladhane :
- Apa bukune wis diwaos bapak.
- Bukuku dakgambari wayang.
- Wulune wis kokbubuti ?
- Bocah iku wis ora kena ginawe becik.
- Kabeh wis katulis ing buku.
- Pawarta iku digiyarake penyiar ing radio.