Ana ing kawruh Basa Jawa, nggawa barang iku ana sing bisa nganggo tangan,sirah, bangkekan, pundhak, kelek lan liya-liyane. Nanging ing basa jawa nggawa barang nganggo tangan,sirah lan sapanunggalane iku duwe jeneng dhewe-dhewe.

Ing ngisor iki jenenge solahe utawa patrape wong nggawa yaiku :

  • Nggendhong : nggawa barang ana ing ngarep weteng, ing bangkekan/iringan, ing mburi /geger.

 

  •    Mikul : nggawa barang ana ing pundhak nganggo pikulan.
  • Manggul : nggawa barang ana ing pundhak utawa mburi pundhak ora nganggo pikulan.
 
 
  • Nyunggi : nggawa barang ana ing dhuwur sirah.
 
  • Ngempit : nggawa barang ana ing kelek.
 
  • Nyangking : nggawa barang ana ing tangan kiwa/tengen.
 
  • Nyengkiwing : nggawa barang nganggo tangan sing dicekel sithik.
 
  • Ngindhit : nggawa barang ana bangkekan oranganggo gendhongan.
 
  • Mondhong : nggawa barang ana ngarep dhadha.
 
 
  • Mbopong : nggawa wong ana ngarep dhadha.
 
  • Nggotong : nggawa barang sing nggawa luwih saka siji.
  • Nyangga : nggawa barang sing tumpangake ana ing tangan.
  • Nyangklek : nggawa bocah dilinggihake ana ing bangkekan banjur dirangkul.
 
  • Nundheng : nggawa wong, sing nggawa wong loro adhep-adhepan, tangane padha cekelan, lan sing digawa lungguh ana sandhuwure tangan.
 
  • Nggembol : nggawa apa-apa dilebokake ana ing jarit.
5 thoughts on “Solahe Wong Nggawa”

Tinggalkan Balasan ke AHMAD FAIZ FAJRI SYARA Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!