KACANG ORA NINGGAL LANJARAN

Dening  Mbah Met

 

            “Mbok yen ngrokok aja ning ngarep ngene ta Mas, rada ndhelik kana !” semantane Pranti marang sing lanang, nalika bojone klepas-klepus ana emper ngarep omah.

            “Lali pa, yen ngrokok karo thethenguk dibarengi ngombe wedang kopi ngene iki nikmate kepati ?” wangsulane sing disemantani.

            “Mbuh, aku rung nate ngrasakne ngrokok. Mbok ngeman awak, dijaga kesehatane !” kandhane Pranti.

            “Ngapunten, Bu Dhokter,” gojege sing lanang ngece.

            ”Kok ra nggagas, yen iku ngono nikmat kang semu !”

            “Weleh-weleh kok kampanye anti rokok ning kene. Mbok ana bale desa kana, be nana sing ngrungokne !”

            “Sing kampanye ki ya sapa. Aku matur ngene iki mung nggo andum pangrasa, utawa kurmat marang wong liya.”

            “Ngrokok kok kok sambungake karo andur rasa utawa kurmat kuwi piye, sing kok karepake ?”

            “Kok kaya njenengan kuwi ora tau maca, ta, Mas. Perkara ngono wae kok arep digawe rame. Mesthine panjenengan rak ya luwih pana tinimbang aku. Njenengan tau sinau babagan kimia sing luwih mateng. Lha aku ? Aku rak mung tekan SPK wae, meh ora tutug.

            “Malah saya bingung aku, ngrungokne kandhamu. Lha yen pancen kepingin ngrasake rokok ya njajal kene, ta ! Iki ya sing kok karepke andum rasa lan kurmat ? Mangga udutipun, Dhiajeng !” sing lanang ngajak gojeg maneh. Sing diajak ora semanta apa-apa maneh, banjur nglungani sing lanang kang lagi asik ngematake rokoke.

            Ing batin, satenane Pranti isin karo awake dhewe. Nanging yen ora nindakake, Pranti rumangsa wis ngejarake wong liya nggege patine, kanthi ngonsumsi rokok. Semono uga yen arep alok, utawa ning arep ngandhani wong liya supaya ora ngrokok, wedi yen dicenges liyan, awit bojone Pranti, sing jenenge Darsono kuwi uga seneng ngrokok. Malah Darsono kuwi wis kena diarani pecandu rokok, utawa perokok kelas berat. Coba, ta, atase kesenengan ngrokok wae, sedina sewengi nganti entek rokok telung pak, sing isi rolas iji kae. Dene jinise rokok sing abot, merga tanpa diwenehi filter, tur sing larang regane.

            Pranti uga kala-kala gemreneng dhewe. Yagene, uwong kuwi yen lagi seneng ngrokok, dikongkon ngarang-ngarangi ngrokoke ngono wae, angele ora jamak. Yagene padha ora gelem mikir kesarasane awak. Yen sakala, miturut katrangane para winasis kesehatan kae, rokok ngono durung katon pengaruh kesehatane awak. Paling-paling mung watuk sedhela, merga anggone nyedhot keluke rokok rada sulaya. Nanging para pecandhu rokok babar pisan ora nggagas oleh-olehane ngrokok puluhan taun mengarep.

            Dinane Rebo, watara jam sanga seprapat, nalika Pranti nggarap laporan ana Puskesmas-e, HP-ne muni, pratandha ana telpon sing mlebu. Nalika dijinglengi, nomer sing mlebu durung cinathet ing memori HP-ne. Malah miturut kode sing muncul ana ing layar, kode nomer omahan.

            “Sugeng siyang. Inggih,leres, kula ibune Pamuji. Kula nembe wicanten kaliyan sinten, nggih, Pak ?” Pranti mangsuli salame kang kabacutake pitakon.

            “Nyuwun pangapunten, Bu Pranti, kula nganggu anggen panjenengan nembe ngasta. Kula Irawan, ingkang kapercados dados Kepala Sekolahipun ingkang putra, Pamuji,” wangsulane sing nelpon Pranti.

            “O, lajeng kagungan dhawuh menapa, Pak ?” pitakone Pranti nggembol rasa kaget. Awit lagi sepisan iki dheweke entuk telpon saka sekolahane anake lanang sing sekolah ana SMP kecamatan kota iku.

            “Nyuwun duka, Bu Pranti, angkah kula kalawau badhe telpon ingkang raka, nanging ingkang putra, Pamuji, boten kemutan nomer telponipun bapakipun. Mila kanthi menika kula kapeksa telpon panjenengan,” rembuge Irawan sing ngaku kepala sekolah kuwi.

            “Inggih, boten dados menapa, Pak, jer menawi menika wigatos sanget. Kula kaliyan bapakipun thole rak nggih sami kemawon. Wonten dhawuh, Pak Irawan ?”

            “Ngaten, Bu. Ingkang putra mangke mbokmenawi wangsulipun radi telad,” jlentrehe kepala sekolah iku marang Pranti.

            “Wonten tugas menapa Pak, saking sekolahan ? Rak inggih sehat kemawon ta, anak kula, Pak ?” pitakone Pranti saya ngemu kaget lan was-was.

            “Ingkan putra sehat-sehat kemawon. Inggih naming menika kalawau ingkang putra….” durung rampung anggone crita, rembuge Irawan, ya kepala sekolah kuwi wis ditrunjel pitakonan Pranti sing sajak ora kanten.

            “Anak kula kenging menapa, Pak ?”

            “Pamuji boten kenging menapa-menapa, naming sawetawis nyulayani tata tertib sekolah, Bu,” wangsulane kepala sekolah Irawan iku. Ora naeh yen Prantine saya njomblak. Awit sing diweruhi Pranti, anake kuwi saben dina aktif mangkat sekolah.

            Kanthi ati sing ora sranta, garapa Administrasi Puskesmas sing durung rampung, enggal ditutup, saperlu arep mara ing sekolahane anake. Anggone ora kanten ngenteni jam ngaso ana Puskesmas kuwi, awit pikirane Pranti saya penasaran, sawise kepala sekolah mau kesusu nutup telpone.

            Apa-apa kuwi yen lagi ruwet, ndelalah kok ya mbarengi motor sing arep dianggo menyang sekolahane Pamuji sing manggon ana tengah kota kuwi nggembos. Mula lakune menyang kota kudu numpak tumpakan umum. Numpak bus sing mlaku mecaki dalan Ponorogo-Trenggalek.

            Mbarengi pisan dina iku pasaran Kliwon, mula penumpang wis kebak wiwit saka Pasar Taman Sari. Ndelalah ana kanoman lanang rada ngerti toleransi. Sajake iku bocah nate oleh panggulawenthah pasrawungan. Nalika kanoman kuwi meruhi Pranti ora oleh panggonan lungguh, kamonan kuwi banjur ngadeg, ngakon Pranti nglungguhi jok sing sadurunge dilungguhi dheweke.

            “Pinarak Bulik, kula enggal mandhap,” pakone kanoman kuwi.

            “Wah, matur nuwun, nggih, Dhik. Hla adhik badhe tindak pundi ?” pitakone Pranti mara nang kanoman kuwi nganggo tembung dhik, awit pancen umure ya kaya ora adoh banget karo dheweke. Lan kanoman kuwi uga mangsuli pitakonane Pranti yen dheweke arep mudhun ngarep Pasar Wage, Kecamatan Jetis.

            Ning njero bus umum kang ora nganggo AC kuwi, Pranti krasa ora krasan, lan rumangsane bus mau lakune rendhet banget. Kejaba pikirane selak kepingin ngerti, ya gene Pamuji kudu mulih telad, uga merga lungguhe Pranti jejer pawongan lanang setengah tuwa sing lagi ngrokok. Ambune banget nyogrok irung, awit pancen rokoke pancen rokok ting-we, utawa nglinting dhewe.

            Tenane, ngrokok kuwe enake kaya apa ta, teka ambune wae kaya ngene, batine Pranti, gemreneng.

            Sumpege pikir lan sesege ambegan ning njero bus merga wong ngroko, ora kacarita. Ya mung batine Pranti ngresula, ya gene mbrantas kesenengane wong sing seneng ngrokok kuwi, angele kok meh padha karo mbrantas kesenengane ngorupsi dhuwite negara. Upama pidanane wong ngrokok kuwi kaya pidanane pecandu narkoba ngono mbok menawa wae Indonesia iki bisa bebas saka rokok. Hla nanging, kepiye nasibe Darsono, bojone Pranti sing nggantheng berkumis tipis kae ? Rak ya kudu nyemplung pakunjaran ?

            Tekane SMP panggonane Putrane sekolah, Pranti dipapagake Guru BK sing asmane Bu Lelly. Kanggo miwiti sapatemon, Pranti njaluk pangapura krana tekane ora diundang. Lan Bu Lelly sing dadi Guru BK kuwi malah nggandhakake senenge. Awit kanthi tekane kuwi, malah dadi mawujude makarya bareng antarane pehak sekolah karo wali murid.

            Saka katrangane Guru BK, Pranti antuk warta, menawa wis kaping telu iki Pamuji nerak tata tertib sekolahan. Tata tertib kang dilanggar dening Pamuji yaiku: Pamuji ninggalake jam pasinaon tanpa aweh weruh marang pehak sekolahan. Bareng ditlesih lan digoleki jebul Pamuji asik main PSan ning rentalan, malah karo ngrokok barang, bareng-bareng kanca grombolane.

            Ora aneh yen Pranti dadi isin karo Guru BK kuwi. Lan pehak sekolahan uga wis aweh weruh marang Pranti, babagan sanksi kang bakal dipatrapake marang Pamuji. Pranti ora kabotan.          Pamuji lan wong tuwane gawe pernyataan, ora entuk teka telat, ora entuk ngrokok maneh,ora entuk bolos, yen nganti nglakoni maneh bakal dibalekake maneh marang wong tuwane utawa diwetokake saka sekolah SMP kene.

            Lan sore kuwi pasiene Pranti minangka Mantri Kesehatan rada akeh. Siji mbaka siji diladheni kanthi grapyak, sumanak ndemenakake. Rasa sukure marang Gusti Sing Gawe Urip ora kendhat tansah diaturake. Awit kanthi bisa bukak praktek ana ngomah, nyatane asile kena kanggo tambah tuku-tuku. Mula anggone leladi marang pasiene tansah mbudidaya grapyak, sumanak, dimen pasiene seneng, lan mertamba mrono yen lagi nandhang lara.

            Ning batine, Pranti nggagas, piye anggone gawe cara supaya sing lanang gelem nglereni anggone duwe kesenengan ngrokok. Ing batine Pranti ana panyacad kang tegas. Arepa dipenging sedina kaping sepuluh, supaya Pamuji ora dadi pecandu rokok yen bapake panggah seneng ngrokok, sengara banget yen Pamuji ora ngrokok, nalika ora diweruhi wong tuwane.

            Wektune wis meh Maghrib. Ing ancas arep tutup dhisik kanggo nindakake wajib kang diprentahake dening agama. Sanajan wis rada kesel lan mepet banget wektune karo kumandhange adzan Maghrib, pasien sing isih kari siji, yaiku pawongan lanang tuwa tetep diladeni nganggo tembung sing empuk, grapyak, dimen larane suda.

            “Ingkang dipunraosaken boten sekeca menapa, Kung ?” takone Pranti marang pasien lanang tuwa mau.

            “Mpun tigang dinten niki boten enak ngrasake nedha. Nek dalu boten saged tilem, margi watuk, Bu Mantri,” wangsulane pasien mau.

            “Lha menika, saenipun Mbah Kung boten sah udut. Sing marahi watuk lan boten eca dhahar niku watuke niku lho, Kung.

            “Nggih kula cobi Bu Mantri.”

Wangsulana pitakon ing ngisor iki !

  1. Sapa bae paraga kang ana ing cerita kasebut!
  2. Sebab apa kok Bu Mantri ora seneng yen ana wong ngrokok?
  3. Kepriye watake Bu Pranti iku?
  4. Sapa putrane Bu Pranti iku lan sekolah ing endi?
  5. Kepriye manut panemu yen ana bocah enom nalika numpak bis terus ngaturi lungguhane supaya dilungguhi wong sing luwih tuwa?

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *