1 Alas : Panggonane wit-witan / thethukulan lan kewan-kewan.
2 Alun-alun : Plataran amba ing satengahing kutha.
3 Babadan : Panggonan sing wis dibabadi.
4 Balapan : Panggonan kanggo adu balap.
5 Bale mangu : Panggonan kanggo ngadili wong luput.
6 Bango : Panggonan kanggo dodolan.
7 Bangsal : Panggonan kanggo pasamuwan.
8 Benteng : Tembok gedhe duwur kanggo nahan mungsuh.
9 Besalen : Panggonan kanggo mandhe.
10 Bong : Kuburane wong cina.
11 Bothekan : Wadhah jamu utawa bumbu kanggo masak.
12 Bubat : Panggonan kanggo ngadu samubarang.
13 Cangkruk : Panggonan kanggo jaga kampung.
14 Clunthang : Wadhah jangkrik.
15 Endhong : Wadhah panah.
16 Epok : Wadhah kinang.
17 Esong : Growongan ing pinggiring kali; panggonan landak.
18 Gadhen : Panggonan kanggo nggadhekake barang.
19 Gayor : Kanggo nyanthelake gong.
20 Gedhogan : Kandhang jaran.
21 Gedhong : Omah gedhe kanggo pasamuwan.
22 Gerdhu : Panggonan kanggo jaga.
23 Glodhogan : Kanggo omah tawon.
24 Gowok : Growongan ing wit (dienggo nyusuh manuk).
25 Greja : Panggonan sembahyange wong kristen.
26 Grobog : Kothak kayu sing gedhe kanggo nyimpen barang.
27 Gubug : Panggonan kanggo njaga tanduran.
28 Gudhang : Panggonan nyimpen barang.
29 Gupit mandra gini : Kanggo sarene raja/ratu.
30 Hotel : Omah sewan kanggo penginepan.
31 Iyan : Wadhah kanggo ngeler sega.
32 Jodhang : Grobog sing dipikul, sing isine werna-werna panganan.
33 Jumbleng : Kakus kanggo bebuwang kotoran.
34 Jun : Wadhah banyu kanggo ngangsu.
35 Kabupaten : Daleme bupati pemerintah daerah.
36 Kadhaton : Daleme ratu.
37 Kandhang : Omah kanggo ngingu kewan (kebo, sapi, wedhus, lsp)
38 Kanthong : Sak ing klambi/celana kanggo ngesaki barang.
39 Kanthongan : Kanggo ngadhahi barang-barang.
40 Kantor : Panggonan kanggo nyambut gawe; panggonan kanggo ngurusi samubarang keperluan.
41 Klentheng : Panggonan kanggo sembahyange wong cina.
42 Klenthing : Wadhah kanggo nggolek banyu.
43 Kombong : Kandhang bebek lsp.
44 Krangkeng : Kandhang kewan galak sing nganggo pager wesi tuladha macan.
45 Kranjang : Wadhah sing digawe saka pring sing dienam.
46 Kraton : Daleme ratu.
47 Kuburan : Panggonan kanggo ngubur wong mati.
48 Kuncung : Omah cilik ing ngarepe pendhapa.
49 Kurungan : Kanggo ngingu manuk, pitik, lsp.
50 Langgar : Omah cilik kanggo sembahyange wong islam.
51 Lemari : Kanggo nyimpen sandhangan, barang, lsp.
52 Leng : Bolongan cilik omahe gangsir, semut, rayap, lsp.
53 Loji : Omah apik tinggalane landa.
54 Lumbung : Panggonan kanggo nyimpen pari.
55 Menara : Panggonan sing dhuwur kanggo pepeling.
56 Mesjid : Omah gedhe kanggo sembahyange wong islam.
57 Pacrabakan : Panggonane sang wiku; papan pamulangan.
58 Padaringan : Wadhah kanggo nyimpen beras.
59 Padasan : Panggonan kanggo wudhu.
60 Padhepokan : Papan pamulangan; patapan; omahe pandhita.
61 Paestren : Sawah ing sapinggire kali.
62 Paga : Kanggo nyimpen bekakas pawon.
63 Pagagan : Lemah sing ditanduri pari gaga.
64 Pagajih : Lemah sing diumadi sala walede kali.
65 Pagupon : Omahe dara.
66 Paidon : Wadhah idu.
67 Pakunjaran : Panggonan kanggo ngunjara/ngukum wong luput.
68 Pamulangan : Papan kanggo mulang muruk/sekolahan.
69 Panepen : Papan kanggo semedhi, nepi, taa, lsp.
70 Pantisari : Omah cilik ing satengahe patamanan.
71 Papon : Wadhah apu/enjet.
72 Pasanggrahan : Papan palereman/penginepan ing sajabahing kutha.
73 Pasar : Papan kanggo dodolan utawa tetuku barang.
74 Pasetran : Papan kanggo mbuwang bangke.
75 Patamanan : Lemah sing ditanduri kekembangan.
76 Patapan : Omahe pandhita;omah kanggo tapa.
77 Pawon : Perangan omah sing kanggo olah-olah.
78 Payudan : Panggonan jembar kanggo adu perang.
79 Pekarangan : Papan sakiwa tengene utawa mburi omah.
80 Pelabuhan : Papan kanggo mandhege/labuh prau/kapal.
81 Pelataran : Lemah sangarepe omah.
82 Pendhapa : Perangan omah ngarep kanggo pasamuwan.
83 Pesantren : Papan kanggo mulang muruk para santri.
84 Pesisir : Pinggire segara.
85 Petarangan : Panggonan kanggo nggendhoge pitik.
86 Pinihan : Lemah kanggo ndhedher winih tanduran.
87 Plangkan : Papan kanggo ndeleh tumbak, payung, lsp.
88 Plegungan : Papan kanggo lerene sapi sing eyup.
89 Ploncon : Papan kanggo tumbak, teken, lsp.
90 Pluwang : Luwang kanggo masangi kewan alas.
91 Pomahan : Pekarangan sing didegi omah.
92 Pondhok : Omah kanggo mondhok, ngaji para santri.
93 Pragen : Wadhah uyah utawa bumbu.
94 Pranji : kandhang pitik.
95 Ranggon : Gubuk ing alas kanggo leren utawa njaga kewan.
96 Rong : Leng gedhe omah tikus, yuyu, ula, iwak, lsp.
97 Rumah sakit : Papan kanggo ngruwat wong lara.
98 Sanatorium : Papan kanggo nambani wong lara tbc.
99 Sanggar : Papan kanggo latihan;papan kanggo semedi.
100 Sawah : Lemah kanggo nandur pari, kedhele, tebu, lsp.
101 Segaran : Tetirone segara kanggo ngingu iwak.
102 Sekolahan : Papan kanggo sinau, mulang muruk.
103 Selon : Wadhah bumbu utawa trasi.
104 Senthong : Perangan sajroning omah kanggo turu, utawa ndeleh barang.
105 Setasiun : Papan kanggo mandhege sephur.
106 Setren : Sawah ing sapinggire kali.
107 Slepen : Wadhah rokok, klobot utawa mbako.
108 Song : Omah landhak
109 Sudhung : Grumbul omahe celeng.
110 Susuh : Omah manuk, tikus, bajing, lsp.
111 Tala : Omah tawon.
112 Talun : Panggonan ing pagunungan.
113 Tambak : Papan kanggo ngingu iwak.
114 Tangki : Wadhah lenga, gas, lsp.
115 Tangsi : Papan panggonane tentara.
116 Tegalan : Lemah sing ditanduri palawija, lsp.
117 Tobong : Panggonan kanggo ngobong gendheng utawa gamping.
118 Tulang : Kothak cilik kanggo adu jangkrik.
119 Wantilan : Kandhang gajah
120 Warung : Papan kanggo dodolan panganan.
121 Wihara : Panggonan sembahyang umat budha.
122 Wrangka : Kayu wadhah keris utawa tumbak

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!