BALADA KLETING KUNING

dening

Suripan Sadi Hutomo

Sapa ta sing ra bakal ngruntuhake iki waspa

Yen si kleting tansah dipilara mbok randha

Yen si kleting tansah dipilara sedulur tuwa?

 

Kleting kuning ! Kleting kuning!

Kenya ayu anak angkate mbok randha sambega

Kenya ayu kasihane para jawata

 

Wau ta si kleting kuning

Kinongkon ngumbah dandang tembaga

Nganti mencorong kaya teja

Wau ta si kleting kuning

Nyangking dandang ngener menyang kali bening

Nyangking dandang kambi nangis andrenginging

 

Endi dandangmu, nini

Aku bangu thonthong kang bakal ngumbah ana kali!

 

Cinandhak dandang kinempit swiwine sang sekti

Kinumbah dandang mencorong kaya nalika lagi jinedhi

 

Iki dandangmu lan iki sada lanang wasiat wesi aji

Tampanana nini lan den enggal kowe bali

Awit sedulurmu padha budhal nggah-unggahi

Andhe-andhe lumut ing dhukuh wuluhan desa pasirapan peni

 

Wau ta si bangu thonthong

Ilang musna malih dadi dewa suralaya

Bali makayangan ing swarga loka

Angin semribit angganda cendhana

 

Kagyat mbok randha dhadhapan mbok randha sambega

Dene si kuning ngempit dandang mencorong teja

Iki apa dandang saka swarga

Kang kok tuku nganggo ngorbanake salira?

 

Sang dyah ayu meneng ra suwala

Atine remuk kaya binanting ing Sela

Wau ta sang dyah ayu kleting kuning

Monthah anyuwun palilahe mbok randha sambega

Arep nggah-unggahi sang bagus teruna

Kaya kleting biru, dhadhu, ungu sedulur tuwa

 

 

We la bocah ora kaprah

Rupamu elek kaya silit tampah

Ambumu banger kaya kembang bangah

Kowe arep nggah-unggahi jejaka bagus

Anake mbok randha wuluhan kang kumenthus?

 

Cinandhak sang dyah ayu kleting kuning

Pinupur telek pitik tinapih klaras gedhang

Setagen tampar memehan kinembang eri bandhotan

O, langit biru cakrawala

Apa bener tindake iki mbok randha sambega?

Budhala kowe nek arep lunga

Nanging poma aja bali ing omahku sigra

 

Jumangkah sang dyah ayu kleting kuning

Teka ing bengawan silugangga

Bengawan banjir prahu tambang ora ana

Bingung si kuning arep nyabrang sigra

 

Eeee, minggat kowe si kere budhugen

Aku yuyukangkang tukang tambang bengawan

Eeee, si buron banyu aja ngadhang lakuku

Aku dudu wanita tuna susila adol salira

Aku dudu bangsane buron kang kena kok mangsa

Wau ta sang dyah ayu kleting kuning

Angunus sada lanang saka kayangan

Sinabet banyu bengawan ilang banjir bandhang

Yuyukangkang mati njrekakang

Bangke ilang bali makayangan

 

Wau ta sang dyah ayu anak sambega

Teka ing wuluhan pinapak jodheg lan santa

Mitra rewange sang pekik andhe-andhe lumut sulistya

Ginojek parikena

Wau ta mbok randha wuluhan desa pasirapan

Mapagake si kuning irung tinupup kembang amrik angganda

 

Eeee, gendhuk kowe njaluk apa

Sega karak apa sega ketela?

 

Adhuh nyai kula nyuwun pangaksama

Kula badhe nggah-unggahi kang putra

 

Kaged mbok randha wuluhan desa pasirapan krungu swara

Amandeng pucuking netra

 

Rupamu elek ambumu kelek kethek

Apa kowe bisa bakal katrima?

Wis ping pira para kenya

Kenya ayu dharah mbok randha dhadhapan mbok randha sambega

Tinampik ring sang pekik

We la yen kowe ameksa

Dak jalukke palilah sang jejaka

 

Angin sumribit angganda cendhana

Sumriwing ing kuping

Manuk ngoceh ing pakebonan

Apa kang bakal linakonan?

 

“Putraku ngger si andhe-andhe lumut

Tumuruna ana putri kang ngunggah-unggahi

Putrine kang elek rupane

Kleting kuning itu kang dadi asmane”

 

Kaged mbok randha wuluhan mbok randha pasirapan

Si kleting rinangkul siniram banyu sendhang kencana

Badhar si kuning dadi dewi sekartaji dewi galuh candrakirana

Badhar si bagus dadi raden panji inu kertapati putra jenggala

 

Wau ta mbok randha dhadhapan mbok randha sambega

Kaged asemu gela dene wis milara sang dyah ayu kusuma

Ah, apa kang bakal tinampa

Keris apa pedhang anigas jangga?

Tembung-tembung kang angel !

  1. ngruntuhake = netesake
  2. waspa = eluh
  3. kenya = prawan
  4. jawata = dewa
  5. kinongkong = (saka tembung kongkon + -n dadi kinongkon) tegese dikongkon
  6. teja = cahya, sorot, sinar
  7. ngener = mlaku ngenceng
  8. cinadhak = (saka tembung candak + -in dadi cinandhak ) tegese dicandhak
  9. kinempit = (sakat tembung kempit + -in dadi kinempit ) tegese dikempit
  10. kinumbah = (saka tembung kumbah + -in dadi kinumbah) tegese dikumbah
  11. jinedhi = (saka tembung jedhi + -in dadi jinedhi) tegese cithak
  12. sada lanang = jenenge pusaka
  13. wasiat wesi aji = pusaka
  14. nini = sebutan kanggo bocah wadon
  15. nggah-unggahi = nglamar
  16. wuluhan = jenenge padhukuhan
  17. pasirapan peni = jenenge desa
  18. musna = ilang
  19. suralaya = jenenge kayangan
  20. makayangan = mapan ana kayangan
  21. angganda = mambu
  22. swarga loka = panggonan swarga
  23. cendhana = kayu sing ambune wangi
  24. salira = awak
  25. ra suwala = nurut
  26. binanting = (saka tembung banting + -in dadine banting) tegese dibanting
  27. monthah = brontak
  28. palilah = ijin
  29. teruna = enom, nom-noman, pemudha
  30. kumenthus = sombong
  31. pinupur = (saka tembung pupur +-in dadi pinupur) tegese diwedhaki
  32. tinapih = (saka tembung tapih + -in dadi tinapih) tegese ditapihi, dianggoni jarit
  33. kinembang = (saka tembung kembang + -in dadi kinembang) tegese dianggoni kembang.
  34. setagen = udhet
  35. poma = eling
  36. sigra = cepet
  37. cakrawala = langit
  38. jodheg lan santa = jenenge bature Andhe-Andhe Lumut
  39. sulistya = ayu utawa bagus
  40. amrik = arum, wangi
  41. pangaksama = pangapura
  42. netra = mripat
  43. tinampik = ditolak
  44. pekik = bagus
  45. kencana = emas
  46. badhar = malih rupa dadi
  47. kusuma = kembang, putri kang endah
  48. jangga = gulu

Wangsulana pitakon ing ngisor iki nganggo basa krama kang mathuk !

  1. Sapa satemene Andhe-Andhe Lumut iku?
  2. Lan sapa satemene Kleting Kuning iku ? 
  3. Kleting Kuning iku gambaran bocah wadon sing apik, buktine apa ?
  4. Kleting Abang, Kleting Ijo lan Kleting Biru iku gambarane bocah wadon sing ora becik, buktine apa ?
  5. Sebabe apa Andhe-Andhe Lumut milih Kleting Kuning mangka rupane ala ? 
  6. Yuyu Kangkang iku gambarane wong lanang sing ala tumindake, buktine apa?
  7. Simboke Kleting Kunning, Mbok Randha Sambega watake ala, buktine apa ?
  8. Sapa sejatine Bangu Thonthong kang ngumbah dandange Kleting Kuning ?
  9. Yuyu Kangkang iku sejatine sapa ?
  10. Piwulang becik apa kang kinandhut ana ing crita Andhe-Andhe Lumut ?

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!