
Bebasanyaiku unen-unen kang ajeg panganggone,tegese entar ngemu surasa pepindhan sing dipindhakake kaanan,sifate wong,lan tindak tanduke.
Tuladha Bebasan :
v Di wenehi ati ngrogoh rempela
tegese di wenehi kelonggaran wusana njaluk supaya luwih di murahi maneh;di wenehi kepenak isih kurang kepenak.
Baca Juga : Contoh Paribasan dalam Bahasa Jawa Seahari-hari
Baca Juga : Contoh Paribasan dalam Bahasa Jawa Seahari-hari
v Emban cindhe emban siladan
tegese ora padha pangrengkuhe marang siji lan sijine;pilih kasih,ora adil.
v Kelacak kepathak
tegese wis ora bisa ngungkiri (ngendhani) kaluputane amarga wis kabukten
v Kerot ora duwe ( tanpa ) untu
tegese nduweni sedya ( niyat ,kekarepan,panjangka )nanging ora duwe wragad ( kekuwatan , srana )
v Kocak tandha lukak
tegese wong kang akeh omongane nandhakake yen bodho.
v Kumrisik tanpa kanginan
tegese Marga pancen salah sanajan ora didakwa, atine ora kepenak
- v Lambe setumang kari samerang
tegese olehe mituturi wis bola-bali ,sing di tuturi meksa ora nggugu.
* Madu Balung Tanpa Isi tegese regejegan (padudon ) kang mung merga barang kang remeh/sepele.
v Mbalung usus
tegese niyate kendho kenceng.
v Nabok nyilih tangan
tegese namakake/nindakake panggawe ala sarana kongkonan wong liya.
v Nampel puluk
tegese murungake rejekine wong liya sing arep di tampa.
* Nggayuh-nggayuk tuna,nyandhak-nyandhak luput
tegese kabeh budidayane kagol,ora bisa katekan sedyane.
v Nyempal sambi mancal
tegese wong ngawula (ngabdi) minggat kanthi nggegawa barang darbeke wong kang di kawulani.
v Ora ana banyu mili mendhuwur
tegese kelakuane anak mesthi niru wong tuwane.
v Pandengan karo srengenge
tegese memungsuhan karo wong kang nduweni panguwasa.
v Sandhing kirik gudhigen
tegese Sesrawungan karo wong ala bakal ketularan ala
v Suduk gunting tatu loro
tegese kleru nindakake sawijining pagaweyan ,wusanane gawe kapitunan luwih akeh.