Tembung saroja yaiku tembung loro kang meh padha tegese dienggo bareng.
Tuladha :
- Colong jupuk : tembung colong tegese meh padha karo njupuk.
- Was-sumelang : tembung was utawa was-was tegese meh padha karo
- Ayem tentrem : tembung ayem tegese meh padha karo
Tembung kang kacithak miring ing ukara ngisor iki jangkepana supaya dadi tembung saroja !
- Budi nyuwun idi ……………. marang simboke anggone arep nerusake sekolah SMP.
- Lomboke Pak Sena katon abang …………….ngebaki pategalan mula wis wiwit diundhuhi.
- Amarga larane wis kasep lambene katon biru……….
- Ketiga wis nengahi lumrahe banjur ngancik mangsa bediding. Yen ngancik mangsa bedhidhing yen bengi hawane adhem ………..
- Umume saiki kutha lan desa wis abyor amarga lampu listrik, nanging yen pinuju listrik mati banjur katon peteng …………..
- Kabe yen arep dianakake ruwatan masal ing petilasane Mbah Jatikusuma lan Jatikuswara ing Desa Janjang wis sumebar sarana gethok ……….
- Daksawang saka kadohan katon putih ………… tibake kembang mlathi sing lagi padha mekar.
- Anggone nyambut gawe direwangi ketekuk ………….. ewa semana isih kurang wae.
- Sardi tiba saka sepedha raine nganti babak ……………..
- Para pejuang 45 wis tau ngrasakake lara ………………. jaman penjajahan.