Sanepa ing ngisor iki golekana tegese !

  1. Ing tengahing palagan Resi Bisma dikrocok panah nganti tatune arang. Tatune arang kranjang tegese … .
  2. Kanggo nyukupi kabutuhan sabendinane Pak Krama golek silihan mrana-mrene, mula utange arang wulu kucing. Utange arang wulu kucing tegese … .
  3. Bocah demolan iku polahe anteng kitiran. Polahe anteng kitiran tegese … .
  4. Amarga kurang olah raga balunge wuled godhong lumbu. Balunge wuled godhong lumbu tegese … .
  5. Esti kae dhasare bocahe ayu eseme pait madu. Pait madu tegese … .
  6. Jamune simbah kakung rasane legi bratawali. Legi bratawali tegese … .
  7. Ana bledug ngetutake gajah awake kuru semangka. Awake kuru semangka tegese … .
  8. Si Kancil lagi wae ngombe ana kali, dumadaan ana baya nekani, mula Si Kancil banjur mencolot playune lonjong botor. Playune lonjong botor tegese … .
  9. Sukasrana rupane ala, endhas benjol, rambut abang, pundhak brojol dedege dhuwur kencur. Dedege dhuwur kencur tegese … .
  10. Wong kawruhe jero tapak meri iku kaya kodhok ing njero bathok kumurep. Kawruhe jero tapak meri tegese … .

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!