Gatekna ukara ing ngisor iki !
• Rahwana iku raja ing Alengka kang duweni swara banter banget. Mula swarane prasasat kaya mbelah mbelahna bumi
• Ana ing ukara ”Swarane kaya mbelah-mbelahna bumi” iku kalebu jinising Pepindhan.
• Tembung pepindhan asale saka saka tembung lingga pindha, oleh panambang an. Tembung pindha tegese kaya.
• Pepindhan iku unen unen kang ngemu surasa pepadan, irib-iriban, emper-emperan. Dene pandhapuking ukara pepindhan nganggo tembung kaya, pindha, lir, pendah, kadi, kadya, utawa lir pendah.
Unen-unen ing ngisor iki jangkepana supaya dadi Pepindhan kang becik!
- Ing satengahing paprangan akeh satriya kang padha tandhing nganti tumekaning pati. Mula akehing pepati kaya … .
- Para wanita kang melu ajang “Putri Indonesia” iku lumrahe padha sulistya ing rupa utawa ayu-ayu kaya … .
- Gilang Dirga iku sawijining artis Indonesia kang sarwa bisa apa wae. Bagus ing rupa lan gagah prakosa kadya … .
- Yen pinuju oleh hadiyah saka bapak ibune atine tansah bungah pindha … .
- Para suporter bal-balan kae anggone surak kadya … .
- Bareng adhine tiba saka sepedha montor bajur babak belur, sambate kadya … .
- Raden Werkudara iku satriya Pringgondani kang bagus ing rupa, gagah prakosa lan tandange cukat kadya … .
- Ing mangsa ketiga gorokane Bagas tansah garing amarga panase kaya … .
- Sanadyan bocah sakloron iku diarani bocah kembar nanging duweni sipat kang beda banget. Mula bedane kaya … .
- Pertiwi iku bocah wadon kang dhuwur, kuning lencir, irung mbangir, lan grapyak karo liyan. Mula kenese kaya … .