Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Rangkep, Sasmitaning Tembang Macapat, Araning Papan Dll”

Assalamualaikum Wr.Wb

Selamat bertemu kembali  dengan saya di Blog Dwija Gumilar “Nguri-uri Basa Jawa”.

Anak-anakku,siswa-siswi dan para pecinta Bahasa Jawa, pada kesempatan kali ini kita akan bersama-sama membahas Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Rangkep, Sasmitaning Tembang Macapat, Araning Papan Dll”.

Tembung Rangkep

  1. Tembung Dwipurwa yaiku tembung sing dirangkep wandane sing ngarep.

Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu,kan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku angucap meneng myang nendra, duga-duga aja kari.

  • Tembung deduga – saka tembung duga di rangkep sing ngarep ( purwa ) mula dadi duduga – owah dadi deduga.
  • Tembung reringa – saka tembung ringa dirangkep sing ngarep ( purwa ) mula dadi riringa – owah dadi reringa.

Gawea dadi tembung dwipurwa: 

  1. Tetulung 6. Jejupuk 11. tetuku
  2. Bebungah 7. Lelumpuk 12. lelunga
  3. Lelara 8. Leluri 13. reresik
  4. Reresik 9. Gegaman 14. lelumbah
  5. Dedunung 10. Cecawis 15. Leluhur,jejamu
  1. Tembung Dwiwasana yaiku tembung sing rangkep wandane sing mburi.

Tuladha :

Cekikik, cethethet, cengingis, cengenges, cekakak, mbegegeg.

  1. Tembung Dwilingga yaiku tembung sing dirangkep kabeh linggane.
  2. Tembung dwilingga padha swara yaiku linggane diucapake kaping pindho.

Tuladha : udan-udan,luwih-luwih,mlaku-mlaku,awan-awan,takon-takon,buku-buku,watuk-watuk,meja-meja,kursi-kursi lsp

  1. Tembung dwilingga salin swara yaiku tembung kang dirangkep linggane naging ana saperangan swarane kang owah.

Tuladha : tokan-takon,mloya-mlayu,mongan-mangan,ngomba-ngombe,bola-bali,nongas-nangis,bonjar-banjir,mesam-mesem,thingak-thiinguk,mloka-mlaku.

  1. Tembun dwilinga semu utawa dwi lingga murni yaiku tembung mau ora ana linggane, seumpama dipisah linggane ora ana tegese.

Tuladha : undur-undur,orong-orong,kupu-kupu,anggang-anggang, anting-anting,ontang-anting, ondhe-ondhe,pia-pia,ali-ali, andheng-andheng,

SASMITA TEMBANG MACAPAT

Gatekna !

Sabarang kang dipun ucap, nora wurung mung plehe pribadhi, iku lelabuhan atut, aja nedya anelad, ing watake kangnem prakara punika,kang sayogya ngupayaa, anglir mastimbul ing warih.

Pungkasane pada tembang iki migunakake tetembungan mastimbul ing warih, mas = emas, timbul =mumbul, warih = banyu dadine emas mumbul ing banyu = mas kemambang tegese pupuh sateruse tembang  MASKUMAMBANG. Tetembungan kaya ngene iki di arani sasmita tembang.

Iki samitane tembang apa?

  1. Ayo padha nembang sinambi muthiki roning kamal ( godhong asem ).

Sasmitane tembang : sinom

  1. Padha tembangan madu manis upamane.

Sasmitane tembang dhandhanggula

  1. Ayo padha dikanthi menyang taman kaputren.

Sasmitane tembang : kinanthi

  1. Rama Semar wis mungkur, ayo padha tetembangan.

Sasmitane tembang : pangkur

  1. Jumbuh karo kahanane kang nyenengake ayo padha tetembangan.

Samita tembang : gambuh.

Araning panggonan

1. Kandhang jaran arane Gedhogan

2. Kandhang pitik arane Pranji

3. Kandhamg bebek arane Kombong

4. Kandhang dara arane Pagupon

5. Kandhang jangkrik arane Tulang

6. Kandhang gajah arane Wantilan

7. Kandhang macan arane Krangkeng

8. Omah yuyu arane Rong

9. Omah tawon arane Tala

10. Omah landhak arane Song

Arane  anak kewan

  1. Anak pitik arane  Kuthuk
  2. Anak menthok arane minthi
  3. Anak bebek arane meri
  4. Anak sapi arane pedhet
  5. Anak jaran arane belo
  6. Anak kebo arane gudel
  7. Anak kucing arane cemeng
  8. Anak wedhus arane cempe
  9. Anak gajah arane bledug
  10. Anak cecak arane sawiyah

Bocah Sukerta

Menawi sedaya sampun nindakaken jejibahanipun piyambak-piyambak kanthi sae insya Allah Negari Sukerta Negara Ngamarta enggal badhe ical lan dados negari ingkang gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja.

Tembung Sukerta tegese reged, reribet, alangan. Lha yenana sebutan bocah sukerta iku bocah sing duwe rereged carane ngilangi kudu di ruwat. Bocah sukerta tuladhane bocah ontang-anting yaiku bocah sing ora duwe sedulur amarga anak tunggal.

Tuladha :

  1. Anaka lanang siji diarani ontang –anting.
  2. Anak loro wadon kabeh diarani kembang sepasang

Bocah sukerta ing ngisor iki arana jenenge !

  1. Anak loro lanang kabeh  arene uger-uger lawang
  2. Anak telu lanange ana tengah arane pancuran kapit sendhang
  3. Anak lima wadon kabeh arane pancagati
  4. Anak telu lanang kabeh arane cukit dulit
  5. Ana loro lanang wadon arane kedhana-kedhini

Apa kang dikarepake ?

  1. Bocah sendhang kapit pancuran  yaiku anak telu wadon ing tengah
  2. Bocah julung caplok  yaiku bocah sing lair mbarengi srengenge angslup
  3. Bocah wuyungan yaiku bocah sing lair mbarengi ana perang
  4. Bocah cukit dulit  yaiku anak telu lanang kabeh
    1. Bocah sarimpi  yaiku anak papat wadon kabeh

Tembung Entar

Tembung entar yaiku tembung sing duwe teges ora sabenere/ ora salugune/ arti kiasan.

Tembung entar ing ukara iki tegesna !

  1. Bareng oleh pangalem saka panggedhene , Tono gedhe atine. Gedhe atine tegese bombong, tatag,ora kuatir
  2. Mikirake anake sing angel ditata, Pak Karto mangan ati. Mangan ati tegese susah.
  3. Sawise oleh katrangan saka Pak Lurah bab mumpangate pendhidhikan Pak Suto padhang atine banjur gelem nyekolahake anake. Padhang atine tegese paham,mudheng,jelas,seneng.
  4. Amarga diunen-uneni bulike, Ani banjur pingget atine mula nganti saiki  ora gelem dolan ing daleme  bulike. Pingget atine tegese gela, mangkel,serik.
  5. Pak Krama entek atine bareng dikandhani yen putrane kacilakan. Entek atine tegese kaget,kuatir.
  6. Sari kae lobok atine mula angel nesune. Lobok atine tegese sabar.
  7. Mbak Ririn kae bening atine ora tau duwe ulat peteng. Bening atine tegese sumeh.
  8. Putrane Pak Marno ditugasake ing Aceh, mula Pak Marno cilik atine amarga akeh prajurit TNI kang dadi korban. Cilik atine tegese wedi,jirih.
  9. Tuti kae cupet atine Perkara sepele wae dadi uring-uringan. Cupet atine tegese gampang nesu.
  10. Bocah sing dhuwur atine ora disenengi kancane. Dhuwur atine tegese sombong,gumedhe.

TEMBUNG YOGYASWARA

Tembung Yogyaswara yaiku tembung loro, tembung sing ngarep tiba swara a , tembung sing mburi tiba swara i , sing tegese lanang lan wadon

  • Lomba resik-resik kelas minangka piranti kanggo nggulawenthah marang putra-putri ing babagan karesikan.
  • Tembung putra lan putri iku meh padha bedane a lan i kang mbedakake yen a lanang yen i putri. Dadi putra iku anak lanang, yen putri anak wadon.
  • Tuladha liyane : Mudha-mudhi : mudha tegese bocah enom lanang, mudhi bocah enom wadon, dewa-dewi,widadara-widadari,bethara-bethari, mahasiswa-mahasiswi lsp.Tembung-tembung kaya mangkene iki karan tembung Yogyaswara

Wenehana tandha  contreng ( √ ) ing kolom Ya utawa Ora !

NoTembungTembung Yogyaswara 
YaOra
1Gandarwa-gandarwi
2Siswa – siswi
3Kedhana – kedhini
4Hapsara – hapsari
5Muna – muni
6Raseksa – raseksi
7Ontang – anting
8Bola – bali
9Wira – wiri
10Yaksa – yaksi

BASA KRAMA ALUS

Basa Krama Alus yaiku Basa sing tetembungane migunakake tembung krama kacampur krama inggil tumrap wong sing di ajak guneman ( wong kapindho ) utawa wong sing di gunem ( wong katelu ), dene ater2 lan panambange di kramakake.

( di dadi dipun,e dadi ipun,ne dadi nipun,ake dadi aken )

Owahana dadi basa krama alus !

  1. Aku wis kandha bapak yen aku arep nonton wayang karo Mas Anung ing Blok T Blora.

Kula sampun matur bapak menawi kula badhe ningali ringgit kaliyan Mas Anung wonten Blok T Blora.

  1. Ing Blok T ana bakul wayang,aku ditukokake wayang Gathutkaca bapak.

Wonten Blok T Blora wonten bakul ringgit, kula dipuntumbasaken ringgit Gathut Kaca bapak.

  1. Karcise kanggo nonton wayang ora dakgawa nanging digawa bapak.

Karcisipun kangge ningali ringgit mboten kula beta nanging dipun asta bapak.

  1. Bapak aja ngadeg ana kono,lungguh kene wae,aku sing ngadeg ana kono.

Bapak sampun jumeneng wonten ngriku, pinarak ngriki kemawon,kula ingkang ngadeg wonten ngriku.

  1. Adhiku diwenehi dhuwit simbah kanggo tuku wayang.

Adhi kula dipun paringi arta simbah kangge tumbas ringgit.

  1. Duren sing wis mateng kang tiba saka wite dakwenehake simbah.

Duren ingkang dereng mateng ingkang dhawah saking witipun kuka aturaken simbah.

  1. Aku dhek wingi diwenehi dara lima Pak Dhe dakgawa mulih.

Kula kala wingi dipunparingi dara gangsal Pak Dhe kula beta wangsul.

  1. Dara diwenehi pakan jagung supaya cepet gedhe.

Dara dipun sukani tedhan gandung supados cepet ageng.

  1. Dhuwit susuk tuku gula dak wenehake ibu maneh.

Arta jujul tumbas gendhis kula aturaken ibu malih.

  1. Esuk mau ana duren tiba naging durung mateng banjur dakwenehake adhiku.

Enjing wau wonten duren dhawah nanging dereng mateng lajeng kula sukakaken adhi kula.

  1. Bapak wingi bengi nonton wayang lakon Bima Bungkus ing Blok T Blora.

Bapak kala wingi dalu mirsani ringgit lakon Bima Bungkus wonten Blok T Blora.

  1. Aku melu ibu menyang pasar nukokake oleh-oleh kanggo simbah.

Kula ndherek ibu dhateng peken mundhutaken angsal-angsal kagem simbah.

  1. Sesuk sore aku dikongkon ibu ngeterake simbah bali menyang Magetan.

Benjing sonten kula dipunutus ibu ndherekaken simbah kondur dhateng Magetan.

  1. Bu Mimin lagi wae teka durung nganti lungguh ing kantor guru banjur lunga menyang kelas.

Bu mimin nembe kemawon rawuh dereng ngantos lenggah wonten kantor guru lajeng tindak dhateng kelas.

  1. Simbah arep bali menyang Magetan sesuk esuk.

Simbah badhe kondur dhateng Magetan benjing sonten.

MBENERAKE PANULISAN KANG LUPUT

Tuladha  : 

  • Ojo podo gumun yen ono wong podo lungo. (iki luput)
  • Aja padha gumun yen ana wong padha lunga. (iki sing bener)
  • Blora wis wayahe kuncoro. (iku luput )
  • Blora wis wayahe kuncara. ( iku sing bener )
NoUkaraKet
1Podo-podo  sedulor ojo podo taworSalah
Padha-padha sedulur aja padha tawurBener
2Bagas  moco buku boso  JowoSalah
Bagasa maca buku basa  jawaBener
3Urip ing alam donyo papane golek sangu ing suwargoSalah
Urip ing alam donya papane golek sangu ing suwargaBener
4Kirimanmu wis ditompo wingi soreSalah
Kirimanmu wis ditampa wingi soreBener
5Welingku  ono ndalan sing athi-athiSalah
Welingku  ana ndalan sing ati-atiBener
6Raden Setyaki ati-atine ngudhup turiSalah
Raden Setyaki athi-athine ngudhup turiBener
7Ngudi  ngelmu ojo podo sembronoSalah
Ngudi  ngelmu aja padha sembranaBener
8Karo konco ayo sing rukonSalah
Karo kanca ayo sing rukunBener
9Mripate loro, loro kabeh kudhu diobatiSalah
Mripate loro,lara kabeh kudu diobatiBener
10Poro konco podo thuku thahuSalah
Para kanca padha tuku tahuBener
11Aku mau wis kondo yen arep nggowo segoSalah
Aku mau wis kandha yen arep nggawa segaBener
12Wis urip mulyo ojo lali sedulorSalah
Wis urip mulya aja lali sedulurBener

Untuk download materi, klik gambar di bawah ini :

UNDUH DISINI [BUDIARIANTO.WEB.ID]
UNDUH DISINI [BUDIARIANTO.WEB.ID]

Demikian tadi sedikit pembahasan tentang Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Rangkep, Sasmitaning Tembang Macapat, Araning Papan Dll”, semoga bermanfaat bagi kita semua dan semoga bahasa jawa tetap lestari sepanjang masa. aamiin….

Anda Juga Bisa Membaca Materi Lainya :

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Araning Panggonan Lan Anak Kewan”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Balada Kleting Kuning”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Basa Karma Alus”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Bocah Sukerta”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Cangkriman”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Dina Lan Pasaran”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Rangkep, Sasmitaning Tembang Macapat, Araning Papan Dll”

Materi Pelajaran Kelas VII Semester Gasal

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Mbenerake Panulisan Kang Luput”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Ratu Bel Geduel Beh”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Sasmita Tembang Macapat”

Soal Ulangan Harian Kelas 7

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Entar”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Rangkep”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Saroja”

Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Yogaswara”

10 thoughts on “Materi Daring Bahasa Jawa Kelas 7 “Tembung Rangkep, Sasmitaning Tembang Macapat, Araning Papan Dll””

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!