Assalamualaikum Wr.Wb

Selamat bertemu kembali  dengan saya di Blog Dwija Gumilar “Nguri-uri Basa Jawa”.

Anak-anakku,siswa-siswi dan para pecinta Bahasa Jawa, pada kesempatan kali ini kita akan bersama-sama membahas materi tentang Serat Wulangreh Pupuh Durma.

Durma berasal dari kata “darma/weweh” (berderma/memberikan sumbangan). Sifat alami manusia apabila telah merasa berkecukupan maka kemudian timbul rasa welas asihnya kepada sesama yang sedang diterpa masalah.Oleh karena itu, kemudian timbul perusaan iba dan ingin memberikan sumbangan kepada sesama. Karena itu memang sudah menjadi watak manusia yang ingin selalu berderma akibat dari welas asih hatinya.

Pandangan lain mengatakan istilah Durma merupakan kepanjangan dari “munduring tata krama”, dan sepertinya pandangan tentang pengertian Durma inilah yang lebih sesuai dengan watak dan karakter tembang durma. Tembang Durma menggambarkan sifat karakter manusia yang sedang lalai, congkak, sombong, dan ingin menang sendiri. Masa seperti ini biasanya sering dialami manusia dewasa yang telah mendapatkan kesuksesan, kejayaan dan hingga lupa diri.

Tembang Durma memiliki watak amarah, keras, sombong, dan penuh hawa nafsu.

Aturan guru gatra, guru lagu dan guru wilangan Tembang Durma yaitu:

12a-7i-6a-7a-8i-5a-7i

Artinya:

  1. (Guru gatra = 7) Durma memiliki 7 larik atau baris kalimat.
  2. (Guru wilangan = 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7) Kalimat pertama berjumlah 12 suku kata, dan seterusnya hingga kalimat ke tujuh sesuai urutan memiliki jumlah suku kata tersebut diatas.
  3. (Guru lagu = a, i, a, a, i, a, i) Akhir suku kata setiap kalimatnya bervokal a, i, a, a, i, a, i.

Tembang Macapat iku ana 11 yaiku :

  1. Maskumambang
  2. Mijil
  3. Sinom
  4. Kinanthi
  5. Asmarandana
  6. Gambuh
  7. Dandhanggula
  8. Durma
  9. Pangkur
  10. Megatruh
  11. Pocung

Tembang macapat iku duweni paugeran utawi pathokan :

  1. Guru gatra yaiku cacahing larik utawi baris saben sapada.
  2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda ( kecap utawi suku kata ) saben sagatra.
  3. Guru lagu utawi dhong dhing yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra.

Tembang Durma  iku kalebu salah sijine tembang macapat. Wondene paugeran utawi pathokan tembang durma  yaiku :

  1. Guru gatra : ana 7 larik/baris
  2. Guru wilangan : 12,7,6,7,8,5,7
  3. Guru lagu : a,i,a,a,i,a,i
  4. Watake tembang durma  yaiku murka,nepsu,muntap.

Tembang Durma minangka salah sijine tembang ing Serat Wulangreh, anggitane Paku Buwono kaping papat ( PB IV ),Isine pupuh Durma yaiku carane ngendhaleni hawa nepsu, jlentrehe dadi wong iku aja gumedhe/ angkuh, aja seneng nacat, aja seneng maido, aja seneng nyalahake wong liya. Saben pada tembang Durma isi piwulang luhur kang migunani tumrape  para siswa, guru,lan sing gelem maca.

Serat Wulangreh pupuh durma.

Anggitanipun Kanjeng Sri Susuhunan Pakubuwana IV.

Pada 1

Dipun sami ambanting sariranira,

cegah dhahar lan guling,        

darapon sudaa,

nepsu kang ngambra-ambra,

rerema ing tyasireki,

dadi sabarang,

karsanira lestari.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :

Latihen lan biasakna awakmu urip lan laku prihatin kanthi cara nguarani mangan an turu. Kabeh iku  minangka srana kanggo ngurangi hawa lan nepsu, yen prelu karo tafakur lan ngeningake cipta nyedhak marang sing gawe urip. Kabeh iku bisa ndadekake kabul/kaleksanan panjangkamu/cita-cita.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Biasakanlah melatih dirimu untuk prihatin degan mengurangi makan dan tidur agar berkurang nafsu yang menggelora,heningkan hatimu hingga tercapai yang kau inginkan.

Pada 2

Ing pangrawuh lair batin aja mamang,

yen sira wusudani,

mring sarianira,

lamun ana kang murba,

masesa ing alam kabir,

dadi sabarang,

pakaryanira ugi.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :

aja ragu utawa rangu-rangu marang pangetahuan lair lan batin amarga yen sliramu bisa mangerteni,kabeh bisa kasil. Percaya yen ing donya iki ana kang kuwasa lan nitahake urip yaiku kang Murbeng dumadi/Gusti.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Janganlah ragu terhadap pengetahuan lahir batin. Jika kau memahami bahwa dalam kehidupan ini ada yang berkuasa,mudah-mudahan keinginanmu terkabul.

Pada 3

Bener luput ala becik lawan begja,

Cilaka mapan saking,

ing badan priyangga,

dudu saking wong liya,

pramila den ngati-ati,

sakeh durgama,

singgahana den eling.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :

Ala,becik,bener,luput iku saka awakmu dhewe, dudu saka wong liya, mulane urip iku kudu ngati-ati saka sakabehing pitnah, godha marang sliramu. Kabeh iku kudu kosingkiri kanthi eling lan waspada.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Benar,salah,baik,buruk, serta untung rugi, bukanlah berasal dari dirimu sendiri, buka dari orang lain. Oleh karena itu, hati-hatilah terhadap segala ancaman, hindari dan ingat.

Pada 4

Mapan ana sesiku telung prakara,

nanging gedhe pribadi,

paniki lilira,

ingkang telung prakara,

poma ywa nggunggung sireki,

kalawan aja,

nacat kepati-pati.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :

Ana telung prakara kang kudu kokngerteni, telung prakara kasebut yaiku aja gumedhe (angkuh), aja ngece lan maido marang liyan. Iku wigati kongerteni sajroning urip.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Ada tiga perkara utama yang harus kamu ketahui, ketiga perkara tersebut adalah jangan menyombongkan diri, jangan mengejek, dan jangan mencela.

Pada 5

Lawan aja mamaoni barang karya,

thik-thik memaoni,

samubarang polah,

tan kena wong kumlebat,

ing mangsa mengko puniki,

mapan wus lumrah,

padha wasis  maoni.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :

Sing angka telu yaiku aja nyacad/ngritik lan nyalah-nyalahake pagaweyane wong liya. Kabeh tumindake wong liya tansah dicacat, sarwa ora kabeneran, kabeh dianggep luput. Iku kabeh kagawa ing jaman keterbukaan, kabeh wong oleh ngomong,oleh maido.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Jangan mengkritik hasil orang lain,sedikit-sedikit mengkritik, segala tingkah orang lain dikritik. Memang zaman sekarang sudah lumrah orang mengkritik.

Pada 6

Mung tindake dhewe nora winaonan,

ngrasa bener pribadi,

sanadyan benera,

yen tindake wong liya,

pesthine ingaran sisip,

iku kang lumrah,

nganggo bener pribadi.

Terjemahan bebas mawa basa jawa : 

Panggawene dhewe kang ora dipaido/dicacat, amarga dhewewke rumangsa sing bener dhewe, pinter dhewe. Tumindak lan panggawene wong liya senajan bener, diarani lupu(salah). Pangira lan pandakwa kang kaya mangkono iku luput amrga kang dadi ukuran bener lan lupute, mung awake dhewe.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Hanya hasil karya sendiri yang tidak dikritik karena merasa paling benar. Meskipun benar, perbuatan orang lain pasti dikatakan salah. Hal itu salah karena kebenarannya menggunakan (ukuran) diri sendiri.

Pada 7

Nora nana panggawe kang luwih gampang,

kaya wong maoni,

sira eling-elinga,

aja sugih waonan,

den samya raharjeng budi,

ingkang prayoga,

singa-singa kang lali,

Terjemahan bebas mawa basa jawa :

Ora ana panggawe kang entheng kajaba mung maido wong liya amarga maido iku gampang diucapake, nanging kudu kongerteni, aja kerep maido/nyacat wong liya, luwih becik tansah duweni pikiran kang becik.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Tidak ada perbuatan yang lebih mudah daripada megkritik. Kau ingatkan, jangan terlalu sering mengkritik, selalulah berpikir baik.

Pada 8

Ingkang eling angelingna iya marang,

sanak kanca kang lali,

den nedya raharja,

mangkana tindakira,

yen datan kaduga uwis,

teka menenga,

aja sokangrasani.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa :

Sapa wonge kang lali, kudu dielingke ora malah disalahke. Kabeh sedulur, sanak lan krabat kudu bisa tumindak kaya mangkono. Tumindak iku prelu ditiru, nanging yen ora bisa niru lan nuladha luwih becik meneng.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Dari yang ingat, maka ingatkan. Kepada sanak dan kerabat semoga bahagia. Begitu seharusnya tindakanmu, namun jika tidak diturut, maka diamlah, namun jangan membicarakan

Pada 9

Nemu dosa anyela sapadha-pada,

dene wong ngalem ugi,

yen durung tetela,

ing becike manungsa,

aja age nggunggung kaki,

menek tan nyata,

dadi cirinireki.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa :

Yen kerep ngomongke liyan iku kapatrapan dosa, semana uga yen ngalem samubarang kang durung mesthi, amarga ngalem samubarang kang durung mesthi lan durung ana buktine/nyatane iku malah ndadekake cilaka marang awakmu dhewe.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Kau akan berdosa pada sesama. Begitupun jika kau memuji yang belum kau buktikan kebenarannya, jangan terburu-buru memuji, Anakku. Karena jika tidak terbukti, malah akan menjadi celaan pada dirimu sendiri.

Pada 10

Dene ingkang kaprah ing mangsa samangkya,

yen ana den senengi,

ing pangalemira,

pan kongsi pandirangan,

matane kongsi mandelik,

nadyan alaa,ginunggung becik ugi.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa :

Ing jaman saiki, wong kang disenengi dialem, diugung, disubya-subya, senajan sabenere wong iku ala. Kabeh diarani apik, ora ana cacade.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Adapun yang sering terjadi pada jaman sekarang adalah jika ada orang disenanginya, dipuji setinggi langit sampai matanya melotot. Meskipun jelek, tetap dikatakan baik.

Pada 11

Aja ngalem aja mada lamun bisa,

yen uga jaman mangkin,

iya samubarang,

yen ora sinenengan,

den poyok kepati-pati,

nora prasaja,

sabarang kang den pikir.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa :

Manawa bisa dadi wong iku prasaja lan netral, ora seneng ngalem apadene nyacad wong liyan. Nanging ing jaman saiki, sing ora disenengi dicacd entek-entekan, lan sing dipikirke lan pandakwane mesthi sing dielek-elek.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Kalau bisa , jangan memuji atau mencela. Namun, kini jik tidak disenangi, akan dicela habis-habisan, yang dipikirkan pun bermacam-macam.

Pada 12

Ngandhut rukun becik ngarepan kewala,

ing wuriangrasani,

ingkang orar-ora,

kabeh kang rinasan,

ala becik den rasani,

tan parah-parah,

wirangronge gumanti.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa :

Ala lamis, ngalembana yen ana wonge, nanging dicacat entek-entekan yen ora ana wonge, malah kabeh wadine/kaelekane dicact lan dibukak kabeh. Mangkono iku ora bener. Banjur nyandhak tembang sabanjure yaiku tembang Wirangrong.

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Pada awalnya, berpura-pura baik,tetapi dibelakang diicaraka yang bukan-bukan, pembicaraan pun berganti ( wirangrong merupakan isyarat pergantian pola tembang berikutnya yaitu Wirangrong )

Demikian tadi sedikit pembahasan tentang materi  tentang Serat Wulangreh Pupuh Durma ,semoga bermanfaat bagi kita semua dan semoga bahasa jawa tetap lestari sepanjang masa. aamiin….

3 thoughts on “Serat Wulangreh Pupuh Durma”
  1. An interesting discussion
    is definitely worth comment. There’s no doubt that
    that you need to write more on this issue,

    it might not be a taboo subject but generally folks don’t discuss
    these issues. To the next!
    Kind regards!!

Tinggalkan Balasan ke Blessphemy Guitar Solo Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!