Assalamualaikum Wr.Wb

Selamat bertemu kembali  dengan saya di Blog Dwija Gumilar “Nguri-uri Basa Jawa”.

Anak-anakku,siswa-siswi dan para pecinta Bahasa Jawa, pada kesempatan kali ini kita akan bersama-sama membahas materi tentang tembung Homograf.

Apa yang di maksud tembung homograf  dan apa saja contohnya? mari di simak artikel di bawah ini!

Homograf berasal dari kata Homo dan graf  yang mempunyai arti sejenis dan tulisan. Jadi homograf itu adalah sebuah kata yang penulisannya sama akan tetapi arti dan juga pelafalannya berbeda. Homograf ini kebalikan dari homofon. Homofon yaitu penulisan katanya berbeda akan tetapi pelafalannya sama. Kata-kata yang termasuk homograf mudah dimengerti sehingga kita dapat dengan mudah tahu apa makna dari kata tersebut.

Jadi dapat disimpulkan Homograf adalah kata-kata yang sama penulisannya, akan tetapi berbeda pengucapan dan artinya.

Tembung Homograf yaiku tembung – tembung kang padha panulisane nanging beda pangucapan lan tegese.

Tuladha :

1. Eyang kakung ngagem ageman

Cemeng : ireng.

Nggarap soal kok plingak-plinguk kaya cemeng.

Cemeng : anak kucing.

2. Ibu tindak pasar mundhut oleh-oleh cethot.

Cethot : arane panganan saka tela diparut,

Adhiku nangis mingsek-mingsek,amarga dicethot bokonge.

Cethot : dijiwit.

3. Kula ngrumaosi kathah lepat saha kekirangan,nakal,rewel,asring geger kaliyan kanca saengga ndadosaken kirang renaning penggalihipun Bapak saha Ibu Guru.

Geger : perang utawa regejegan.

Sumidi nggendhong adhine ing geger.

Geger : perangan awak sisih mburi.

4. Sirape diganti nganggo gendheng

Gendheng : bahan payon omah ( genting )

Simbah ditambakake amarga lara gendheng.

Gendheng : encok/linu.

5. Perangane ukara iku ana sing dadi jejer,wasesa lan lesan.

Jejer : subyek

Nyangking ember kiwa tengen,lungguh jejer tamba kangen

Jejer : bareng/ sandhing.

6. Yen pancen kendel, kowe mangkata dhewe ora usah njaluk diterke.

Kendel : wani

Mangga Paklik sampeyan kendel ing griya kula senaosa namung sekedhap.

Kendel : mampir

7. Bulik Popi wingi mundhut sepedha motor ing dealer mbayare kenceng.

Kenceng : lunas

Adhiku dak boncengake sepedha gondhelan kenceng wedi yen tiba.

Kenceng : kuwat

8. Bocah kesed bakale dai bodho.

Kesed : wegahan.

Yen arep mlebu omah kesed dhisik.

Kesed : ngresiki sikil.

9. Nyambel wae mecahake lemper.

Lemper : cowek

Bocah iku kewageren mangan lemper.

Lemper : panganan saka ketan

10. Tuku rokok mung ler-leran

Ler-leran : ijen.

Kowe aja playon ing ler-leran gabah.

Ler-leran : papan kanggo ngeler / njereng

11. Pakdhe Darna yen dhahar iwak pitik remen milih menthok.

Menthok : dhadha menthok

Nalika ana kegiatan jalan santai ing kecamatan Budiman oleh hadiah menthok.

Menthok : kewan

12. Kowe ora usah meri karo anake wong duwe sing kabeh panjaluke keturutan.

Meri : iri

Meri iku sanajan isih cilik nanging wis pinter nglangi.

Meri : anak bebek

13. Wong sing gaweane nderes klapa utawa siwalan saben dina penekan.

Nderes :  njupuk banyu bahan gula kang metu saka manggar klapa/aren/siwalan.

Ing wulan Ramadhan akeh umat sing padha nderes Alqur’an ing mushola utawa mesjid.

Nderes :  maca /ngaji.

14. Iwak lele iku pancen enak yen dipecel,mula diarani pecel lele.

Pecel : dimasak pecel

Tunggak kayu sing arep kanggo kayu obong iku dipecel nganggo prekul.

Pecel : disigar

15. Aksara “ra” yen dipepet iganti “pa ceret”

Pepet : diwenehi sandhangan pepet sing unine “e”.

Bocah kuwi dipepet nganti ora bisa obah.

Pepet : didhesek/disuk.

16. Wit jatine Pak Sigit ing pereng tegal kidul kali wis gedhe-gedhe.

Pereng :  papan sing miring

Lik Sindi nggoreng peyek nganti pereng amarga lali ditinggal ngundang adhine.

Pereng : gosong

17. Kowe mengko yen wis sela dolana menyang omahku!

Sela :longgar

Pak tukang nembe mecahi sela kangge mondhasi mesjid dhusun.

Sela : watu

18. Giman wis ora bisa selak maneh, amarga wis kebukten yen ing jero tase ana jam tangane kancane sing ilang sesasi kepungkur.

Selak :mungkir

Agung, kowe selak arep menyang endi ta,mangan kok cepet-cepet.

Selak : kesusu

19. Ketiga dawa tela-tela ing sawah amba-amba.

Tela : lemah bengkah/pecah.

Tela-tela jabut iki bisa digawe pathi.

Tela : pohung.

20. Prabu Dewatacengkar kadunungan watak tegelan.

Tegelan : mentalan.

Omah-omah ing desa saiki akeh sing wis tegelan.

Tegelan : keramik.

Demikian tadi sedikit pembahasan tentang materi  tembung homograf  dan contohnya ,semoga bermanfaat bagi kita semua dan semoga bahasa jawa tetap lestari sepanjang masa. aamiin….

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!