Tembung rangkep atau dalam bahasa Indonesia bisa disebut kata ulang. Tembung rangkep adalah semua kata yang dibaca dua kali, bisa semua seluruh kata atau hanya satu suku kata saja.
Tembung Rangkep yaiku tembung sing diwaca kaping pindho kabeh linggane utawa wandane.
Ada tiga macam tembung rangkep yaitu, tembung rangkep dwipurwa, tembung rangkep dwiwasana, dan tembung rangkep dwilingga.
Tembung rangkep iku ana 3 yaiku tembung dwipurwa, dwiwasana lan tembung dwilingga.
- Tembung Dwipurwa yaitu kata yang dirangkap suku katanya yang depan atau tembung dwipurwa yaiku tembung sing dirangkep wandane sing ngarep.
Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu,kan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku angucap meneng myang nendra, duga-duga aja kari.
- Tembung deduga – saka tembung duga di rangkep wandane sing ngarep ( purwa ) mula dadi du + duga dadi duduga – owah dadi deduga.
- Tembung reringa – saka tembung ringa dirangkep wandane sing ngarep ( purwa ) mula dadi ri + ringa dadi riringa – owah dadi reringa.
- Tuladha liyane : tetulung,bebungah,lelara,reresik,dedunung,jejupuk,lelumpuk,leluri,gegaman,cecawis,tetuku,lelunga,jejamu,lelumbah,leluhur lsp.
2. Tembung Dwiwasana yaitu kata yang dirangkap suku katanya yang belakang atau tembung dwiwasana yaiku tembung sing rangkep wandane sing mburi.
Tuladha :
- Cekikik asale saka tembung cekik dirangkep wandane sing mburi mula dadi cekik +kik dadi cekikik.
- Cekakak asale saka tembung cekak + kak dadi cekikik.
- Tuladha liyane : cethethet, cengingis, cengenges, mbegegeg. Lsp.
3. Tembung Dwilingga yaitu kata yang dirangkap atau diucapkan dua kali atau tembung dwilingga yaiku tembung sing dirangkep kabeh linggane.
- Tembung dwilingga padha swara yaiku linggane diucapake kaping pindho. Tuladha : udan-udan,luwih-luwih,mlaku-mlaku,awan-awan,takon-takon,buku-buku,watuk-watuk,meja-meja,kursi-kursi lsp
- Tembung dwilingga salin swara yaiku tembung kang dirangkep linggane naging ana saperangan swarane kang owah. Tuladha : tokan-takon,mloya-mlayu,mongan-mangan,ngomba-ngombe,bola-bali,nongas-nangis,bonjar-banjir,mesam-mesem,thingak-thiinguk,mloka-mlaku.
- Tembung dwilinga semu utawa dwi lingga murni yaiku tembung mau ora ana linggane, seumpama dipisah linggane ora ana tegese. Tuladha : undur-undur,orong-orong,kupu-kupu,anggang-anggang, anting-anting,ontang-anting, ondhe-ondhe,pia-pia,ali-ali, andheng-andheng,