Teks Deskripsi yaitu karangan suatu tulisan atau karangan yang menggambarkan atau memaparkan suatu objek,lokasi,keadaan atau benda dengan kata-kata dengan jelas. Siapa saja yang membaca karangan deskriptif iki seperti melihat sendiri obyek yang digambarkan di paragraf atau karangan deskriptif tersebut.
Teks Deskripsi Yaiku paragraf utawa karangan kang isine nggambarake sawijining obyek (bisa panggonan utawa wewujudan liyane) kanthi tetembungan ingkang trewaca. Sok sapa kang maca paragraf iki kaya-kaya ngerti dhewe obyek kang digambarake ana ing jroning paragraf iki.
Dibawah ini contoh dari cerita tentang teks deskriptif tentang Peristiwa budaya dengan judul “ Ziarah Sunan Pojok “.
Ing ngisor iki tuladhane crita isi teks deskriptif babagan persitiwa budaya kanthi irah-irahan “ Ziarah Sunan Pojok “ lan ” Sejarah Bupati Blora “
Teks 1 :
ZIARAH SUNAN POJOK
Saderengipun pengetan Hari Jadi Kabupaten Blora ingkang kaping 268 tanggal 11 Desember 2017 Pemkab Blora ngawontenaken kegiatan ziarah wonten pesarean Bupati Blora ingkang rumiyin-rumiyin kalebet tokoh pendiri Blora.
Ziarah dipunpimpin langsung Bupati Djoko Nugroho, kadherekaken Wakil Bupati H.Arief Rohman M.Si, Ketua DPRD Ir. H. Bambang Susilo, Dandim 0721/Blora Letkol Inf. Susilo S.Sos, Wakapolres Kompol Indriyanto Dian Purnomo SH, Kepala Kemenag Blora Nuril Anwar, Sekda Drs. Bondan Sukarno MM, lan sedaya Kepala OPD (Organisasi Pemerintah Daerah). Kegiatan ziarah inggih menika maos tahlil sesarengan. Sedaya pandherek ziarah ngagem ageman Jawi Solo, inggih menika beskap landung tanpa keris.
Bupati Djoko Nugroho ngendika bilih kegiatan ziarah menika minangka kegiatan rutin kangge caos pakurmatan dhumateng priyagung ingkang kala rumiyin sampun mbudidaya amrih Blora saged kuncara. Wosing kegiatan ngaturaken pandonga mugi-mugi para sesepuh Blora ingkang sampun sumare kaparingan panggenan ingkang sae lan ingapura sedaya kalepatanipun.
Sunan Pojok salah setunggalipun priyagung ingkang dipunziarahi. Sunan Pojok waliyullah ingkang nggiyaraken agami Islam wonten ing tlatah Blora. Sunan Pojok ugi kasebat Pangeran Pojok, Pangeran Surabaya, Pangeran Surabahu, Pangeran Sedah, Syaikh Amirullah Abdurrochim, Wali Pojok Blora. Ugi kasebat Mbah Benun. Sunan Pojok menika saking Mataram (Yogyakarta), panjenenganipun Panglima perang lan Adipati di Tuban. Panjenenganipun kaparingan tugas dening Sultan Agung Hanyokrokusumo :
- Perang lumawan VOC wonten Batavia, mimpang tanggal 20 November 1626.
- Nelukaken dhaerah Pati, Tuban, Pasuruan sarta Surabaya.
Sasampunipun kasil nindakaken tugas menika Sunan Pojok caos palapuran dhumateng Sultan Agung Hanyokrokusumo wonten Mataram. Sakonduripun saking Mataram nandhang gerah, wusana seda kasarekkaken wonten Dusun Pojok, Karangnangka, Kecamatan Banjarejo, Kabupaten Blora.
Dening RM. Somadito (Tumenggung Wilatikta) putra angka kalih saking Sunan Pojok ingkang dados Bupati Blora sepisan pasareanipun kapindhah wonten Pasarean Gedhong Blora Jl Mr.Iskandar I/1 Blora, sakidulipun alun-alun kitha Blora.
Sunan Pojok kagungan putra tiga (1) Pangeran Kleco, dipunsarekaken wonten Komplek Pemakaman Sunan Kudus, (2) Pangeran Joyo Dipo / RM. Somadito / Tumenggung Wilatikta Bupati Blora kapisan, (3) Pangeran Dipoyuda, kasarekaken wonten Tambaksari, Blora.
Sabibaripun ziarah, kalajengaken Jamasan Pusaka lan Kirab Pusaka. Dene minangka gongipun kegiatan inggih menika Kirab Budaya tanggal 11 Desember 2017.
Sumber : harianblora.com
Tembung-tembung angel :
NO |
Tembung-tembung angel |
Tegese |
1 |
Pengetan |
Saka tembung enget (eling) (ingat dalam bahasa Indonesia dadi Peringatan) yen basa Jawa padha karo pahargyan. (Eling kramane enget) |
2 |
Pesarean |
Asale saka (pa + sare + an) tegese papan kanggo nyareake layon (mayit) padha karo kuburan. |
3 |
Rumiyin |
Ndhisik, mbiyen yen dikramakake dadi rumiyin. |
4 |
Kalebet |
Kalebu (kramane dadi kalebet) |
5 |
Kadherekaken |
Dieloki, dietutake (kramane dadi kadherekaken) |
6 |
Maos |
Maca ( saka undha usuking basa maca-maos) |
7 |
Pandherek |
Sing melu saka undha usuking basa (melu – tumut – ndherek) |
8 |
Ngagem |
Nganggo (saka undha-usuking basa Nganggo –ngangge – ngagem ) |
9 |
Ageman |
Penganggo, sandhangan (kramane ageman) |
10 |
Beskap Landhung |
Jinising busana Jawa (kaya gambar ) |
11 |
Caos pakormatan |
Atur pakormatan, atur kurmat. |
12 |
Priyagung |
Saka tembung priyayi lan agung = piyayi gedhe |
13 |
Mbudidaya |
Ngupaya, usaha |
14 |
Amrih |
Supaya |
15 |
Kuncara |
Kondhang, misuwur, terkenal |
16 |
Wosing |
Intine, bakune. |
17 |
Sumare |
Sakat tembung sare+ seselan UM = sUMare. Tegese wis disarekake/dikubur (seda) |
18 |
Ingapura |
Saka tembung apura + IN = INapura dadi ingapura tegese dingapura. |
19 |
Walillah |
Waline Gusti Allah. |
20 |
Nggiyaraken |
Nggiyarake, nyiarake, nyebarake. |
21 |
Tlatah |
Laladan, wilayah, dhaerah. |
22 |
Kasebat |
Kasebut dikramakake dadi kasebat. |
23 |
Lumawan |
Saka tembung lawan + UM dadi lUMawan= lumawan tegese nglawan, musuh, memungsuhan. |
24 |
Mimpang |
Menang dikramakake dadi mimpang. |
25 |
Nandhang gerah |
Nandhan lara. (Urutan undha-usuking basa Lara – sakit – gerah) |
26 |
Wusana |
Pungkasane, akhire |
27 |
Seda |
Mati (saka undha-usuking basa mati, pejah, seda) |
28 |
Jamasan pusaka |
Adicara ngumbah pusaka /gaman |
29 |
Kirab pusaka |
Adicara ngirab pusaka / gaman |
30 |
Kirab budaya |
Adicara kirab saben tanggal 11 Desember ing Kabupaten Blora |
Teks 2.
SEJARAH BUPATI BLORA
Miturut sejarah Blora dadi kabupaten nalika dina Kamis Kliwon, tanggal 1 Sura tahun Alib 1675 tahun Jawa, utawa tanggal 11 Desember 1749 M. Sing dadi bupati kapisan yaiku Wilatikta. Sawise Mataram kaperang dadi loro, Tumenggung Wilatikta milih mundur saka jabatan bupati sebab dheweke ora gelem kabawah Kasunanan Surakarta.
Tumenggung Wilatikta mundur saka jabatan Bupati Blora amarga dheweke ora gelem kerjasama karo penjajah (Walanda). Mataram kabawah Pangeran Mangkubumi gething banget lan ora gelem kerjasama karo Walanda. Beda karo Kasunanan Surakarta kang isih gelem dijak kerjasama karo Walanda.
Sikap Wilatikta kang ora gelem kerjasama karo Walanda kena kanggo kaca benggala (tuladha) tumrap bangsa Indonesia utamane warga Blora. Sikape Wilatikta sing kaya mangkono iku ora adoh saka ramane yaiku Sunan Pojok uga kasebut Pangeran Pojok, Pangeran Surabaya, Pangeran Surabahu, Pangeran Sedah, Syaikh Amirullah Abdurrochim, Wali Pojok Blora.
Sebutan mau nduweni teges lan maksud, dene maksude ora liya supaya kena kanggo tuladha.
- Pangeran Pojok tegese pangeran kang mapan ana ing desa Pojok, Kecamatan Bajarejo Kabupaten Blora.
- Pangeran Surabaya, pangeran kang bisa nelukake Surabaya.
- Pangeran Surabahu, tegese pangeran kang kuat, sentosa bahune mula bisa mrantasi gawe, menang perang ing Batavia, nelukake Pati, Tuban lan Surabaya.
- Pangerah Sedah, tegese pasrah sumarah marang Kuwasane Gusti Allah Pangeran Maha Suci, ora gumedhe dupeh dadi wong sentosa sekti madraguna.
- Seikh Amirullah Abdurrochim tegese wong kang bener-bener taat karo Gusti Allah ora nerak larangane mula kena kanggo tuladha warga Blora.
- Wali Pojok tegese waline Gusti Allah ing wewengkon
Sarasilah lan Bupati Blora wiwit ngadeg nganti tekan sadurunge kamardikan :
- Tumenggung Wilatikta ( 1749-1755 )
- Djayeng Tirtonoto ( 1762-1782 )
- Tirtokusumo ( 1782-1812 )
- Prawiro Yudho (1812-1823 )
- Tirto Nagoro ( 1823-1842 )
- Aryo Cokronagoro I ( 1842 )
- Tirto Nagoro ( 1843-1847 )
- Panji Noto Nagoro ( 1847-1857 )
- Tjokro Nagoro II ( 1873-1886 )
- Tjokro Nagoro III ( 1986-1912 )
- Said Abdulkadir Jaelani ( 1912-1926 )
- Tjakraningrat ( 1926-1938 )
- Muryono Joyodigdo ( 1938-1942 )
- Sudjono ( 1942-1945 )
Bupati Blora miturut Undang – undang No. 13/1950 tanggal 8 Agustus 1950 tentang Pembentukan Daerah Kabupaten di Wilayah Propinsi Jawa Tengah wiwit tahun 1945-2010 yaiku :
- Iskandar ( 1945-1948 )
- Wibisono ( 1948-1949 )
- Siswadi Joyosurono ( 1949-1952 )
- Sudjono ( 1952-1957 )
- Sunartyo ( 1957-1960 )
- Sukirno Sastro Dimejo ( 1960-1967 )
- Srinardi ( 1967-1973 )
- Supadhi Yudhodarmo ( 1973-1979 )
- Soemarno ( 1979-1989 )
- Soekardi Hardjoprawiro, MBA.MM ( 1989 -1999 )
- Basuki Widodo ( 2000-2007 )
- RM. Yudi Sancoyo, MM ( 2007-2010 )
- Joko Nugroho ( 2010 -……….)
Sumber : http://bangdoel38.blogspot.co.id/2012/05/silsilah-dan-bupati-blora.html
Negesi tembung-tembung angel :
No |
Tembung angel |
Tegese |
1 |
Kaperang |
Dibagi |
2 |
Kabawah |
Kareh, direh, diprentah |
3 |
Kaca benggala |
Pandom, conto, tuladha. |
4 |
Mrantasi |
Ngrampungi |
6 |
Nelukake |
Ngalahake |
7 |
Pasrah sumarah |
Manut, melu |
8 |
Gumedhe |
Sombong, angkuh, semangkean |
9 |
Dupeh |
Padha karo dumeh tegese mung merga, jalaran saka |
10 |
Wewengkon |
Panggonan, wilayah, tlatah, dhaerah. |
Demikian contoh dari teks deskriptif tentang peristiwa budaya, setelah membaca teks tersebut maka kalian harus bisa menjawab pertanyaan yang berkaitan dengan bacaan tersebut. dan silahkan kalian mencari sendiri teks deskriptif lainnya.
Demikian contoh dari teks deskriptif tentang persistiwa budaya, semoga bermanfaat bagi kita semua dan semoga bahasa jawa semakin berkembang dan lebih maju. aamiin … .