| 1 | Alas | : Panggonane wit-witan / thethukulan lan kewan-kewan. |
| 2 | Alun-alun | : Plataran amba ing satengahing kutha. |
| 3 | Babadan | : Panggonan sing wis dibabadi. |
| 4 | Balapan | : Panggonan kanggo adu balap. |
| 5 | Bale mangu | : Panggonan kanggo ngadili wong luput. |
| 6 | Bango | : Panggonan kanggo dodolan. |
| 7 | Bangsal | : Panggonan kanggo pasamuwan. |
| 8 | Benteng | : Tembok gedhe duwur kanggo nahan mungsuh. |
| 9 | Besalen | : Panggonan kanggo mandhe. |
| 10 | Bong | : Kuburane wong cina. |
| 11 | Bothekan | : Wadhah jamu utawa bumbu kanggo masak. |
| 12 | Bubat | : Panggonan kanggo ngadu samubarang. |
| 13 | Cangkruk | : Panggonan kanggo jaga kampung. |
| 14 | Clunthang | : Wadhah jangkrik. |
| 15 | Endhong | : Wadhah panah. |
| 16 | Epok | : Wadhah kinang. |
| 17 | Esong | : Growongan ing pinggiring kali; panggonan landak. |
| 18 | Gadhen | : Panggonan kanggo nggadhekake barang. |
| 19 | Gayor | : Kanggo nyanthelake gong. |
| 20 | Gedhogan | : Kandhang jaran. |
| 21 | Gedhong | : Omah gedhe kanggo pasamuwan. |
| 22 | Gerdhu | : Panggonan kanggo jaga. |
| 23 | Glodhogan | : Kanggo omah tawon. |
| 24 | Gowok | : Growongan ing wit (dienggo nyusuh manuk). |
| 25 | Greja | : Panggonan sembahyange wong kristen. |
| 26 | Grobog | : Kothak kayu sing gedhe kanggo nyimpen barang. |
| 27 | Gubug | : Panggonan kanggo njaga tanduran. |
| 28 | Gudhang | : Panggonan nyimpen barang. |
| 29 | Gupit mandra gini | : Kanggo sarene raja/ratu. |
| 30 | Hotel | : Omah sewan kanggo penginepan. |
| 31 | Iyan | : Wadhah kanggo ngeler sega. |
| 32 | Jodhang | : Grobog sing dipikul, sing isine werna-werna panganan. |
| 33 | Jumbleng | : Kakus kanggo bebuwang kotoran. |
| 34 | Jun | : Wadhah banyu kanggo ngangsu. |
| 35 | Kabupaten | : Daleme bupati pemerintah daerah. |
| 36 | Kadhaton | : Daleme ratu. |
| 37 | Kandhang | : Omah kanggo ngingu kewan (kebo, sapi, wedhus, lsp) |
| 38 | Kanthong | : Sak ing klambi/celana kanggo ngesaki barang. |
| 39 | Kanthongan | : Kanggo ngadhahi barang-barang. |
| 40 | Kantor | : Panggonan kanggo nyambut gawe; panggonan kanggo ngurusi samubarang keperluan. |
| 41 | Klentheng | : Panggonan kanggo sembahyange wong cina. |
| 42 | Klenthing | : Wadhah kanggo nggolek banyu. |
| 43 | Kombong | : Kandhang bebek lsp. |
| 44 | Krangkeng | : Kandhang kewan galak sing nganggo pager wesi tuladha macan. |
| 45 | Kranjang | : Wadhah sing digawe saka pring sing dienam. |
| 46 | Kraton | : Daleme ratu. |
| 47 | Kuburan | : Panggonan kanggo ngubur wong mati. |
| 48 | Kuncung | : Omah cilik ing ngarepe pendhapa. |
| 49 | Kurungan | : Kanggo ngingu manuk, pitik, lsp. |
| 50 | Langgar | : Omah cilik kanggo sembahyange wong islam. |
| 51 | Lemari | : Kanggo nyimpen sandhangan, barang, lsp. |
| 52 | Leng | : Bolongan cilik omahe gangsir, semut, rayap, lsp. |
| 53 | Loji | : Omah apik tinggalane landa. |
| 54 | Lumbung | : Panggonan kanggo nyimpen pari. |
| 55 | Menara | : Panggonan sing dhuwur kanggo pepeling. |
| 56 | Mesjid | : Omah gedhe kanggo sembahyange wong islam. |
| 57 | Pacrabakan | : Panggonane sang wiku; papan pamulangan. |
| 58 | Padaringan | : Wadhah kanggo nyimpen beras. |
| 59 | Padasan | : Panggonan kanggo wudhu. |
| 60 | Padhepokan | : Papan pamulangan; patapan; omahe pandhita. |
| 61 | Paestren | : Sawah ing sapinggire kali. |
| 62 | Paga | : Kanggo nyimpen bekakas pawon. |
| 63 | Pagagan | : Lemah sing ditanduri pari gaga. |
| 64 | Pagajih | : Lemah sing diumadi sala walede kali. |
| 65 | Pagupon | : Omahe dara. |
| 66 | Paidon | : Wadhah idu. |
| 67 | Pakunjaran | : Panggonan kanggo ngunjara/ngukum wong luput. |
| 68 | Pamulangan | : Papan kanggo mulang muruk/sekolahan. |
| 69 | Panepen | : Papan kanggo semedhi, nepi, taa, lsp. |
| 70 | Pantisari | : Omah cilik ing satengahe patamanan. |
| 71 | Papon | : Wadhah apu/enjet. |
| 72 | Pasanggrahan | : Papan palereman/penginepan ing sajabahing kutha. |
| 73 | Pasar | : Papan kanggo dodolan utawa tetuku barang. |
| 74 | Pasetran | : Papan kanggo mbuwang bangke. |
| 75 | Patamanan | : Lemah sing ditanduri kekembangan. |
| 76 | Patapan | : Omahe pandhita;omah kanggo tapa. |
| 77 | Pawon | : Perangan omah sing kanggo olah-olah. |
| 78 | Payudan | : Panggonan jembar kanggo adu perang. |
| 79 | Pekarangan | : Papan sakiwa tengene utawa mburi omah. |
| 80 | Pelabuhan | : Papan kanggo mandhege/labuh prau/kapal. |
| 81 | Pelataran | : Lemah sangarepe omah. |
| 82 | Pendhapa | : Perangan omah ngarep kanggo pasamuwan. |
| 83 | Pesantren | : Papan kanggo mulang muruk para santri. |
| 84 | Pesisir | : Pinggire segara. |
| 85 | Petarangan | : Panggonan kanggo nggendhoge pitik. |
| 86 | Pinihan | : Lemah kanggo ndhedher winih tanduran. |
| 87 | Plangkan | : Papan kanggo ndeleh tumbak, payung, lsp. |
| 88 | Plegungan | : Papan kanggo lerene sapi sing eyup. |
| 89 | Ploncon | : Papan kanggo tumbak, teken, lsp. |
| 90 | Pluwang | : Luwang kanggo masangi kewan alas. |
| 91 | Pomahan | : Pekarangan sing didegi omah. |
| 92 | Pondhok | : Omah kanggo mondhok, ngaji para santri. |
| 93 | Pragen | : Wadhah uyah utawa bumbu. |
| 94 | Pranji | : kandhang pitik. |
| 95 | Ranggon | : Gubuk ing alas kanggo leren utawa njaga kewan. |
| 96 | Rong | : Leng gedhe omah tikus, yuyu, ula, iwak, lsp. |
| 97 | Rumah sakit | : Papan kanggo ngruwat wong lara. |
| 98 | Sanatorium | : Papan kanggo nambani wong lara tbc. |
| 99 | Sanggar | : Papan kanggo latihan;papan kanggo semedi. |
| 100 | Sawah | : Lemah kanggo nandur pari, kedhele, tebu, lsp. |
| 101 | Segaran | : Tetirone segara kanggo ngingu iwak. |
| 102 | Sekolahan | : Papan kanggo sinau, mulang muruk. |
| 103 | Selon | : Wadhah bumbu utawa trasi. |
| 104 | Senthong | : Perangan sajroning omah kanggo turu, utawa ndeleh barang. |
| 105 | Setasiun | : Papan kanggo mandhege sephur. |
| 106 | Setren | : Sawah ing sapinggire kali. |
| 107 | Slepen | : Wadhah rokok, klobot utawa mbako. |
| 108 | Song | : Omah landhak |
| 109 | Sudhung | : Grumbul omahe celeng. |
| 110 | Susuh | : Omah manuk, tikus, bajing, lsp. |
| 111 | Tala | : Omah tawon. |
| 112 | Talun | : Panggonan ing pagunungan. |
| 113 | Tambak | : Papan kanggo ngingu iwak. |
| 114 | Tangki | : Wadhah lenga, gas, lsp. |
| 115 | Tangsi | : Papan panggonane tentara. |
| 116 | Tegalan | : Lemah sing ditanduri palawija, lsp. |
| 117 | Tobong | : Panggonan kanggo ngobong gendheng utawa gamping. |
| 118 | Tulang | : Kothak cilik kanggo adu jangkrik. |
| 119 | Wantilan | : Kandhang gajah |
| 120 | Warung | : Papan kanggo dodolan panganan. |
| 121 | Wihara | : Panggonan sembahyang umat budha. |
| 122 | Wrangka | : Kayu wadhah keris utawa tumbak |