Sengkalan yaiku pengetan angkaning taun kang arupa tetembungan utawa gambar.
Miturut dhasar petungan taun sengkalan di bedakake dadi 2:
- Sengkalan candra sengkala yaiku sengkalan kang nganggo dhasar petungan lakune rembulan
- Sengkalan surya sengkala yaiku sengkalan kang nganggo dhasar petungan lakune srengenge.
Miturut wujude sengkalan iku ana warno loro:
-
Sengkalan lamba yaiku pengetan angkaning taun kang arupa tetembungan.
-
sengkalan memet yaiku pengetan angkaning taun kang arupa gambar utawa pepethan.
Katerangan :
Carane nemtokake angka taun iku saka tengen mangiwa.
Perlune pengetan taun nganggo tetembungan (sengkalan) kayata:
-
Bisa kasalarasake karo prastawa utawa lelakon kang dipengeti.
-
Gampang dieling-eling lan angel laline.
Kang dirembug ing kene mung mligi sengkalan lamba, yaiku angkaning taun kang dipengeti nganggo tetembungan, kang lumrahe digunakake dening wong-wong Jawa ing jaman biyen. Ing jaman saiki arang banget kang migunakake.
Dene tembung-tembung kang kanggo sengkalan iku mung tembung-tembung kang dianggep nduweni watak wilangan, kayata:
- watak siji : barang kang cacahe siji, barang kang awangun bunder: bawana, bumi, srengenge, rembulan, jagad, Gusti Allah lan dasanamane, janmamanungsa,aji,manunggil,tyas,nata,raja,samadi.
-
watak loro : barang kang cacahe loro (mripat, tangan, kuping, lsp),ro,nembah.
-
watak telu : geni, barang-barang kang mawa geni (panas),putri,guna,pawaka.
- watak papat : banyu, tembung-tembung kang ateges gawe,kawarna,jala,kerta,suci.
- watak lima : buta, panas, angin,tata,yaksa.
-
watak enem : araning rasa, tembung-tembung kang ngemu surasa obah, tembung-tembung kang ateges kayu, araning sadpada (kewan sikile 6),wreksa.
-
watakpitu:pandhita,gunungpitu,nunggang,jaran,sabda,gora,swareng,wiku,tinunggangan,resi,wulang.
-
watak wolu : gajah, kewan rumangkang (reptil),naga.
- watak sanga : dewa, barang-barang kang dianggep bolong (gapura), terus,song,manjing,muka
-
watak das (nol): tembung-tembung kang ngemu surasa ora ana, ilang, langit, utawa dhuwur,muluk,sirna,sudha,gegana.
Dene pandhapuke tembung-tembung kang ana ing sengkalan iku nganggo paugeran cacahe 8, yaiku:
- Paugeran Dasanama
Tembung-tembung kang tegese padha (nunggal misah) kaanggep padha watak wilangane, kayata :
Pretiwi = kisma = pratala – 1
Angkasa = langit = dirgantara – 0
- Paugeran Sastra (tulisan)
Tembung-tembung kang padha panulise, kaanggep padha watak wilangane, kayata :
Esti (gajah) = esthi (sedya) – 8
- Paugeran wanda
Tembung-tembung kang duweni wanda padha, kaanggep padha watak wilangane, kayata :
Dadi = waudadi (segara) – 4
- Paugeran warga
Kang nunggal warga (golongan) dianggep padha watak wilangane, kayata :
Ula = baya – 8
- Paugeran karya (pakarti)
Baran karo pakartine dianggep padha watak wilangane, kayata :
Mripat = mandeng – 2
- Paugeran sarana (piranti)
Piranti lan gunane dianggep padha watak wilangane, kayata :
Ilat = rasa = pait – 6
- Paugeran sipat
Barang karo sipate dianggep padha watak wilangane, kayata :
Geni = panas – 3
- Paugeran jarwa (teges)
Tembung lan tegese dianggep padha watak wilangane, kayata :
Retu = oreg = geger = obah – 6
Tuladha sengkalan :
Sengkalan-sengkalan iki nuduhake taun pira kanthi milih wangsulan sing ana ing ngisor iki !
- Sirna ilang kertaning bumi
______________________________________________________________
- Resi suci trus samadi
______________________________________________________________
- Sapta catur wulang janmi
______________________________________________________________
- Nembah terus tataning Gusti
______________________________________________________________
- Tri naga manjing bantala
______________________________________________________________
- Dwi Naga rasa tunggal
_______________________________________________________________
- Song-song gora candra (Serat Cemporet)
_______________________________________________________________
- Gegana muka matendhu (Gajahmada seda)
_______________________________________________________________
- Sanga kuda suddha candrama (Serat Bharatayudha)
_______________________________________________________________
- Api-api tangan tunggal (Jayanegara jumeneng nata)
_______________________________________________________________