Sasmitaning tembang macapat yaiku tetembungan kang dadi sasmita utawa pralambang arane tembang macapat. Sasmitane tembang lumrahe ditulis ana ing gatra wiwitan. Dene yen ana ing gatra wekasan mratandhani arane tembang ing pupuh candhake.
Gatekna !
Sabarang kang dipun ucap, nora wurung mung plehe pribadhi, iku lelabuhan atut, aja nedya anelad, ing watake kangnem prakara punika,kang sayogya ngupayaa, anglir mastimbul ing warih.
Pungkasane pada tembang iki migunakake tetembungan mastimbul ing warih, mas = emas, timbul =mumbul, warih = banyu dadine emas mumbul ing banyu = mas kemambang tegese pupuh sateruse tembang MASKUMAMBANG. Tetembungan kaya ngene iki di arani sasmita tembang.
Iki samitane tembang apa?
- Ayo padha nembang sinambi muthiki roning kamal ( godhong asem ). Sasmitaning tembang … .
- Padha tembangan madu manis. Sasmitaning tembang … .
- Ayo padha dikanthi menyang taman kaputren. Sasmitaning tembang … .
- Rama Semar wis mungkur, ayo padha tetembangan. Sasmitaning tembang … .
- Jumbuh karo kahanane kang nyenengake ayo padha tetembangan. Sasmitaning tembang … .