Panulisan Aksara Jawa Panambang -a lan -e

Panambang -a

Blora wiwit owah setatus dadi daerah kabupaten  nalika dina Kemis Kliwon tanggal 2 Sura tahun Alib 1675 utawa 11 Desember 1749 Masehi kang nganti saiki sinebut minangka HARI JADI KABUPATEN BLORA. Dene bupati kang pisanan yaiku Wilatikta. Mula dadia pangeling-eling wae tumrap para siswa, yen saben tanggal 11 Desember ing kutha Blora dianakake Kirab Budaya Kabupaten Blora.

Satitekna tembung dadia. Tembung dadia saka tembung dadi lan –a, yen kagandheng nganggo aksara latin ora ana owah-owahane. Beda menawa yen katulis nganggo aksara jawa, Jalaran angger-anggere panulisan aksara jawa manut pangucapane. Mula yen katulis nganggo aksara jawa kaya ing ngisor iki:

cara panulisane tembung-tembung kang antuk panambang –e, utawa –a yen katulis nganggo aksara jawa.

Tembung-tembung lingga kang pungkasane menga, wujude panambang –a ajeg.Tuladha:

Tembung-tembung lingga kang pungkasane nganggo sandhangan wulu utawa taling.Wujude panambang –a malih dadi ya.

Tuladha:

Tembung-tembung lingga kang pungkasane aksara ya, panulisane panambang –a tetep –a.

Tuladha:

Tembung-tembung lingga kang pungkasane nganggo sandhangan suku lan taling-tarung, panulisane panambang –a dadi wa.

Tembung-tembung lingga kang pungkasane sigeg, wujude panambang-a padha karo sigege utawa panulisane aksara sigeg dadi rangkep.

Tuladha:

Panambang –e

Tembung-tembung lingga kang wanda pungkasane menga (aksara swara), panulisane panambang –e malih dadi ne.

Tuladha:

Tembung-tembung lingga kang wanda pungkasane sigeg (konsonan), panulise panambang –e padha kaya sigege utawa panulisane aksara sigege dari rangkep.

Tuladha:

Pepeling :

Panambang –a utawa –e yen katulis nganggo aksara jawa lan kagandheng karo tembung lingga kang dipungkasi aksara sigeg (konsonan) panulisane aksara sigege dadi rangkep,dene yen kagandheng karo tembung lingga kang pungkasane aksara swara panulisane kaya pangucapane.

Tembung- tembung ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!

  1. mlakua :
  2. Dolana :
  3. Sarunge :
  4. Jajane :
  5. Lungaa :
  6. Mangana :
  7. Balia :
  8. Omahe :
  9. Nulisa :
  10. Jogede :
  11. Tukua :
  12. Gawea :
  13. Warunge :
  14. Jajane :
  15. Rapote : 

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!