Tembung geguritan asale saka tembung guritan.
Tembung guritan asale saka tembung “gurit”.
Gurit tegese kidung utawa tembang. Utawa tulisan kang awujud tatahan kanthi paugeran tartamtu.
Nggurit tegese ngarang tembang, kidung,rerepan utawa puisi (syair ) yen ana ing jaman saiki.
Dadi geguritan yaiku puisi utawa syair sing migunakake basa jawa.
Wacanen geguritan iki kanthi becik !
DADIA TIRAKATMU ANAKKU
Dening : ST Ismaniasita
Dadia tirakatmu anak-anakku
Yen dina iki ora ana upa
Kowe ora pdha mangan sega
Kajaba gegelan tela
Tamba ngelih panyuwarane wetengmu
Dadia tirakatmu anak-anakku
Sawengi ngrungu udan kumricih
Padha ndhekep weteng ngelih
Kemul amoh gombalane biyungmu
Ing gubug trocoh gubuge bapakmu
Kliwat saking ketesing kringete
Sengkude gawe luluh dina-dina
Sengkude bapakmu ngusungi bata
Nggarap gedhong-gedhong ana kutha
Nembok gedhong susun sundhul angkasa
Wis kliwat saking olehe ngaya bapakmu
Olehe melu mbangun negara
olehe labuh dadi luluhing bangsa
ngranggeh tukoning tela
dadia tirakaktmu ya anak-anakku
dadia pambukaning nalarmu
dadia margining kamulyanmu mbesuk
cingkrang lan kasangsarane
wong tuwamu kang tumpuk-tumpuk
(Kapethik saka Seni Baca Geguritan angitanipun Sendhang Mulyana kaca 52-53)
Wangsulana pitakon ing ngisor iki !
- Geguritan ing dhuwur sing nganggit sapa ?
- Bapak ing geguritan iki pegaweane apa ?
- Kepriye kahanane uripe bapak sakeluargane ?
- Kepriye welinge bapak marang anake ?
- Kapethik saka ngendi geguritan ing dhuwur ?
Mantap