Rimbag bawa ma yaiku tembung lingga kang rinaketan seselan -um.

Wewaton utawa pathokan panulise seselan-um :

  1. Seselan  um yen diraketake ing tembung lingga apurwa aksara sigeg, seselan um ditulis ing samburine aksara sigeg purwane tembung kang diseseli

                       Tuladha :

                       laku + um = lumaku

                       gedhe + um = gumedhe

                       rujak + um            = rumujak

    1. Seselan  um yen diraketake ing tembung lingga apurwa aksara swara, seselan um ditulis ing sangarepe tembung kang diseseli lan malih dadi m

                       Tuladha:

                       ulur        +   um       = umulur            = mulur

                       aju         +   um       = umaju             = maju

                       atur        +   um       = umatur            = matur

                       inger      +   um       = uminger          = minger

                       ili           +   um       = umili               = mili

                       enggok  +   um       = umenggok      = menggok

                       elu         +   um       = umelu             = melu

                       obah      +   um       = umobah          = mobah

                       osik        +   um       = omosik           = mosik

                       udhun    +   um       = umudhun        = mudhun

    1. Seselan  um yen diraketake ing tembung lingga apurwa p, aksara p ing tembung lingga mau obah dadi k

                       Tuladha :

                       panggang + um = pumanggang = kumanggang

                       pinter + um = puminter = kuminter

    1. Seselan  um yen diraketake ing tembung lingga kang apurwa aksara w, seselan um katulis ing tembung mu, nanging u lan w-ne ilang.

                       Tuladha:

                       wetu + um = umwetu = metu

                       welas + um = umelas = melas

    1. Seselan  um yen diraketake ing tembung lingga apurwa b aksara b ing  tembung  lingga mau owah dadi g.

                       Tuladha:

                       bagus + um = bumagus = gumagus = gemagus

                Rimbag bawa ma tundha

                Tuladha: turun-temurun, tangkar-tumangkar, ganti-gumanti

                Rimbag dwilingganing bawa ma

                Tuladha : kumanthil – kanthil, kumudu – kudu

Tembung-tembung kang kinurung ing ukara ngisor iki dadekna rimbag bawa ma!

  1. Kanthi trengginas si Kancil (lumpat) ing sadhuwure gegere baya sapirang-pirang            _______________________________________________________________          
  2. Pak Rudi tansah kelingan putrane amarga tansah (kanthil-kanthil) ing penggalihe.

         _______________________________________________________________

  1. Ibuku mundhut pitik kang (panggang)

         _______________________________________________________________

  1. Bocah kae (bagus) tenan pleta-pleto ana prapatan

         _______________________________________________________________

  1. Bareng ditinggal mati wong tuwane uripe Rini (welas) banget

         _______________________________________________________________

  1. Omah iki tinggalane suwargi eyang, sabanjure (turun-turun) tekan aku.

         _______________________________________________________________

  1. Kowe aja sok (gedhe), ora apik, sombong!

         _______________________________________________________________

  1. Mugi-mugi rancangan punika saged (lampah) kanthi rancag lan sae.

         _______________________________________________________________

  1. Raden Bratasena (jangkah) kanthi nggedruk bumi

         _______________________________________________________________

  1. Yen kowe kepengin slamet (singkira) bae aja melu-melu prakara iki!

         _______________________________________________________________

 

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!