ANOMAN DUTA
Resi Gotama kagungan putra telu yaiku Subali, Sugriwa lan Dewi Anjani. Bocah telu iku rebutan Cupu Manik Astagina, sebab sapa wae yen bisa duweni cupu iku mau pepinginan apa wae bisa kaleksananan. Sang Resi duka, cupu kacandhak banjur kabuwang, cupu iku mau ngleyang ing angkasa banjur cumemplung ing telaga, tetelune nututi cupu iku mau, bareng mangerteni manawa cupu iku cumemplung ing telaga, tanpa dipikir dawa, Subali lan Sugriwa banjur njegur telaga ananging Dewi Anjani ora wani njegur mung wijik lan raup ing pinggir telaga. Wusanane mbareng mentas saka telaga bocah telu malih rupa dadi kethek.

Ing sabanjure Subali lan Sugriwa kautus tapa ngalong ing Guwa Kiskendha, dene Dewi Anjani kautus tapa ngodhok ing pinggiring kali. Wektu semono Bathara Guru kang lagi nganglang jagad priksa Dewi Anjani anggone tapa, ndadekake kamane Bathara Guru tumetes. Tumetes ing ron Kamal banjur rontok tumiba ing pangkone Dewi Anjani. Dewi Anjani banjur mbobot lan nglairake Anoman.
Amarga duwe putra kethek, Bathara Guru banjur diisin-isin karo Bathara Narada, nanging tan kocapa Bathara Narada sanalika dikamploki kethek, njaluk diaku anak. Wusanane Bathara Narada uga duwe putra kethek. Sabanjure kahyangan sepakat para dewa kudu duwe anak kethek. Mula cacahe kethek dadi ewon lan dikirim ing Guwa Kiskendha minangka dadi balane Sugriwa.
Kacarita bala kethek kang dipandhegani dening Sugriwa banjur sabiyantu marang Prabu Rama Wijaya ing perang ngadhepi Rahwana Raja. Ing bab iku Anoman pinercaya dening Prabu Rama Wijaya dadi duta lan prajurit telik sandi kanggo nggoleki ing ngendi papan dudunge Dewi Sinta kang cinidra dening Prabu Dasamuka utawa Rahwana. Anoman nyedhaki Ngalengka kanthi mapan ing Gunung Maliawan, gunung iki mapan pinggir pesisir. Saka Gunung Maliawan, Anoman banjur mabur ing sandhuwure segara tumuju ing Ngalengka, nanging ing sadhuwure segara iku mau Anoman kasedhot dening buta kang njaga keamanane segara, Anoman klebu ing wetenge buta iku, kanthi trengginas wetenge buta mau kajebol, sanalika buta nemoni pralaya, Anoman banjur mlumpat metu tumuju ing Taman Soka.
Satekane ing Taman Soka Anoman banjur rengeng-rengeng kang caritakake Prabu Rama Wijaya, rengeng-rengenge Anoman keprungu dening Dewi Sinta. Dewi Sinta buktekake apa bener iki mau minangka utusane Prabu Rama, Anoman banjur ngadhep Dewi Sinta lan atur katrangan manawa dheweke pratela utusan Prabu Rama, kang sedhela maneh bakal mbedhah praja Ngalengka.
Kanggo njajagi kekuwatane prajurit perang Ngalengka, Anoman ethok-ethok bisa kapikut. Anoman kabanda banjur kaobong. Anoman ora mati malah ngobong kedhaton Ngalengka, Anoman bajur mlesat mabur bali atur palaporan marang Prabu Rama Wijaya. Kanthi pelaporane Anoman iku mau Prabu Rama bisa nyiapake siasat perang lan uba rampe anggone arep mbedhah praja Ngalengka.