Jinising Gatra Katrangan
Gatra katrangan yaiku perangan ukara sing menehi katrangan marang jejer, wasesa, utawa lesan.
Warna-warnane katrangan iku ana 12, yaiku :
1. Katrangan titi mangsa / wayah / wektu (keterangan waktu)
Tuladha :
Jihan sinau ing sekolahan saben dina.
Mau bengi aku nonton wayang.
Tuladha :
Bapak kondur saka Semarang.
Tuladha :
4. Katrangan karana/lantaran/sebab (keterangan sebab)
Tuladha :
Siska ora mlebu sekolah amarga lara ngelu.
Erna lan Erlin ora melu piknik amarga bapak ora marengake.
5. Katrangan akibat (keterangan akibat)
Tuladha :
Wiji iku kerep mbolos, mula ketinggalan sinaune.
Siswanto ditinggal menyang semarang, mula nangis wae.
6. Katrangan sarana/piranti (keterangan alat)
Tuladha :
Nurul ngonceki pelem nganggo peso.
Pak Tani nggarap sawah nganggo traktor.
7. Katrangan kaanan (keterangan keadaan/sifat)
Tuladha :
Kutha Jakarta hawane panas.
Listiyani ngguyu kepingkel-pingkel.
8. Katrangan sedya/kekarepan/maksud (keterangan tujuan)
Tuladha :
Dewi sinau mempeng supaya pinter.
Jogane disaponi supaya resik.
9. Katrangan ubaya (keterangan syarat)
Tuladha :
Dilawati pareng ndherek menyang pasar, anggere ora rewel.
Puguh arep ditukokake sepdha motor,anggere juwara siji.
10. Katrangan asal (keterangan asal)
Tuladha :
Rahma gawe peyek saka kacang.
Parjo dolanan jaranan saka papah gedhang.
11. Katrangan wewatesan (keterangan pembatasan)
Tuladha :
Para siswa klas IX wis padha mlebu, kajaba Belasafitri.
Para tamu besan wis padha rawuh, kajaba Pak Siswoyo.
12. Katrangan katemtuan (keterangan kepastian)
Tuladha :
Sing sapa bae kang nglanggar tata tertib sekolah, mesthi diwenehi ukuman.
Sapa wae yen numpak sepedha motor ora nganggo helm,mesthi ditilang.