Teks naratif yaiku teks kang nyritakake kedadeyan utawa kisah sakiwa tengene siswa utawa pengarang.
Teks naratif ana kang asipat khayalan nanging uga ana kang asipat aktual utawa kedadeyan sabenere.
Kajaba iku, teks naratif duweni maksud kanggo aweh pendhidhikan,menehi ngerti,menehi refleksi, menehi daya imajinasi lan menehi panglipur marang para siswa lan sapa wae wong kang padha maca teks mau.

Kanggo mbedakake karangan naratif karo karangan liyane kita bisa naliti kanthi nggatekake titikan ing ngisor iki :

  1. Underan karangan naratif yaiku kisah/nyritakake kedadean.
  2. Nggambarake tumindak kang dumadi ing sawijining wektu tartamtu.
  3. Nduweni paraga kang dicritakake.
  4. Nduweni alur utawa plot sajrone ngandharake


Tuladhane teks naratif :


MANGANAN JANJANG

   Sedina sadurunge sedhekah bumi Janjang bakul-bakul wis padha mara saperlu nata panggonan. Bakul dolanan bocah, bakul rupa-rupa panganan, bakul sandhangan lan liya-liyane. Yen pinuju sedhekah bumi  dalan
tumuju pesareane Mbah Janjang kiwa tengen kebak bakul kaya pasar ngalih enggon.                  

Dene warga desa Janjang lan sakiwa tengene padha nggawe jajan lan ambeng kanggo kaperluan sedhekah bumi kang mesthi tiba dina Jemuah Pon iku. Ora keri Mbah Sakimah. Mbah Sakimah esuk iku mlaku rungkuk-rungkuk turut dalan pinggir alas jati tumuju menyang desa Janjang karo nggendhong ambeng kanggo sedhekah bumi.  Sawise tekan plataran pesareane Mbah Janjang ambeng kang wujude sega lan urap iku banjur dipasrahake marang pawongan kang wis siyaga nampani ambeng-ambenge para warga kang melu sedhekah bumi. Ambenge Mbah Sakimah mau banjur dikumpulake karo ambenge para warga liyane.
      

Mbah Sakimah kang asale saka dhukuh Ngurep, desa Bleboh iku melu sedhekah bumi amarga kepengin sedhekah (weweh) sebab dheweke wis diwehi (diparingi) kecukupan saka Gusti Allah. Ambeng kang dikumpulake mau banjur dibunteli nganggo godhong jati lan diedum kabeh wong kang teka ana kono nganti etek. Dene banyune dijupukake saka genthong.

       Wujud syukur ora mung weweh kaya sedhekah bumi iki nanging kudu bisa ngajeni panganan. Upamane : Yen mangan kudu ndedonga luwih dhisik. Yen mangan aja nyisa lan ora  elok mbuwang-mbuwang panganan.
Ngelmu titen
       Unen-unene wong Jawa ‘pinter iku jalaran saka niteni’.Critane kena kanggo niteni, yen anggone ngedum ambeng segane kurang tahun ngarep bakal ‘larang pangan’, yen sing kurang godhonge tahun ngarep arep panen mbako gagal, lha yen sing kurang banyune pratandhane arep ketiga dawa. Yen niteni kaya ngene iki banjur padha ngati-ati anggone padha olah tetanen. Padha ngati-ati anggone nyimpen panenan.
Wayang Krucil
        Kang sinebut Mbah Janjang sejatine Pangeran Jati Kusuma lan Jati Suwara kekarone isih sedulur karo Pangeran Benawa Adipati Jipang Panolan. Pangeran Benawa entuk warisan Wulu Dumba Pancal Panggung, yaiku kumpulan pusaka Pajang. Pusaka-pusaka iku kasimpen ana ing genthong gawean cina. Genthong iku dicolong kadipaten Rajekwesi, saiki Bojonegoro.
 
Pangeran Jati Kusuma lan Jati Suwara kautus Pangeran Benawa nggoleki. Pangeran sakloron banjur tekan desa
Janjang ing kono banjur mulang warga sakiwa tengene babagan agama Islam lan ngelmu kawruh liyane. Pangeran sakloron uga gawe wayang krucil nganti saiki dikepyakna nalika sedhekah bumi Janjang kanthi lakon “Mbedhah Negari Makadam”. Lakon iki nyritakake padudon antarane agama Nasrani lan agama Islam sing akhire dadi rukun urip bebarengan.
5 thoughts on “Teks Narasi Tentang Peristiwa Manganan Janjang”

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!