Purwakanthi tegese nggandheng kang kasebut ana ing wiwitan. Tegese perangan buri nggandheng kang kasebut perangan ngarep. Dene sing digandheng iku swarane utawa aksarane utawa tembunge.
Tuladha   : 
  • Sapa jujur bakal luhur. Kang digandheng swarane yaiku swara “u”.
  • Sapa salah bakal seleh. Kang digandheng sastrane yaiku aksara “s”.
  • Bayem arda ardane ngrasuk busana. Kang digandheng tembunge yaiku tembung “arda”.
Purwakanthi kaperang dadi telu yaiku :
1.    Purwakanthi guru swara yaiku : purwakanthi sing padha swara ing pungkasane tembung.
Tuladha : 
  • Tiwas sayah ora paedah
  • Ora cepet, ora ngliwet.
  • Ana awan ana pangan.
  • Sing sareh bakal pikoleh.
  • Becik ketitik ala ketara. 
  • Sinawung resmining kidung.
  • Gemi setiti ngati-ati.
2.    Purwakanthi guru sastra yaiku : purwakanthi sing padha tulisane utawa aksarane ing saben wiwitan wanda utawa tetembungane.  
Tuladha   :
  • Laras, lurus, laris, leres.
  • Kala kula kelas kalih kalung kula kolang kaling.
  •  Sluman slumun slamet
  • Tekun teken tekan.
  • Bobot, bibit, bebet.
  • Titi, titis, tatas lan trengginas.
  • Tatag teteg tanggon.
  • Wijang wijiling wicara.
3.    Purwakanthi guru basa ( Lumaksita ) yaiku : purwakanthi kang padha kabeh tetembungane.
Tuladha  : 
  • Witing tresna,  tresnane  mung sawetara. 
  •  Rujak dhondhong,dhondhong sisane kalong.
  • Pandhu suta, suta  madyaning  Pandhawa.
  • Ratih ratu,ratune wong cokro kembang,kembang wijaya kusuma asih mring kula.
  • Topi wastra,wastra tumrap mustaka.
  • Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
  • Raja putra, putra daleme Ngastina.
  • Kawi puspa,puspa Sri Bathara Kresna.

One thought on “Purwakanthi.”

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!