Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa pepindhan, kang dipindhakake wonge.
Tuladha Saloka :
v Asu belang kalung wang
tegese wong asor nanging sugih (dhuwit,raja brana)
v Asu gedhe menang kerahe
tegese wong kuwasa (gedhe,pangkat) yen prekaran karo wong cilik, senajan sing bener wong cilik,lumrahe di menangake wong gedhe.
v Bathok bolu isi madu
v Bebek mungsuh mliwis
tegese wong pinter memungsuhan karo wong pinter nanging sing siji luwih ubet
v Gagak nganggo lare merak
tegese wong ora duwe tindak niru-niru kaya wong gedhe (sugih)
v Iwak klebu ing wuwu
tegese kena paeka (nemu bebaya kang wis ora bisa ngoncati maneh)
v Jati ketlusupan ruyung
tegese golonganing wong apik klebong wong ala
v Kawuk ora weruh marang selirane
tegese nacat liyan nanging ora ngerti yen dhwewke luwih sugih cacat
v Kebo nusu gudel
tegese wong tywa njaluk warah marang wong kaprenah enom
Baca juga : contoh bebasan dalam Bahasa Jawa
Baca juga : contoh bebasan dalam Bahasa Jawa
v Kemladeyan ngajak sempal
tegese sanak sedulur kang ngajak marang kerusakan
v Kethek saranggon
tegese wong kang sasanak sedulure dadi wong ala kabeh
v Mburu uceng kelangan deleg
tegese ngarah barang sepele kelangan barang kang gedhe(luwih aji)
v Nebu sauyun
tegese wong apik nunggal golongan rukun dadi siji
v Palang mangan tandur
tegese wong kang di pitaya ngreksa samubarang,wekasane malah ngrusak rereksane.
v Timun wungkuk jaga imbuh
tegese wong bodho kanggone mung samangsa ana kekurangan mung kanggo serep