Tembang Macapat iku ana 11 yaiku :

  1. Maskumambang
  2. Mijil
  3. Sinom
  4. Kinanthi
  5. Asmarandana
  6. Gambuh
  7. Dandhanggula
  8. Durma
  9. Pangkur
  10. Megatruh
  11. Pocung

Tembang macapat iku duweni paugeran utawi pathokan :

  1. Guru gatra yaiku cacahing larik utawi baris saben sapada.
  2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda ( kecap utawi suku kata ) saben sagatra.
  3. Guru lagu utawi dhong dhing yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra.

Tembang Pangkur iku kalebu salah sijine tembang macapat. Wondene paugeran utawi pathokan tembang pangkur yaiku :

  1. Guru gatra : ana 7 larik/baris
  2. Guru wilangan : 8,11,8,7,12,8,8.
  3. Guru lagu : a,i,u,a,u,a,i
  4. Watake tembang pangkur yaiku sereng,nesu,kejem, nantang.

SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR

Anggitanipun Kanjeng Sri Susuhunan Pakubuwana IV.

( Pada 1 )

Kang sekar pangkur winarna

lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

ala lan becik puniku

prayoga kawruhana

adat waton puniku dipun kadulu

Miwah ta ing tata karma

den kaesthi siyang ratri.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :

Piwulang kang  kaemot mawa tembang pangkur, prayogane kokmangerteni, bab pangabdian marang panguripan, bab apik lan ala perlu dimangerteni uga, perlu uga dimangerteni adat lan aturan, saben dinane aja padha nglalekake tata krama, awan lan bengi.

Terjemahan bebas basa Indonesia:

Nasihat ini dimuat dalam tembang pangkur, seyogyanya kamu memahami hakikat pengabdian bagi kehidupan, tentang baik dan buruk perlu kamu ketahui. Pahami pula adat dan aturan,serta siang malam jangan kau lupakan tata karma tersebut.

Tegese tembung :

  1. Sekar : tembang
  2. Winarna : rupane,wujude
  3. Lelabuhan : jasa,kabecikan,pengabdian
  4. Prayoga : luwih becik
  5. Kawruhana : ngertenana
  6. Adat : tata cara kang lumrah
  7. Waton :pathokan,paugeran
  8. Kadulu : dideleng,diweruh
  9. Miwah : lan,tur,meneh,karo
  10. Den kaesthi : maksud,karep,niyat,kang dituju
  11. Siyang ratri : awan wengi

( Pada 2 )

Deduga lawan prayoga

myang watara reringa aywa lali

ikuparabot satuhu,tan kena tininggala

tangi lungguh angadeg tuwin lumaku

angucap meneng myang nendra

duga-duga aja kari.

Terjemahan bebas mawa basa jawa :

Aja padha nglalekake, akeh sithik padha jubriya, amarga iki kabeh ora kena dilalekake,embuh iku nalika isih melek, lungguhan,tangi,turu,mlaku,meneng, ngomong,lan nalika turu, kabeh iku aja nganti nglalekake nalar lan pikiran .

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia:

Jangan kau lupakan pertimbangan tersebut,boleh sedikitcuriga karena hal itu merupakan keharusan yang tidak boleh kamu lupakan, baik ketika sedang terjaga,duduk,bangun,maupun berjalan,diam,berbicara,maupun tidur, jangan lupakan nalar dan pikiranmu.

Tegese tembung :

  1. Deduga : duga-duga,pangira
  2. Myang : menyang
  3. Watara : kira-kira
  4. Reringa : kanthi ngati-ati
  5. Aywa lali : aja lali
  6. Parabot : piranti, alat
  7. Satuhu : tenan,perlu
  8. Tan kena : ora kena
  9. Tininggala : ditinggal
  10. Nendra : turu

Wangsulana pitakon ing ngisor iki !

 

  1. Apa tegese tembung-tembung ing ngisor iki :
  • Sekar
  • Nendra
  • Parabot
  • Prayoga
  • Siyang ratri
  1. Serat Wulangreh iku anggitane sapa?
  2. Tembang macapat pangkur iku ana pirang gatra?
  3. Tulisen guru wilangan lan guru lagune tembang pangkur!
  4. Kepriye watake tembang pangkur?
2 thoughts on “Tembang Macapat “Pangkur””
  1. 1.*Sekar : tembang
    *Nendra:turu
    *parabot: piranti, alat
    *Prayoga: luwih becik
    *Siyang Ratri: awan wengi
    2.Sri Susuhunan paku buwana
    3.11gatra
    4.guru wilangan:8,11,8,7,12,8,8
    Guru lagu: a,i,u,a,u,a,i
    5.Watak tembang pankur nggambarake karakter ingkang gagah,Kuwat, perkasa, LAN jejeg atine

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!