Wonten nagari naminipun Kosala, dumunung ing kitha Ayodya. Ingkang jumeneng nata Prabu Dasarata. Sang Prabu kagungan garwa cacah tiga. Kaliyan Dewi Kosalya peputra Rama. Kaliyan Dewi Kekeyi peputra Barata. Dene kaliyan Dewi Sumitra peputra kembar, Lesmana tuwin Satrugna.
Prabu Dasarata sampun sepuh sanget. Sang Prabu arsa lereh kaprabon. Rama ginandhang-gadhang nggentosi kelenggahanipun ingkang rama. Ananging, Dewi Kekeyi boten narimakaken manawi Rama kawisudha minangka raja Ayodya. Garwa angka kalih punika ngersakaken Barata, putranipun ingkang jumeneng nata. Kanthi awrat ing manah, panyuwunipun Dewi Kekeyi dipunsembadani dening Prabu Dasarata. Wusananipun Rama kedah nglampahi gesang ing wana dangunipun 14 warsa.
Tindakipun Raden Rama kadherekaken ingkang garwa, Dewi Sinta, dalah Lesmana. Lampahipun dumugi ing wana Dhandaka. Ing papan punika, ketiganipun kepanggih Sarpakenaka, rayinipu Prabu Rahwana, raja Alengkadiraja. Sarpakenaka ingkang asipat raseksa wanodya punika kepencut kabagusaning Rama. Rama botan nglanggati. Sarpakenaka lajeng manggihi Lesmana. Lesmana babar pisan botan nggape piyambakipun. Sarpakenaka nesu, ngamuk. Lesmana boten kirang weweka. Raseksa wanodya, rayinipun Prabu Dasamuka, lajeng karumpung grananipun saha kaperung talinganipun. Piyambakipun lajeng ngadhep ingkang raka. Rakanipun karerepa murih malesaken wirangipun. Prabu Rahwana sagah. Lampahipun Prabu Dasamuka tumuju wana Dhandaka nitih kreta kencana ngambah jumantara kadherekaken Kala Marica.
Dumugi wana Dhandaka, Kala Marica ingkang asipat raseksa wewah wujud dados kidang kencana, kidang elok ing warni asisik emas endah ngelam-elami, ngengreg merak ati. Kidang rukmi nunten wira-wiri sacelaking papan dunungipun tiyang tetiga. Sinta sumerep kabregasaning kidang. Piyambakipun gawok, tuwuh prentuling manah kepingin ngingah kidang rukmi. Rama kasuwun nyepengaken kewan ingkang ngelam-elami saha memencut manah punika.
“Dhuh Raden, pangayoming jiwa-raga kula. Ing sangajenging netra wonten kidang kencana ingkang elok ing warni. Inggih nembe sapisan punika kula sumerep wujuding kidang ingkang ulesipun kencana. Mendah senenging manah kula menawi saged ngingah kidang punika minangka panglipuring manah ing salebeting wana ingkang bawera punika,” aturipun Putri Manthili.
“Yayi, salumahing bumi sakureping langit tan ana kang ngembari. Tresnane pun kakang marang sliramu tanpa pepindhan. Labuh tresnaku marang sliramu, saiki uga bakal dakwujudi pepenginanmu. Kidang kang kokarepake bakal dakcekel. Mula lilanana pun kakang linggar saka pakuwon,” ngandikanipun Raden Rama dhumateng ingkang garwa.
“Inggih, Kakangmas. Donga kula saking papan pasutapan tansah umiring tindak paduka,” aturipun Sinta sinarta esem ingkang ngujiwat.
“Ya, Yayi. Welinge pun kakang, aja pisan-pisan metu saka pagering pakuwon tanpa palilahku. Wis yayi, karia slamet,” ngandikanipun Raden Rama.
Kidang pinuntut wingking dening Raden Rama arsa kecepeng. Kidang nebih. Rama ngetut malih. Kidang mlajeng sangsaya tebih. Rama ngetog karosanipun kanthi nututi mlajeng. Danguning-dangu plajenging kidang tebih saking dununging pakuwon. Raden Rama suda kasabaranipun. Putra Ayodya punika lajeng menthag gendhewa nglepasaken jemparing. Kidang kepanah, kenging cumeprot. Sakala kidang njola, mbekik sarosanipun ngantos kapireng dening Sinta. Pambekiking kidang lamat-lamat kados pisambatipun Raden Rama. Dewi Sinta ndugi bilih Rama manggih katiwasan. Lesmana kapurih nglari purunging swanten. Kanthi gegancangan, Lesmana ngestokaken dhawuh. Samangke Sinta tanpa rowang.
Sumerep ingkang dipunener piyambakan, Rahwanaraja ingkang sampun dumugi sacaketing pakuwon, girang-girang gumujeng salebeting batos. Raja Alengkadiraja nunten mindha-mindha pandhita kesrakat ingkang ngelak saha luwe nyuwun boga-toya ing wiwaraning pager. Sinta welas dhateng kawontenaning pandhita memba-memba. Nalika ngulungaken omben saha tetedhan, tanganipun Sunta kageret dening pandhita memba-memba. Piyambakipun karudapeksa, kalebetaken kreta kencana mumbul nggegana. Badar wujuding pandhita dados Dasamuka, raja Alengkadireja, inggih rakanipun Sarpakenaka. Taksih njola-njola bangga, jelih-jelih asesambat, Sinta kadhusta dening raja raseksa kabekta dhateng Alengkadiraja.
Jathayu, kagendra, inggih rajaning peksi mitranipun Prabu Dasarata, mireng pisambatipun Sinta. Sareng sumerep anakipun mitranipun dipuncidra dening Rahwana, Jathayu tumunten nututi ngantariksa.
“He, Rahwanaraja! Balekna Dewi Sinta. Apa ora ngerti yen Sang Dewi iku garwane Raden Rama. Apa lekasing raja gung kang kaya mangkono iku pantes lamun tinulad dening para kawula? Mula, sadurunge kebacut, enggal ulungna Putri Manthili, dakpisungsungake maneh marang ngarsane Raden Rama…!” panguwuhipun Jathayu.
“Haaaa…., ha…, ha…! Dhasar manuk ora ngerti karepe wong gandrung. Ora prelu kowe ngandhani. Aku wis ngerti. Mula, becik kowe balia bae sadurunge dakpothel gulumu, daksempalsempal swiwimu, dakoklek-oklek sikilmu, dakjabuti wulumu!
“Minangka mitrane Prabu Dasarata, sapisan maneh dakelingake. Balekna Dewi Sinta apa Dasamuka tumekaning pralaya ?”
“E lhadalah, sapira banggane manuk. Majua leganing atiku!”
Jathayu bandayuda kaliyan Dasamuka. Dedreg udreg-udregan, silih-ungkih. Jathayu arsa ngrebat Sinta, nanging Dasamuka mambengi. Danguning-dangu Jathayu kalindhih. Swiwinipun sisih kering katrajang kridhaning Dasamuka. Sengkleh. Jathayu katelasan daya, katendhang kumleyang ing awang-awang, dhawah ing siti kejet-kejet klebekan.
Dhawahing Jathayu kapanggih Raden Rama kaliyan Lesmana. Jathayu suka katrangan manawi Sinta kadhusta dening Rahwanaraja. Kekalihipun nututi. Awit saking pambyantunipun Wanara Seta, nuwun inggih Anoman, Raden Rama dalah rayinipun kasil manggihaken dunungipun Dewi Sinta kasingidaken.
Rahwanaraja boten ngulungaken Dewi Sinta. Bandayuda tan kenging dipunendhani. Dasamuka kajemparing Brahmastra dening Raden Rama, njrebabah ing bantala, pralaya, tiwas, sirna marga layu. Rama kapanggih malih kaliyan pepujaning wardaya, Dewi Sinta.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *