Sasmitaning tembang macapat yaiku tetembungan kang dadi sasmita utawa pralambang arane tembang macapat.  Sasmitane tembang lumrahe ditulis ana ing gatra wiwitan. Dene yen ana ing gatra wekasan mratandhani arane tembang ing pupuh candhake.
Tuladha Sasmitaning Tembang Macapat :

  1. Pocung sasmitaning nganggo tembung wanda cung, upamane pinucung, amucung, bapak pucung,pucung,kaluwak kuncung,mlencung,kacung.
  2. Maskumambang nganggo tembung kang duweni teges kambang utawa mas upamane kentir, kombal-kambul, rukmi, kembeng-kembeng.
  3. Mijil nganggo tembung kang nduweni teges metu upamane miyos, pamiyos, metu, mijil,         kawijil,  wijiling, lair, raras ati, sulastri.
  4. Gambuh nganggo tembung kang awanda buh upamane jumbuh, wanuh, gambuh, embuh,        tambuh, imbuh, merong.
  5. Megatruh nganggo tembung pegat, duduk wuluh, truh, lsp.
  6. Kinanthi nganggo tembung kang duweni teges kanthi, gandheng, renteng, kanthen asta
  7. Pangkur nganggo tembung wanda kur utawa nduweni teges mburi kayata : wuntat (kawuntat),   kawuri, yuda kenaka, mungkur, ngukur, nganggur.
  8. Asmaradana nganggo tembung kang ndhuweni teges kasmaran upamane asmara, kingkin,        kasmaran, gandrung, wuyung, branta.
  9. Durma nganggo tembung dur upamane mundur, udur, ngedur, andurma
  10. Sinom nganggo tembung kang duweni watak enom upamane sinom, anom, mudha, taruna,      roning kamal, weni, lsp.
  11. Dhandhanggula nganggo tembung sarkara, artati, gula, madu, manis, gula drawa, dhandhang  (kaga kresna), gendhis.
     
Tuladha Sasmitaning Tembang Macapat ana ing ukara utawa tetembungan :
  1. Tan ana kang mingkur saking palungguhan : Sasmitaning tembang pangkur.
  2. Ing sarkara sasmitaning aji : Sasmitaning tembang dhandhanggula.
  3. Sang pinanganten kinanthen astane : Sasmitaning tembang kinanthi.
  4. Gesangipun kedya baita kumambang ing samodra : Sasmitaning tembang maskumambang.
  5. Sang Banowati kasmaran mring Permadi : Sasmitaning tembang asmaradana.
  6. Ayo padha nembang sinambi muthiki roning kamal : Sasmitane tembang sinom
  7. Padha tembangan madu manis upamane : Sasmitane tembang dhandhanggula
  8. Ayo padha dikanthi menyang taman kaputren.: Sasmitane tembang kinanthi
  9. Rama Semar wis mungkur, ayo padha tetembangan.: Sasmitane tembang pangkur.
  10. Jumbuh karo kahanane kang nyenengake ayo padha tetembangan : Sasmitaning tembang gambuh.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!