Seselan yaiku wuwuhan utawa imbuhan sing manggon ana ing tengah tembung. salah sijine seselan yaiku seselan -in.
Tuladha :
- Tembung : sebut yen oleh seselan -in dadi : sebut + -in : sinebut.
- Tembung : gambar yen oleh seselan -in dadi : ginambar.
- Tembung : sawang yen oleh seselan -in dadi : sinawang.
- Tembung : garis yen oleh seselan -in dadi : ginaris.
- Tembung : obong yen oleh seselan -in dadi ingobong.
Tembung – tembung ing ngisor iki wenehana seselan -in lan dadi tembung apa? garapen kaya tuladha ing dhuwur !
- Tulis
- Sambung
- Lambaran
- Gayuh
- Buka
- Cathet
- Jejer
- Rangkul
- Kempit
- Reka