Serat Wulangreh iku Anggitanipun Kanjeng Sri Susuhunan Pakubuwana IV.

01

Pamedare wasitaning ati, cumanthaka aniru Pujangga, dhahat mudha ing batine, nanging kedah ginunggung, datan wruh yen keh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padhanging sasmita.

Terjemahan bebas mawa basa jawa:

Nasehat utawa petuah iki kawiwitan saka niat niru kaya dene pujangga kang wis kawentar (terkenal), ing mangka aku dhewe ora ngerti apa-apa/ bodho, ananging iku kabeh dilakoni amarga penging dialem dening wong liya. Ora ngertia, ing tembe mburi akeh kang padha maido/ngundhat-ngundhat amarga kabeh iku dumadi jalaran meksa awake dhewe (memaksakan diri) kang sejatine durung kuwat nglakoni, mulane anggone ngripta,nasehat mau kanthi basa kang ora becik. Kabeh iku mau kagae kanthi rasa sabar saengga dadi nasehat kang cetha.

Terjemahan bebas mawa Bahasa Indonesia :

Uraian nasihat ini bermula dari kelancangan hati berniat meniru para pujangga, padahal (aku) sangatlah bodoh. Tetapi karena ingin disanjung, tidak tahu jika kelak banyak yang mencibir. Memaksakan diri untuk menciptakan, (meski) dengan bahasa yang kacau balau bahkan tersia-sia, namun (hal ini) kususun dengan teliti dan sabar, semoga isyarat ini menjadi jelas.

Tegese Tembung :

  1. Pamedhare : wedhar, wetu; lair; blaka,kawetune, kelaire (ungkapan)
  2. Wasita : pitutur,wewarah,kandha
  3. Dhahat : banget
  4. Cumanthaka : kurang duga,kumawani
  5. Ginunggung : dibombong,dialem
  6. Ngesemi : nyepelekke, nyemoni, ngece
  7. Angrumpaka : nggawe, ngrakit, ngarang
  8. Tutur : omong, kandha, wewarah, nasihat
  9. Ririh : lirih, alon
  10. Sasmita : lambang, tandha, isyarat

 

02

Sasmitaning ngaurip puniki, apan ewuh yen nora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.

Terjemahan bebas mawa basa jawa

Tandha utawa pralambanging urip/ajaran nora bias dipahami yen sliramu ora ngerti pralambang/ajaran mau. Wong kang kaya mangkono, urip lan batine ora tentrem. Akeh wong padhang aku-aku yen wis padha dong, mandheg pralambang/ajaran iku mau, nanging sejatine durung dhong amarga durung nduweni rasa pangrasa kang sejati. Mulane dadi wong supaya mangerteni nilai rasa pangrasakang sejati supaya sampurna uripe.

Terjemahan bebas mawa Bahasa Indonesia :

Isyarat dalam kehidupan ini, tidak mungkin kau pahami jika kau tak mengetahuinya, tidak akan memiliki ketenangan dalam hidupnya. Banyak yang mengaku dirinya sudah memahami isyarat (dalam hidup), padahal belum mengolah rasa, inti dari rasa yang sesunguhnya. Oleh karena itu, berusahalah (memahami makna rasa itu), agar sempurna hidupmu.

Tegese Tembung :

  1. Apan : awit,arep,bakal
  2. Ewuh : angel,repot
  3. Tan : tanpa,ora
  4. Jumeneng : ngadeg,madeg
  5. Udani : weruh,ngerti
  6. Satuhu : nyata,tenan,tenan
  7. Upayanen : nggoleka,mbudidaya
  8. Darapon : supaya
  9. Kauripanira : uripmu,panguripanmu

03

Jroning Kur’an nggonira sayekti, nanging ta pilih ingkang uninga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, temah sasar-susur, yen sira ayun waskita, sampurnane ing badanira, punika sira anggegurua.

Terjemahan bebas mawa basa jawa:

Manawa arep golek prakara kang bener iku dumunung ing alquran, nanging ora kabeh wong bias paham marang isine, mung wong-wong tartamtu sing dhong amarga wis oleh pituduh saka Gusti. Bebener ing sajroning lambang utawa isarat ora bias nandingi bebenering sajroning alquran, iku kabeh aja dicampur adhuk. Kudu di pilah-pilah, endi sing sumbere saka isarat/lambang, e di kang sumbere saka alquran. Manawa kekarone dicampur, mulane 0ra ana titik temune. Mulane, yen sliramu kepingin golek kasampurnaning urip, mula kudu maguru/golek ngelmu.

Terjemahan bebas mawa Bahasa Indonesia :

Di dalam Al-Quran tempatmu mencari kebenaran sejati, hanya yang terpilih yang akan memahaminya ,kecuali atas petunjuk-Nya. Tiadk boleh dicampur-adukan, tak mungkin kau temukan (kebenaran isyarat), bahakan kau semakin tersesat. Jika kau menghendaki kesempurnaan dalam dirimu, maka bergurulah.

Tegese Tembung :

  1. Sayekti : bener tenan,nyata
  2. Uninga : weruh,ngerti,paham
  3. Lawan,lan,karo
  4. Tuduhe : pituduh,pitutur,nasihat
  5. Satemah : sabanjure,banjur
  6. Sasar-susur : ora ngerti tujuane,parane
  7. Ayun : arep,arsa
  8. Waskitha : awas,ngerti,paham
  9. Badanireki : awakmu iki
  10. Anggegurua : megurua, nggoleka ilmu

04

Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang ngirangi, sukur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.

Terjemahan bebas mawa basa jawa:

Yen sliramu merguru/golek guru, pilihen guru kang bener, tegese ora sembarang guru, yaiku guru kang dhuwur martabate, sregep ngibadah lan manembah marang gusti. Becik maneh yen oleh wong ahli tapa/seneng ngurangi mangan lan ngombe kang wong iku mau ora seneng ngarep-arep piwalesing liyan, wong kang kaya mangkono pantes guron ana lan tirunen.

Terjemahan bebas mawa Bahasa Indonesia :

Meskipun begitu, jika engkau berguru, Nak. Pilihlah guru yang sebenarnya, tinggi martabatnya, memahami hukum, dan rajin beribadah. Syukur-syukurjika kau temukan seorang pertapa yang tekun dan tidak mengharapkan imbalan orang lain, dia pantas kau gurui. Serta ketahuilah.

Tegese Tembung :

  1. Becik : apik,utama
  2. Martabate : drajate,kalungguhane
  3. Kukum : hokum,aturan,tatanan.
  4. Ngirangi : nyuda,nahan,meper
  5. Tapa : nglakoni mati raga, ngedohi kasenengan donya.
  6. Amungkul : ndhingkluk,ora keguh/ora pengin.
  7. Pawewehing : weh-wehane,wenehane
  8. Kaki : sesebutane anak lanang,angger,le/thole
  9. Sartane : karo meneh
  10. Kawruhana : ngertia,ngertenana

05

Lamun ana wong micareng ngelmi, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang, prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, myang kiyase papat iku salah siji, anaa kang mupakat.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Nalika wong golek ngelmu kudu nggatekake patang prakara, yaiku dalil, kadis, ijmak, lan kiyas. Manawa ngelmu iku ora jumbuh/cocog karo patang prakara kasebut, aja dianggep wis bener. Mulane pilihen kang bener aja grusa-grusu. Pilihen ngelmu kang bener lan ana mupangate.

Terjemahan bebas mawa Bahasa Indonesia :

Jika seseorang berbicara tentang ilmu, tetapi tidak sesuai dengan empat hal, janganlah engkau terlalu cepat menganggap benar adanya. Saringlah agar bening dan ukurlah dengan empat hal, yaitu dalil, hadis, ijmak, dan kiyas. Salah satu dari keempat hal itu harus ada yang sesuai.

Tegese Tembung :

  1. Lamun : yen,menawa
  2. Ngelmi : ilmu,kawruh,pengetahuan
  3. Mupakat : setuju,cocok,mathuk
  4. Age-age : enggal-enggal,gelis,cepet
  5. Dipun baresih :diresiki
  6. Limbangen : timbangen,bandhingna,pilihen
  7. Rumuhun : dhisik/mbiyen
  8. Dalil : katerangan minangka bukti bab kang bener adhedhasar ayat Alquran
  9. Ijemak : cocoke panemune para ahli agama/ulama
  10. Kiyase : cocoking nalar karo tetimbangan aturan agama

06

Nora kena lamun den antepi, yen ucula sing patang prakara, nora enak legetane, tan wurung ningal wektu, panganggepe wus angengkoki, nora kudu sembahyang, wus salat katengsun, banjure mbuwang sarengat, batal karam nora nganggo den singgahi, bubrah sakehing tata.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Manawa ngelmu kang ditampa ora jumbuh karo patang prakara kasebut, prayoga ora usah ditampa. Manungsa aja nganti lali manembah marang Gusti amarga iku kuwajibaning manungsa, amarga Manawa nganti ora manembah marang Gusti, wusana bakal ninggalke syariat/aturan/kukum agama, saengga ora kenal endi kang kalal lan endi kang karam. Yen manungsa ninggalke aturan/kukum mau, wusana bakal rusak uripe.

Terjemahan bebas mawa Bahasa Indonesia :

Tidak boleh kau terima (isyarat) jika lepas dari empat hal tadi, karena biasanya tidak baik. (kau akan) merasa sudah menjalankan ‘laku’ sehingga yidak harus sembahyang, akhirnya meninggalkan syariat, tidak perlu tahu mana yang haram dan batal. Hal itu akan merusak aturan.

Tegese Tembung :

  1. Den antepi : diaboti (digugu)
  2. Legetane : watake,pepinginane
  3. Wurung : ora sida,ora dadi
  4. Angengkoki : ngebot-boti,ngrendheti
  5. Sarengat : aturan agama
  6. Batal : ora kanggo,gagl,wurung
  7. Karam : ora kena dilakoni,larangan
  8. Densinggahi : disingkiri,didohi
  9. Bubrah : rusak
  10. Sakehing : saakehe,sakabehe

07

Angel temen ing jaman mangkin, ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong njaja ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing panggawene sarak, den arani luput, nanging iya sasenengan, nora kena den uwor kareping janmi, papancene priyangga.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Angel banget golek wong sing patut ditiru lan diguroni ing jaman saiki. Akeh tuladhane wong kang tawa-tawa ngelmune nanging arang kang gelem marang ngelmu mau. Malah ana maneh wong kang nglakoni ngelmu mau kanthi bener jumbuh karo pranatan (aturan), nanging malah dianggep luput. Saben wong duwe penganggep/tafsiran dhewe-dhewe. Kabeh iku ora kena dianggep padha dening manungsa siji lan sijine. Dadi ora kena digebyah uyah padha asine.

Terjemahan bebas mawa Bahasa Indonesia :

Memang sulit mencari seseorang yang patut kau gurui di zaman ini. Banyak yang menjajakan ilmu tetapi jarang yang mengikutinya. Jika seseorang berilmu dan menjalankan lakunya dengan benar, malah  dianggap salah. Namun itu hak masing-masing, tidak boleh kau samakan keinginan orang, masing-masing memiliki perbedaan.

Tegese Tembung :

  1. Samangkin : saiki
  2. (n)jaja : ider,ngiderake
  3. Netepi : nuhoni,ngantepi,ngajegake
  4. Sarak : pranataning agaman.
  5. Luput : salah
  6. Pepancene : bageane,jatahe
  7. Priyangga : awake dhewe

08

Ingkang lumrah ing mangsa puniki, apan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik tingale, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang padha ngupaya, kudu anggeguru, samengko iki tan nora, Kyai Guru naruthuk ngupaya murid, dadiya kanthinira.

Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

Ing jaman saiki, wis dadi padatan, guru sing goleki murid, beda ing jaman biyen, murid kang goleki guru. Pancen kaprungu saru wong guru goleki murid. Nanging kabeh iku mau pancen mangkono amarga kagawa wolak-walike jaman. Kabeh iku kanggo cekelan wong ngangsu ngelmu (sabanjure pituduh mau bakal kaemot ing tembang candhake yaiku tembang Kinanthi)

Terjemahan bebas mawa Bahasa Indonesia :

Yang biasa terjadi pada masa kini adalah guru yang mencari murid, itu tampak sangat ironis dengan kebiasaan yang terjadi di masa lalu. Zaman dulu murid yang berusaha mencari dan harus berguru, sekarang tidak begitu, malah guru yang ke sana ke mari mencari murid. Jadikan sebagai pengangan (kanthinira merupakan isyarat pola tembang berikutnya, yaitu Kinanthi).

Tegese Tembung :

  1. Lumrah : umum
  2. Mapan : manggon,jer,awit
  3. Sabat : murid
  4. Tuhu : nyata,temen
  5. Kuna : biyen
  6. Karuhun : dhisik
  7. Naruthuk : lunga mrana-mrana
  8. Ngupaya : nggolek
  9. Kanthinira : kancamu, baturmu; uga dadi sasmitane tembang Kinanthi ing pupuh candhake

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Don`t copy text!